Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 210 (Christ Leaves the Temple)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
C - KUTBAHĚ SANG KRISTUS ANA ING GUNUNG ZAITUN (Matéus 24:1-25:46) -- KUMPULAN KEAPING ENEM SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

1. Kristus Ninggalaken Pedaleman Suci (Matéus 24:1-2)


MATÉUS 24:1-2
1 24:1 Sesudah itu Yesus keluar dari Bait Allah, lalu pergi. Maka datanglah murid-murid-Nya dan menunjuk kepada bangunan-bangunan Bait Allah. 2 Ia berkata kepada mereka: "Kamu melihat semuanya itu? Aku berkata kepadamu, sesungguhnya tidak satu batu pun di sini akan dibiarkan terletak di atas batu yang lain; semuanya akan diruntuhkan."
(Markus 13:1-2, Lukas 19:44, 21:5-6)

Sang Kristus nilaraké Pedaleman Suci, kang dibangun manéh déning Hérodhés Agung, lan ora tau bali menyang mrono manéh. Kanthi tindak saka Pedaleman suci, Panjenengané ngujudi pameca nabi Yehezkiel babagan kaluhuran Gusti kang nilaraké Pedaleman Suci lan pindah menyang gunung Zaitun (Yéhézkiél 10:18-22, 11:23).

Nganti nalika rawuhé Gusti Yésus, kaluhuran Gusti Allah manunggal ing sajroné Pedaleman Panjenengané angedhampar ing papan Maha Suci. Sebanjuré anggoné ora mbangun turut bangsa Yahudi nekaaké paukuman atas wong-wong iku. Kang Maha Suci sebanjuré ninggalaké wong-wong mau, agawé wong-wong gampang kena serangan para satruné. Pedalaman kang agung karo plengkungan emas tetep sumunar ing sisih njaba nanging sejatiné isiné kosong; ora manéh ana Roh Allah ing sajroné pedaleman iku, kaya lampu tanpa padhang, lan kaya wulangan tanpa kayektén.

Para murid ora ngreti yén Pedaleman suci iku wis kelangan kaluhuran Allah. Para murid ora bisa nglalekaké karo emas kang nutup piranti-piranti kang ana lan nuduhaké prekara iku marang Gusti Yésus. Gusti ngandika marang para murid yén Kang Maha suci wis nilaraké Pedaleman Suci Panjenengané iku, lan ngasta pangayoman saka Panjenengané. Sang Kristus meca rusaké Pedaleman Suci lan ora ana siji waé watu kang isi tumumpang ing watu liyané kanggo ngelingaké para murid Panjenengané. Kabéh prasetya ing sajroné Prejanjian Lawas kaluhuran Gusti bakal manunggal ing sajroné Pedaleman gawéan manungsa wis kapungkasi awit wangkote umat prejanjian iku. Nanging Gusti Allah manunggal sempurna ing sajroné Sang Kristus. Gusti Yésus, saiki yaiku pedaleman Allah kang maringi marang kita janji yén badan kita kabéh bakal dadi Pedaleman Kang Maha Suci. Iki bakal dumadi sakwisé Panjenengané ngesokaké Sang Roh Panglipur minangka berkah ngrukunaké marang para pandhérék Panjenengané. Tindaké Gusti Yésus saka pedaleman suci nggambaraké anané gerakan gedhé saka Prejanjian Lawas menyang Prejanjian Anyar, dikaya kang wis diweca déning Stefanus, kang mati krana iman kawitan ing sajroné kekristenan, kanthi cetha banget (Para Rasul 7:47-53).

Kepiyé gegayutan karo panjenengan? Apa badan panjenengan iku pedaleman Allah? Apa Roh Panjenengané manunggal ing sajroné panjenengan? Apa panguwasa Sang Roh Suci dipratélakaké lumantar panjenengan utawa apa panjenengan kosong lan mati, urip tanpa pangayoman, lan tinarbuka marang kabéh karusakan kang bakal teka? Apa panguwasa Panjenengané nyata ing sajroné kasucén lan tata laku panjenengan kang mburu katenreman? Utawa apa panjenengan duwé tata laku kaya wong mati, mentingaké awak dhéwé lan kasar marang wong-wong liya? Lan kepiyé karo gereja panjenengan? Apa gereja iku ngaturaké panuwun atas panebusan, utawa malah kothong babagan katresnan, kabunganan, lan pamratobat? Apa para pemimpin gereja ketemu lan gawé keputusan apa kang ditindakaké lan ora bakal ditindakaké atas tuntunan saka Sang Roh Allah?

PANDONGA: Rama ingkang Suci, kados menapa agengipun katresnan lan kesabaran Paduka awit Paduka maringi Gereja Paduka wewengan kepangin ing salebetipun Sang Kristus lan memuji Paduka ing salebetipun panguwaos Roh Paduka. Paduka apunten kawula menawi kawula mboten lumampah ing salebetipun katresnan lan pengajeng-ajeng. Menawi kawula sekeng lan lepat, ampun pundhut Roh Paduka saka kawula awit alitipun iman kawula. Paduka sucékaken kawula saking roh keset lan mboten mbangun turut, lan ampun nate nilaraken kawula awit kawula mboten purun dados pedaleman ingkang kothong ingkang mboten gadhah panguwaos lan pangayoman Gusti.

PITAKONAN

  1. Gambaran apa kanthi tindaké Panjenengané gusti Yésus kanggo kang pungkasan saka pedaleman Suci ing Yerusalém?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on August 03, 2023, at 04:18 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)