Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 214 (They Will Deliver You up to Tribulation)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
C - KUTBAHĚ SANG KRISTUS ANA ING GUNUNG ZAITUN (Matéus 24:1-25:46) -- KUMPULAN KEAPING ENEM SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

5. Kowé Bakal Dipasrahaké Supaya Disiksa (Matéus 24:9-14)


MATÉUS 24:9-11
9 Ing nalika iku kowé bakal dipasrahaké supaya disiksa lan kowé bakal dipateni sarta bakal disengiti déning sakabéhing bangsa marga saska jenengKu. 10 Ing kono bakal akéh wong kang murtad sarta padha ulung-ingulungaké lan senit-sinegitan. 11 Lan manéh bakal akéh nabi palsu kang muncul lan nasaraké wong pirang-pirang.
(Matéus 10:21-22, Yokanan 16:2, 2 Petrus 2:1, 1 Yokanan 4:1).

Sang Kristus ngirim tentrem rahayu Panjenengané marang para bangsa, kutha-kutha, ndesa-ndesa lan ana ngendi manungsa iku mapan. Wong-wong kang pracaya marang Panjenengané bakal mretobat, nampa pangapura lan wulangan Sang Kristus, lumaku ing sajroné kemurnian ing sajroné panguwasa Sang Roh suci, lan dadi padhang kang sumunar ing sajroné pepeteng. Wong-wong kang kang ora pracaya marang Allah, malah pracaya marang dhuwit, utawa panguwasa, utawa tindak cemer, lan nampik pamratobat kang sabeneré bakal cekelan marang kabecikan pribadiné waé. Anggoné nampik kabecikan Gusti allah iki bakal kanthi cara saka sithik mangkotaké wong-wong iku marang keselametan saka Injil. Wong-wong mau sengit marang padhang, ora seneng marang utusan-utusan Sang Kristus, lan mateni wong-wong kang gelem leladi marang awaké ing mangsa kangelan lan kasusahan. Roh Sétan iki bakal tansah lumawan Gusti Allah lan wong-wong kang dilahiraké saka Sang Roh Allah.

Ing pungkasan jaman, bakal ana undhak-undhakané rasa sengit marang Sang Kristus. Para panguwasa bakal ménéhi paukuman para pandhérék Panjenengané lan nganggep para pandhérék Sang Kristus tanggung jawab atas kasusahan jagat, wong-wong Kristen bakal disengiti déning kabéh bangsa nalika si pengawak dursila mbudidaya ngejur para pandhérék Sang Kristus nganti enték. Aja gumun. Senajana gusti Allah nuduhaké panguwasa lan katresnan Panjenengané lumantar panjenengan ing sajroné jagat kang kebak rasa sengit, panjenengan bakal disengiti déning para satru salib. Sang Kristus nawakaké gegayutan karo Kang Nitahaké, lan panguripan langgeng, nanging kita ora diwenehi prasetya babagan anané panguripan kang kepenak ing sajroné jagat iki. Nanging ing tengah kabéh coban jagat iki Panjenengané paring prasetya marang panjenengan tentrem rahayu, karawuhané lan kabungahan Panjenengané.

Mangsa-mangsa panganiaya iku mangsa-mangsa anemokake. Nalika dadi wong Kristen wiwit kudu mbayar larang, ‘akéh kang bakal murtad’ lan tiba saka imané. Wong-wong bakal wiwit padha gawé padudon apa kang mauné diyakini, terus disepelekaké, wiwit kemba, lan sebanjuré dilawan dhéwé. Asu ajak kang nganggo wulu wedus gembel sebanjuré bakal mbuwang kabéh entha-entané lan ngatonaké awaké dikaya apa anané.

Pengalaman kang getir yaiku nalika ana patrap nyingkur saka sedulur-sedulur. Rasa sengit jagat marang para utusan Kristus banget bisa dimangérténi, nanging paseksen palsu saka sedulur-sedulur banget déning nglarani. Aja tahu nyengiti sedulur-sedulur malah saupama sedulurmu iku nampik panjenengan, awit sedulurmu iku wis tiba dadi korban apus-apus saka Iblis. Ndedongaa kanggo para seulur iku, tresnani, lan sabara marang sedulur-sedulur kaya sang Kristus sabar marang Yudas, kang mbalale marang Panjenengané nganti pungkasané kanthi ngandika, “Hé kanca, kanggo iku ta kowé teka?”

Padha-padha kepéngin duwé daya pengaruh lan rasa wedi kang ala iku lumantar apus-apus kang disebaraké déning para Si pangawak apus-apus kang martakaké Injil palsu, mikut wong akéh kanthi janji kasugihan. Kang liyané nyurung wong-wong mursid supaya mlebei ing sajroné kasucén palsu kanthi cara nindakaké paugeran kang nglarang mangan, ngombe lan nganggo sandhangan tartamtu. Kabéh wong kang nulis lan filsuf kang nyelaki katresnan Allah kang dipratélakaké déning Sang Kristus ing kayu salib iku para wong apus-apus, awit ora ana panebusan kajaba ing sajroné Panjenengané kang disalib iku. Perlu di dadar saben roh, lan aja masrahaké awak panjenengan marang para nabi utawa wong-wong kandha wong kang nganyaraké ngendi waé, kajawa kang ngluhuraké Sang Kristus.

PANDONGA: Pangéran ingkang kebak katresnan, kados menapa kawula nandhang sangsara saking nempuhing pengadhilan Paduka dhumateng sedhérék-sedhérék kang mboten mbangun turut lan mboten pitados ingkang Paduka kersakaké kanggo Paduka sihi lan Paduka tebus. Sedhérék-sedhérék mboten wanuh kayektosan Paduka lan mboten purun nampi Paduka. Paduka apunten sedhérék-sedhérék lan ugi kula. Paduka utus kawula dhateng sedherek-sedhérék menika lan tuntun kawula supados mratélakaken Injil Paduka kanthi kawicaksanan lan wicaksana kanthi makaten sedherek-sedherek purun mratobat dhumateng Paduka. Paduka tulungi kawula supados kawula mboten ajrih dhumateng nempuhipun bebendu Paduka dhumateng sedhérék-sedhérék dosa ingkang mboten mbangun turut, lan terus nyebaraken kawilujengan Paduka dhumateng sadaya sedhérék ingkang mratobat lan pitados dhumateng katresnan Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa kang dadi jalaran panganiaya lan patrap nampak saka sedulur-sedulur ing dina pungkasan?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 07:02 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)