Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 189 (Jesus Questioned)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
A - PASULAYAN ING PEDALEMAN ALLAH (Matéus 21:1 - 22:46)

4. Gusti Yésus Disuwuni Pirsa Dénéng Pinituwaning Bangsa Yahudi (Matéus 21:23-27)


MATÉUS 21:24-27
24 Paring wangsulané Gusti Yésus: “aku iya arep takon marang kowé lan yén kowé wis mangsuli Aku, Aku iya bakal kandha marang kowé, Aku tumindak mangkono iku kanthi panguwasa sing endi. 25 Pambaptisé Nabi Yokanan iku saka ing swarga apa saka manungsa?” wong-wong mau banjur padha rembugan bab iku, mangkené pamikire: “ yén aku padha kandha: saka ing swarga. Dhéwéké bakal mangsuli: yén mangkono yagné kowé ora pracaya? 26 Nanging manawa aku kandha: Saka manungsa, aku padha wedi karo wong akéh, awit iku kabéh padha nganggep nabi marang Yokanan.” 27 Wasana atur wangsulané marang Gusti Yésus: Kula sami boten sumerep.” Gusti Yésus ngandika marang wong-wong mau: “Yen mangkono Aku iya ora kandha marang kowé panggawéKu kang mangkono iku kanthi panguwasa sing endi”.
(Matéus 14:5)

Sang Kristus pirsa panjiret kang dipasang kanggo Panjenengané déning para satru Panjenengané. Panjenengané ora banjur paring wangsul marang wong-wong mau, nanging ngengakaké lawang wong-wong mau supaya wong-wong mau mratobat lan ngakoni yén Gusti Allah wis ngutus Yokanan Pembaptis supaya nyawisaké dalan kanggo Sang Kristus. Prekara iki nuduhaké marang kita 2 prekara:

Kawitan, Gusti Yésus ora mulang manungsa nganggo tembung-tembung kang tindarbuka mbuktekaké yén Panjenengané iku Putra Allah. Panjenengané malah ngenténi anané owah-owahan kang mbaka sethithik gegayutan iman wong-wong mau saka kahanan atiné kang mauné wangkot. Panjenengané ngersakaké wong-wong mau yakin babagan anggoné asipat ilahi, lan sebanjur ngecap pangakon iki kanthi sowan ing sajroné katresnan marang Panjenengané. Iki lelawanan kanthi cara kita nindakaké anyeraki wong-wong liya. Kita mbudidaya kanthi maneka dalan supaya ngyakinaké wong-wong iku supaya nampa kahanan sipat anggoné Sang Kritus iku ilahi. Banget luwih becik maneka ketegasan gegayutan pakaryan Panjenengané kasucén Panjenengané lan kabecikan Panjenengané kanthi mengkono kaprecayané marang Putra Manungsa iku terus mundhak-mundhak. Wong-wong mau bakal ndeleng dhéwé yén Panjenengané kang nangekaké wong mati nresnani wong-wong dosa lan ngapura satru-satru Panjenengané. Wong-wong mau kudu tekan titik papan wong-wong mau pracaya yén Gusti Allah wis manjalma dadi manungsa.

Kapindho, Sang Kristus nggugah pikiran akal budi saka para satru Panjenengané. Panjenengané mbudidaya nyawisaké wong-wong mau marang pamratobat, supaya wong-wong mau ninggalaké keyakinané kang ora duwé landhesan, lan ngedohaké awaké saka pengadhilan- pengadhilan kang ora duwé katresnan. Manawa wong-wong mau wis wanuh lan ngakoni yén Yokanan Pembaptis asale saka Gusti Allah, wong-wong mau bisa uga wis ngakoni lan mratobat saka dosa-dosané. Awit wong-wong mau duwé pikiran yén awaké mursid lan bener, wong-wong mau nyawisaké awaké kanggo mbangun turut marang Gusti Yésus. Atiné diwangkotake. Wong-wong mau dadi nesu lan nuwuhaké rasa sengit marahg Panjenengané.

