Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 213 (God’s Wrath)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
C - KUTBAHĚ SANG KRISTUS ANA ING GUNUNG ZAITUN (Matéus 24:1-25:46) -- KUMPULAN KEAPING ENEM SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

4. Bebenduné Gusti Allah ditibakaké marang Manungsa (Matéus 24:6-8)


MATÉUS 24:6-8
6 Kowé bakal krungu swaraning perang utawa kabar-kabar bab perang. Nanging diawas, aja padha kagét, sabab iki kudu kalakon, ewadené iku durung wekasané. 7 Sabab bangsa bakal nglawan bangsa, krajan nglawan krajan. Bakal ana pailan lan lindhu ing pirang-pirang panggonan. 8 Nanging iku kabéh mung lagi wiwitaning sangsara ngarepaké jaman anyar.

Pitutur kang penting dhéwé kang diparingaké Sang Kristus marang para murid ing jaman pungkasan iki yaiku, “Sing waspada supaya aja ana wong kang nyasaraké kowé”. Para murid wis nyuwun pirsa marang gusti gegayutan tandha-tandha rawuhé Panjenengané kang kaping pindh kanthi mangkono para murid bisa ngreti Panjenengané nalika Panjenengané rawuh. Gusti Yésus ora kanthi langsung paring wangsulan marang para murid nanging nuduhaké marang para murid bebaya kang gedhé yén para murid bisa kelangan nyawané lan digeret marang sajroné urip kang kesasar.

Si pengawak dursila, sakwisé nyemeri budaya manungsa lumantar para Sang Mesihé kang palsu bakal agawé kabéh bangsa mlebu ing sajroné pancoban lan pepérangan. Sétan duwé kekarepan supaya manungsa lali marang kang nitahaké lan kasilep ing sajroné segara prekarané kaya Petrus kasilep nalika dhéwéké ngalihaké panyawangé marang Sang Kristus. Petrus nyawang ombak kang dhuwur kang nempuh dhéwéké lan ora nyawang marang Sang Kristus. Aja wedi lan geter, awit Sang Kristus gesang! Panjenengané wungu saka séda, lan Panjenengané bakal nganthi panjenengan saben dina, nylametaké panjenengan, ngangkat panjenengan, lan ngayomi panjenengané. Panjenengané bakal mitulungi panjenengan ing sajroné rasa wedi panjenengan, kepiyé waé kahanan kang ana, awit ora bakal ana rasa wedi ing sajroné katresnan ( I Yokanan 4:18-21)

Aja gumun marang pangandikané Sang Kristus yén papat panandhang (perang, kurang pangan, wabah, lan lindu) mesti bakal kelakon. Kabéh iku bakal kelakon malah senajana para nabi palsu lan para pemimpin gumunggung mratélakaké ana katentreman. Ombaking karusakan bakal kelakon atas jagat iki, awit manungsa wis dadi gumunggung, pracaya marang gegayuhan – gegayuhané dhéwé, nyepelekaké Kang Nitahaké, lan tumindak jina uga kabéh dosa kang njemberi liyané. Ing jaman iki, aku yakin yén kita lagi urip ing mangsa wiwitan saka pengadilan Allah, nanging sapa kang gelem ngrungokake? Lan sapa kang gelem mratobat awit Injil?

Manawa panjenengan kersa leladi tentrem rahayu kanggo bangsa panjenengan, sowana marang Gusti lan wartakna Sang Kristus, awit Panjenengané iku siji-sijiné dalan marang tentrem rahayu karo Gusti Allah lan ing antarané manungsa.

Gusti Yésus ngelingaké marang kita gegayutan roh pambalela kang katon ing sajroné ngrebut kalungguhan kang kelakon ing antarané para bangsa. Roh pambalela, ora mbangun turut, lan rasa sengit wis dadi watonan kang nuntun akéh wong enom ing jaman saiki. Ya iki kang kita waca ing sajroné buku-buku kang ndudut ati kang ngegungaké gagasan iku nanging mung bakal ndudut atiné wong akéh marang kacilakan langgenge.

