Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 211 (The Disciples’ Questions)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
C - KUTBAHĚ SANG KRISTUS ANA ING GUNUNG ZAITUN (Matéus 24:1-25:46) -- KUMPULAN KEAPING ENEM SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

2. Pitakonan-Pitakonané Para Murid (Matéus 24:3)


MATÉUS 24:3
3 Bareng Gusti Yésus lenggah ing gunung Zaitun, para sakabat padha ngadhep ing ngarsané piyambakan lan matur: “Gusti, mugi karsaa paring sumerep dhateng kawula sadaya, benjing punapa badhé kalampahanipun punika, sarta punapa tanda-tandhanipun rawuh Paduka saha dinten wekasan?
(Kisah Para Rasul 1:6-8).

Ing tindaké Gusti Yésus bebarengan para murid menyang gunung Zaitun, para murid gumun amarga saka kaagungan Pedaleman suci. Nanging, Sang Kristus, mirsani yén Pedaleman suci iku kothong lan bakal ajur awit dosa-dosané bangsa Panjenengané. Pangandikané Panjenengané nyirnakaké pangarep-arep kang tuwuh ing sajroné para pandhérék Panjenengané. Rancangan katresnan Allah ora mapan marang wangunan kang digawé saka semén lan wesi, kang kalapir karo emas, lan kebak obongan menyan, nanging Pedaleman Kasukman kang diwangun saka “watu-watu kang urip”. Pedaleman Panjenengané dibangun déning wong-wong parcaya kang kalimputan déning Sang Roh suci, kang leladi Gusti Allah ing sajroné jagat kang cemer. Apa panjenengan wis dadi watu kang urip ing sajroné pedaleman Allah? Utawa panjenengan isih katon kaya watu kang ora ana gunané kang dibuwang ing ara-ara? Papana awak panjenengan ing astané Sang Kristus kanthi mengkono Panjenengané bakal diresiké watek-wantu kang ora dadi kepareng Panjenengané kanthi mengkono panjenengan dadi pribadi kang migunani nganti selawase.

Pedaleman suci saka Prejanjian kang Lawas kudu diebrukaké supaya Pedaleman Suci prejanjian kang Anyar bisa diedegaké ing sakndhuwure. Para murid Sang Kristus nalika iku ora bisa ngeculaké awaké saka papan ibadah kang lawas iku awit para murid ora bisa mbayangaké anané wangunan anyar kang luwih becik. Para murid gemeteran awit rusaké lan tekané pungkasan saka punjering peradapané. Para murid wedi bakal kelangan nyawané seduluré, lan mitrané. Para murid durung ngreti tenan tekané Krajan Sang Kristus, nanging nyuwun pirsa marang gusti kapan lan kepiyé pasé karusakan kang gedhé iku bakal dumadi, lan kapan Kratoné Allah iku bakal timbul. Para murid duwé pengarep-arep tekan Kraton Ilahi iku nanging tanpa lara utawa karusakan.

Apa panjenengan wedi gegayutan mangsa tembe? Apa panjenengan rumangsa ora ayem ing tengahing bom kang padha tiba lan pati akéh ing sakiwa tengan panjenengan? Panjenengan kudu nguwataké ati lan aja wedi malah manawa upamané panjenengan kelangan nyawa pisan, awit kabéh iku bisa uga dadi pituduh rawuhé Gusti tambah cedhak lan kasamuprnan kraton Panjenengané bakal cepet tekan senajana pepeteng katon tambah mundhak-mundhak. Apa panjenengan kepéngin ngreti undhak-undhakan ing mangsa tembe? Aja lali yén kabéh lelakon iku iku minangka tandha-tandha bakal rawuhé Sang Kristus kang kaping pindhoné. Kasusahan lan prekara bisa uga dumadi iku bisa dadi tandha-tandha rawuhé Gusti. Aja kelangan keblat ing tengah-tengahé prekara kang kang wiwis dadi momotan panjenengan, nanging sawang menyang ngarep kanthi jejeg awit wektu anggoné nebus wis cerak.

PANDONGA: Gusti Yésus Kristus, kawula abingah-bingah awit Paduka badhé énggal rawuh. Kawula ngentosi ing wekdal kapratélakaken panebusan saking Paduka. Paduka selametaken saking patrap lamis lan nyepelekaken kanthi makaten kawula mboten kados Pedalamen Suci ingkang kothong ingkang namung mancaraken kaéndahan njawi kemawon, nanging Paduka pitulungi kawula supados saget ngadeg jejeg ing salebetipun rancangan Sang roh suci Paduka. Paduka tata kawula dados sela kang gesang kanggé Pedalamen suci Paduka, kaliyan sinau mbangun turut ing salebetipun iman lan tegen sesarengan kaliyan sadaya tiyang ingkang ngentosi rawuh Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa kang dadi tujuwan kengkeran saka pitakonan para murid gegayutan karo dirusaké Pedaleman Suci?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 06:53 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)