Manawa para satru Sang Kristus iku wis ngakoni yén Yokanan Pembaptis iku asale saka Gusti Allah, wong-wong mau bakal mbebayani gegayutan karo kang ana sambung rapete karo kapercayan wong-wong mau dhéwé. Ngakoni yén sawijining wulangan kang asale saka Gusti Allah, nanging ora gelem nampa lan mulangaké, iku kaluputan kang gedhé dhéwé kang bisa di dakwakaké marang wong. Akéh wong kang bakal tetap ana ing sajroné bandan dosa awit sawijining alesan terus nyepelekaké utawa lumawan, wong-wong mau nampik cekelan marang apa kang dimangérténi minangka sawijining kang bener lan becik. Dadi, wong-wong mau nampik wulangan Gusti Allah kanthi ora mbangun turut marang baptisan Yokanan, lan lunga tanpa sebab.

Manawa wong-wong mau kandha yén baptisan Yokanan asale saka manungsa, wong-wong mau kuwatir babagan keselametané dhéwé awit wong-wong mau bisa dadi sasaran sengit saka masyarakat. Para imam kepala lan para pinituwa bangsa iku wedi marang wong akéh, kang agawé telenging atiné kisruh lan sujana kang gedhé banget tambah-tambah. Pemerintah wis dadi sasaran kanepson lan nyek-nyekan rakyat, lan pangandikan Kitab Suci kapenuhan ing sajroné pérangan kabéh pérangan kang mratélakaké, “Mulané Ingsun iya bakal ndadekaké sira asor lan nistha ana ing ngarepe umat iki” (Maleakhi 2, 8,9). Manawa wong-wong mau tetap njaga awaké lan nindakaké tanggung jawabe, wong-wong mau bakal nemokaké panguwasané lan ora prelu wedi karo wong akéh. Wong-wong kang sinau agawé rakyat wedi marang wong-wong mau ora bakal ora wedi marang rakyat.

Dadi, utusan saka Makamah Agama Yahudi nutupi kanthi kandha yén wong-wgn mau ora ngerti saka ngendi asale Yokanan Pembaptis. Iki sawijining kegagalané kang ngisin-ngisini wong-wong mau, awit wong akéh nggatekaké apa kang dadi debatané wis mesti kabéh padha mesem nggeguyu ndeleng kaculikan para pemimimpiné.

Gusti Yésus nuntun para utusan mau mlebu ing panjirete kang dipasang dhéwé kanggo Panjenengané. Panjenengané ora kersa langsung mratélakaké babagan panguwasas lan sipat keallahan Panjenengan awit 1) wong-wong mau ora pracaya marang Panjenengané lan 2) awit wektuné durung tekan, waktu Panjenengané kapenuhan kaluhuran Panjenengané bakal dipratélakaké ing sawijining tumindak kang nyata ing ngarepe para satru Panjenengané.

PANDONGA: Rama kasuwargan, Paduka maringi panguwaos Paduka dhumateng Putra Paduka supados Panjenenganipun saget milujengaké lan nyucékaké kawula. Kawula ngluhuraken Paduka lan Sang Kristus , awit Paduka kebak katresnan, sih kawelasan, lan kasaénan. Kawula ngaturaken panuwun awit Paduka nebus kawula saking bandan dosa ngangge rah saking Paduka ingkang dipun salibaken, lan nyucékaken kawula kanthi panguwaos Roh Suci. Kawula nyuwun supados Paduka paring kamardikan dhumateng tiyang-tiyang ingkang dereng pracaya ing sakiwa tengen kawula saking anggenipun mboten pitados dhumateng kamanunggalan roh Suci supados sedhérék-sedhérék menika uga saget sowan lan pitados bilih Paduka menika Rama ingkang Maha Kuwaos.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé ta Gusti Yésus ora mratélakaké panguwasa Panjenengané marang utusan saka Makamah Agama Yahudi?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 26, 2022, at 09:10 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)