Luwih manéh, wong padha kaliren katon lan mekar ing jagat iki. Kang dadi sebabé akéh prekara, nanging kabéh-kabéh mau landhesan gegayutan karo anggoné manungsa dosa. PBB wis nyethakaké yén puluhan yuta manungsa bakal mati saben tahun awit penyakit kang sabeneré bisa dicegah kanthi gampang lan awit saka kaliren. Akéh kang cilaka tanpa wanuh Gusti Allah. Iki awit akéh wong pracaya cekelan marang panguripan kang kepenak lan meneng waé. Wong-wong pracaya katoné ora duwé sih kawelasan kanggo negara kang berkembang lan ora gelem ngedum berkah karo wong-wong babagan katentreman lan pawarta Injil.

Apa panjenengan bakal éram manawa jagat gemeter lan goncang-ganjing ing tengahé patrap mentingaké awaké dehwe, anggoné ora pracaya, lan patrap jember kang tambah ora karu-karuwan? Kang dadi jalaran lindu bisa dimangérténi kanthi ilmiah. Ana pérangan kang obah ing lapisan bumi, gawé pandhesek kang ngedap-edapi kang dadi jalaran lemah sigar lan obah. Nanging kanthi cara kasukman, alesan utama saka bebenduné Gusti Allah yaiku patrap mentingaké awaké dhéwé, nglegakaké hawa nepsu dhéwé, ora ana katresnan. lan mundhaké wulangan atheis kang dilandhesi marang akéh patrap ora bener lan patrap tumindak kang ora adil.

Angggoné ngakoni babagan anané Gusti Allah kang mantep, kang kagungan panguwasa atas kabéh kahanan, kuduné ménéhi panglipuran lan nentremaké roh kita, apa waé kang kelakon. Gusti Allah lagi nindakaké apa kang ditetepaké kanggo kita. Ayo kita, awit saka iku, nampa karsané Gusti Allah, awit “kabéh iku kudu kelakon”, minangka cara kanggo luwih njembaraké tujuwan Gusti Allah. Wangunan kang lawas kudu dijugrugaké (senajan prekara iku ora bisa ditindakaké tanpa gegeran, lebu lan mbebayani), sadurungé wangunan kang anyar diedegake. “owah-owahané samubarang kang bisa digonjingaké, kaya apa kang katitahaké supaya tetapa samubarang kang ora bisa gonjing” (Ibrani 12:27). Golékana Gusti supaya panjenengan urip. Wartakané Injil kanthi wicaksana kanthi mengkono panguwasa katresnan Allah bakal nganthi panjenengané. Bakal cilaka jagat iki tanpa Injil! Awit para bangsa bakal untal kinuntalan kaya asu ajag kang rakus. Emané para bangsa mau luwih mengini lenga tinimbang Sang Roh Suci.

PANDONGA: Rama, Paduka apunten kawula gegayutan patrap kawula ingkang mentingaké badan piyambak, lan Paduka dadosaken kawula ingkang mbeta katentreman kanthi martakaké salib Putra Paduka. Paringi sih kawelasan kawula kanthi makaten kawula saget nglegakaké tiyang-tiyang ingkang luwe kanthi berkah Paduka, nuntun malih sedhérék-sedhérék ingkang kesasar kanthi sunar Paduka, lan nglipur sedhérék-sedhérék ingkang mlarat. Paduka jangkung kawula saking para tiyang apus-apus, awit Paduka menika satunggal-satunggalipun Pribadi ingkang saget nylametaken kawula saking sadaya dosa kawula. Kawula saéstu-estu mbetahaken putra Paduka, satunggal –tunggalipun Juru wilujeng ing tengah-tengah panganiaya menika.

PITAKONAN

  1. Apa ta bebaya gedhé kang ngancam manungsa?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 07:00 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)