Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 197 (Christ is the Lord)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
A - PASULAYAN ING PEDALEMAN ALLAH (Matéus 21:1 - 22:46)

9. Sang Kristus Iku Gusti Allah Piyambak (Matéus 22:41-46)


MATÉUS 22:41-46
41 Nalika para wong Farisi lagi padha nglumpuk, Gusti Yésus ndangu marang wong-wong mau, pangandikane: 42 “Kapriye panemumu ing bab Sang Kristus? Iku tedhaké sapa?” Wangsulané kang kadangu: “Tedhakipun Sang Prabu Dawud”. 43 Pangandikané Gusti Yésus: “Yen mangkono, kapriye dené Sang Prabu Dawud marga saka katuntun dneing Roh kok nyebut Gustiné yaiku nalika ngandika: 44 Pangéran wis dhawuh marang Gustiku: Sira linggiha ana ing tengeningSun, nganti sakabéhing mungsuhira wis Sunselehaké ing sangisoring tlapakanira. 45 Dadi yén Sang Prabu Dawud nyebut Panjenengané Gustiné kapriye dené kok dadi tedhake?” 46 Ora ana siji bae kang bisa ngaturi wangsulan, sarta wiwit nalika iku ora ana wong siji bae kang wani ngaturaké pitakonan marang Panjenengané.
(Markus 12:35-37, Lukas 20:41-44, Yésaya 11:1, Yokanan 7:42, Matéus 26:64).

Kita nyebut Gusti Yésus Kristus “Gusti”. Iki banget éndah, awit Gusti nitahaké kita. Panjenengané iku kang kagungan, Kang kagungan panguwasa, lan Hakim kanggo kita. Panjenengané iku kang luhur lan agung. Panjenengané kang nyekel kabéh panguwasa ing suwarga lan ing bumi. Para malaikat leladi Panjenengané kanthi kerubim kang nguwuh awan lan bengi, “Suci, suci, sucia Gust, kang Maha Kuwasa.”

Asma “Gusti” bisa diwaca akéhé 6,828, ing sajroné Prejanjian Lawas, sawetara sesebutan kanggo “Allah” disebutaké mung kaping 2,600. Iki nuduhaké pentingé anggoné nggunakaké sesebutan “Gusti” ing sajroné Kitab suci.

Para pangon ing ara-ara Bétlehém banget wedi nalika para pangon ngrungokaké pratéla para malaikat yén Gusti wis rawuh. Malaikat nggawa pawarta becik awujud kabungahan gedhé marang wong-wong, kang uga kanggo kabéh manungsa. Wis dilairaké kanggo wong-wong ing kutha Dawud Sang Juru wilujeng, yaiku Sang Kristus Gusti. Asma iku ateges yén Gusti Allah manjalma dadi manungsa ing sajroné sarirané Gusti Yésus. Kang dadi jejeré kang nitahaké ngasoraké sarira Panjenengané dadi jejeré abdi. Ing sajroné Panjenengané ing kahanan kang remeh, Panjenengané dicoba ing kabéh jenis cara, dikaya kang kita lakoni, nanging Panjenengané tetap ora nindakaké dosa.

Kaya apa gedhéné katresnan kang dituduhaké Gusti Allah marang kita kanthi nuntun kita cerak marang Gusti Yésus! Kabéh panguwasa ing suwarga manunggal ing sajroné bayi cilik ing pemakanan iku. Para rasul bisa ndeleng wadi kang banget gedhé iki. para rasul nyebut Sang Kristus kanthi sesebutan, “guru, “bendara, lan “Gusti.” Ing sajroné Prejanjian Anyar, asma “Gusti” bisa kawaca kaping 216. Nalika panjenengan maca sesebutan “Gusti” ing sajroné kitab-kitab Injil kang gegayutan karo Gusti Yésus, iku ateges yén kabéh watek wantu lan panguwasa Gusti Allah kaunderaké ing sajroné Panjenengané. Yaiki sebabé gereja tansah nggunaké conto,”Gusti kita Yésus Kristus,” minangka reringkesan saka pangakon imané. Pengakon iki selaras karo loro pameca kang ditulis ing sajroné Prejanjian Lawas. Pameca kang kawitan yaiku saka tedhak turuné Dawud bakal lair Putra Allah (2 Samuel 7:13-14), lan kang kapindho yaiku kang ana ing sajroné Jabur 110:1 nalika Dawud ngakoni, “Sira lenggaha ana ing tengeninGun, nganti tumeka mungsuhira wus Sundadekaké ancik-anciking tlapakanira”.

