Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 212 (Take Heed that no One Deceives You)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
C - KUTBAHĚ SANG KRISTUS ANA ING GUNUNG ZAITUN (Matéus 24:1-25:46) -- KUMPULAN KEAPING ENEM SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

3. Sing Waspada Supaya Aja Ana Wong Kang Nyasaraké Kowé (Matéus 24:4-5)


MATÉUS 24:4-5
4 Paring wangsulané Gusti: “Padha diawas, aja nganti kowé disasaraké ing wong! 5 Amarga akéh wong kang bakal teka nganggo jenengKu lan calathu: Aku iki Sang Kristus, sarta bakal nasaraké wong akéh”.
(Yokanan 5:43, 8:44, 1 Yokanan 2:18-25)

Para murid wis nyuwun pirsa gegayutan pameca Panjenengané “Kapan prekawis menika dumados?” (ayat 3). Sang Kristus ora maringi jawaban marang para murid babagan gunggungé dina utawa tahun nganti prekara iku dumadi, kanthi ngandika yén para murid ora prelu ngerti mangsa lan wektuné. Nanging para murid uga nyuwun pirsa, “Selajengipun menapa ingkang dados tandha-tandhanipun?” Pitakonan iku dijawab sawutuhe, awit kita pancen prelu ngerti tandha-tandha jaman. Sang Kristus uga wis ngelingaké para murid Panjenengané gegayutan coban lan anggoné wong-wong murtad kang kelakon dina kang bakal teka. Iblis iku satru Allah, kang karo para nabi palsu lan para Mesih palsu, mbudidaya misahaké kabéh manungsa saka kang nitahaké dhéwéke.

Iblis senget marang Gusti Allah lan Sang Kristus. Iblis iku ngalimputi kabéh wong kang ora ndhérék gusti Yésus karo anggoné ora mbangun turut lan roh kang lumawan. Si pangawak dursila iku mbudidaya nyegah wong-wong mau mlebu ing sajroné Kratoné Allah, dadi iblis angwisiki ing sajroné pikirané kanthi pikiran-pikiran kang nggumunaké, lan nuntun wong-wong mau marang laku dosa, ngyakinaké wong-wong mau yén wong-wong mau bisa nebus donya kanthi kabisané dhéwé. Awit saka iku. wong-wong mau nampik mratobat, duwé pikiran yén awaké ora mbutuhaké pamratobat lan kaanyarake. Kaculikané Iblis agawé wong-wong mau pracaya marang kabecikané dhéwé, utawa marang sawijining prekara kang katon waé, kaya ilmu pengetahuan lan teknologi.

Kekarepan kang penting dhéwé ing sajroné wong-wong pracaya kuduné dudu kanggo ngreti mangsa tembe, nanging supaya kalimputan Sang Roh Allah kanthi mangkono bisa ngedohi patrap cemer. Sang Roh Gusti nitahaké ing sajroné awak kita pamratobat, iman, andhap asor lan tentrem rahayu. Nanging roh Iblis mratélakae awaké ing sajroné jinis-jinis, gumunggung, luwih pracaya marang awak dhéwé tinimbang marang Gusti Allah, sengit marang wong liya, ngapusi, cemer, pangigit-igit, panalangsa, piwales. Sawetara saka woh roh iblis kang ngrusak dhéwé dideleng saka laku lamis, ing ngendi sawetara wong laku lamis katon becik senajan atiné kebak karo piala.

Panjenengan gatekaké daya pengaruh iblis nalika ndadar ing maneka jinis, filsafat agama, lan kaprecayan. Pendadaran mengkono iku nawakaké yén manungsa bisa mbangun suwarga dhéwé lumantar kayekténé dhéwé lan tumindak becik, mula panjenengan bisa ngreti yén prekara iku asale saka Sang Mesih palsu. Aja nganut wong-wong iku, nanging panjenengan pirsani kayu salib ing kana kita ndeleng bukti yén kabéh manungsa ikbu dosa lan mbutuhaké Juru slamet. Kita ora bisa nylametaké badan kita dhéwé saka hakikat kamanungsan kita nganggo kekuwatan kita dhéwé. Aja sumendhé marang para pemimpin jagat, awit Gusti Yésus wis nylametaken panjenengan. Panjenengané bakal rawuh ing mega kang padhang jingglang, nganggo kamulyan kang agung, lan panjennegan bakal mirsani tipak paku ing asta Panjenengané. Aja ngrungokaké pemimpin agama sapa waé kang ora nuntun marang Putra Allah kang wis disalibaké iku, awit ing sajroné Panjenengané waé ana pengarep-arep kita.

PANDONGA: Sang Rama, Sang Putra saha Sang Roh Suci, gusti Allah ingkang tunggal lan satunggal-satunggalipun, kawula ngluhuraken Paduka lan abingah-bingah awit Sang Kristus sampun milujengaké kawula lan Sang Roh Suci nglipur kawula. Paduka ngemutaken kawula babagan pancoban lan wucalan ingkang nyasar, ingkang ngapusi, lan nyukani daya kawula bakoh ing salebetipun gusti Yésus, Juru wilujeng kawula. Paringana kawula ganjaran saget mbedakaken kanthi makaten kawula mboten anut dhumateng nabi palsu lan nilaraken Sang Kristus. Nanging, Paduka menika Suci lan kudus. Paduka kersa nyucékaké pikiran kawula, tembung lan tumindak kawula kanthi makaten Sang Rama lan Sang Putra saget kaluhuraken lumantar tumindak kayektén ingkang dipun paringaké dhumateng kawula lumantar sih rahmat.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé Sang Kristus ora kersa paring wangsulan pitakonané para pandhérék Panjenengané gegayutan kapan rawuhé Panjenengané kang kapindho?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on August 04, 2023, at 03:58 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)