Para pemimpin agama Yahudi ngaturaké pitakonan kang nyengkolong marang gusti Yésus, siji mbaka siji, saka Paugeran Torét. Nanging Gusti Yésus maringi pitakonan gegayutan prasetya kang wis diparingaké, “Kapriye panemumu ing bab Sang Kristus?” Akéh ing antarané wong-wong mau kang pikirané kapenuhan karo paugeran, kanthi mengkono lali babagan Sang Mesih. Wong-wong mau pracaya yén budidaya kang temenan bakal nylametaké tanpa anané cawe-cawené saka kabecikan lan nugraha Sang Mesih. Becik banget uga kanggo kita supaya ménéhi pitakonan marang awak kita dhéwé, “Apa panemuku babagan Sang Mesih?” ana wong-wong kang arang mikiraké gegayutan Panjenengané. Sawetara wong malah ora tau mikiraké babagan Panjenengané babar pisan. Nanging kanggoné wong-wong kang pracaya, Sang Kristus iku aji, kaya ngapa ajiné iku kang ana pikirané gegayutan Panjenengane!( Jabur 139:17)

Gusti Yésus Kristus mbandhingaké loro pameca iku nalika nuntuni wong-wong mau kang golék kayektén gegayutan Panjenengané minangka jejeré Putra Allah lan Gusti piyambak. Golong ekstrimis, ora gelem nampa kayektén iki. Manawa golongan iku gelem nampani, golongan mau mesti bakal gelem ngakoni yén Gusti Allah mratélakaké sarirané minangka loro Pribadi ing sajroné kamanunggalan kasukman. Awit saka iku golongan iki ngaturaken jalarané apa sebabé ngatonaké patrap ora satriané lan matur yén dhéwéké kabéh iku ora ngerti babagan pemace iku, lan sebanjuré lunga kinanthenan rasa sengit lan kanepson. Nanging, kayektén ilahi iki diujudi ing sajroné Gusti Yésus Kristus. Panjenengané lenggah ing sisih tengah Allah Sang Rama kasuwargan (Wahyu 3:21). Bebarengan karo Sang Rama, panjenengané kabéh nyepeng pusaraning pemerintahan jagat raya iki kanthi selaras alandhesan katresnan lan kamanunggalan. Wadi iki banget déning gedhé kanggo bisa dimangreteni déning manungsa alandhesan kabisané dhéwé. Dikaya kang dingandikaké Kitab suci, ora ana kang bisa kandha yén Gusti Yésus iku Gusti manawa dudu awit saka Sang Roh Suci (I Korinta 12:3). Ing sajroné patunggalan karo Sang Roh suci, kita ngreti katresnan Allah kang manjalma dadi manungsa ing sajroné Gusti Yésus Kristus, lan kita dadi pérangan ing sajroné panggesangan panjenengané lumantar nugraha iman kang diparingaké Panjenengané marang kita.

Wong-wong Yahudi ora ngakoni Gusti Yésus minangka Gusti, awit wong-wong mau nutup atiné marang katresnan panjenengané. Awit saka iku Gusti Yésus sebanjuré kudu mratélakaké marang wong-wong mau yén Gusti Allah bakal agawé wong-wogn mau dadi ancik-anciking tapak suku Panjenengané awit sing sapa kang ora sujud marang Gusti Yésus bakal disirnakake. Pratéla ilahi mberek kita supaya martakaké Sang Kristus, senajana marang satru Panjenengan pisan. Manawa kita nindakaké kewajiban iku, kita bakal ditunggalaké karo katresnan Allah, kang ngersakaké supaya kabéh manungsa diselametaké lan duwé mbudidaya sinau marang apa kang disebut kayektén.

PANDONGA: Kawula manembah Paduka, Sang Rama, Sang Putra, lan Sang Roh Suci, awit Paduka wonten ing salebetipun patunggilan katresnan Paduka ingkang sempurna. Paduka satunggal ing salebetipun tritunggal ingkang Suci ingkang nuntun lan mitulungi kawula nyebat Gusti Yésus Kristus, Gusti. Kawula ngluhuraken Paduka awit Paduka sampun nebus kawula ing kajeng Salib, lan ngalimputi kawula kanthi Sang Roh Paduka ingkang saé kanthi makaten kawula saget nderek njembaraké kraton Paduka wonten ing bumi menika. Awit saking menika kawula ngluhuraken Paduka sesarengan kaliyan sadaya ingkang manembah Paduka ing saindhengipun jagat lan ing suwarga, lan nyebat gusti Yésus, “Gusti” kanggé ngluhuraken asma Paduka minangka Rama, Amin.

PITAKONAN

  1. Kepiyé kandhané Dawud gegayutan karo loro bendarane?

KUIS

Para maos kang kinasih,
Sakwisé maca tafsiran babagan Injil manut Matéus ing sajroné buku iki, panjenengan saiki bisa ménéhi mangsuli pitakonan-pitakonan ing ngisor iki. Manawa panjenengan ménéhi jawaban 90% saka pitakonan-pitakonan ing ngisor iki, aku bakal ngirimaké marang panjenengan seri kang sebanjuré kanggo wulangan panjenengan. Aja lali nulis asmané panjenengan sing cetha lan nulis alamat ing lembar jawaban panjenengan.

  1. Kepiyé ta anggoné Gusti Yésus mbudidaya nylametaké nom-noman kang mursid iku?
  2. Apa sebabé meh mokal kanggoné wong sugih mlebu ing Kratoning Gusti Allah?
  3. Apa ta prasetya luwih-luwih Gusti Yésus marang para murid Panjenengane?
  4. Apa ta wadi saka pituwas kang diparingaké déning Sang Kristus iku?
  5. Apa sebabé Sang Kristus ora singidan sakwisé Panjenengané pirsa apa kang bakal Panjenengané alami ana ing Yerusalém?
  6. Kepiyé carané Yokanan lan Yakobus sebanjuré nuduhaké anggoné gumunggung?
  7. Apa tegesé pangandikané Gusti Yésus, “Putra Manungsa ora rawuh kanggo diladeni nanging kanggo leladi?”
  8. Apa ta tegesé kang kakandhut ing sajroné sesebutan “Putra Dawud”?
  9. Apa kang bisa panjenengan mangérténi saka wecané nabi Zakaria?
  10. Apa kang bisa disinau saka rawuhé Gusti Yésus ing Yerusalém?
  11. Apa sebabé Sang Kristus banjur nyucékaké pedaleman Allah nalika Panjenengané mlebu menyang Yerusalém?
  12. Apa bedané antarané bocah-bocah kang tetembangan ngluhuraké Gusti Allah ing pedalemané Allah karo para imam kepala lan ahli Torét kang nesu?
  13. Apa sebabé ta Gusti Yésus ngipat-ipati wis anjir kang ora metokaké woh?
  14. Apa sebabé ta utusan saka para pemimpin bangsa iku ngaturaké pitakonan marang gusti Yésus gegayutan panguwasa Panjenengane?
  15. Apa sebabé ta Gusti Yésus ora mratélakaké panguwasa Panjenengané marang utusan saka Makamah Agama Yahudi?
  16. Apa sebabé anak kawitan ing sajroné pasemon Gusti Yésus luwih becik tinimbang karo sedulure?
  17. Apa ta kang panjenengan pirsani saka pasemon gegayutan wong kang nggarap kebon anggur kang ala iku?
  18. Apa kang panjenengan bisa nyakep babagan wawasan utawa trap-trapan gegayutan pasemon babagan watu kang baku iki?
  19. Apa kang dikarepaké pitu kasunyatan kang bisa kita temokaké ing sajroné bujana pikraman agungé Sang Putra Allah?
  20. Apa kang dadi haké Sang Nata Agung lan apa kang dadi kagungané Allah?
  21. Kepiyé carané Gusti Yésus mbuktekaké marang wong-wong Saduki gegayutan kelanggenan saka wong-wong kang urip karo Gusti Allah?
  22. Kepiyé carané kita bisa temen-temen nresnani Gusti Allah lan manungsa?
  23. Kepiyé kandhané Dawud gegayutan karo loro bendarane?

Aku kabéh mbereg panjenengané supaya ngrampungaké bebarengan analiti Sang Kristus lan Injil Panjenengané kanthi mangkono panjenengan bisa nampa bandha kang langgeng. Aku sakonco ngenténi jawaban panjenengan lan ndedonga kanggo panjenengan. Alamatku:

Waters of Life
P.O.Box 600 513
70305 Stuttgart
Germany

Internet: www.waters-of-life.net
Internet: www.waters-of-life.org
e-mail: info@waters-of-life.net

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 26, 2022, at 09:59 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)