Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 174 (Christ Loves and Blesses Little Children)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 3 - PELADOSANĚ GUSTI YĚSUS ING NGARĚ YARDĚN ANA ING TINDAKĚ TUMUJU YĚRUSALĚM (Matéus 19:1 - 20:34)

4. Sang Kristus Nresnani Lan Amberkahi Bocah-Bocah Cilik (Matéus 19:13-15)


MATÉUS 19:13-15
13 Tumuli ana wong kang padha nyowanaké bocah cilik-cilik marang ngarsané Gusti Yésus, supaya ditumpangana asta sarta didongakake; nanging banjur padha disrengeni déning para sakabat. 14 nanging Gusti Yésus ngandika: “Cikben bocah-bocah iku, aja kokalang-alangi anggoné padha sowan ing ngarsaKu, sabab wong-wong kang kaya mangkono iku, kang padha ndhuweni Kratoning Swarga.” 15 Panjenengané nuli numpahi asta marang bocah-bocah mau, banjur tindak saka ing kono.
(Matéus 18:2-3, Markus 10:13-16, Lukas 18:15-17)

Para ibu nggawa bocah-bocahé sowan marang Sang Kristus kepéngin nyuwun berkah Panjenengané. Bocah-bocahé prelu sowan marang Sang Kristus lan nampa berkah Panjenengané awit saben bocah kang dilairaké nggawa wineh dosa kang diwarisi saka leluhure. Ora ana bocah kang bener dhéwé, senajana bocah-bocah durung tau tiba ing sajroné pancoban. Sing mesti kita bisa ndeleng ing mripate bocah-bocah anané mung tulus kang asli lan kabungahan kang mancar saka ing atiné nanging nalika bocah-bocah dolanan karo kanca-kancané patrap mundhaké mentingaké awak dewe bakal tukul ing sajroné kanepson, gumunggung lan rasa sengite.

Yaiki sebabé Sang Kristus ngandika: “Cikben bocah-bocah iku, aja kokalang-alangi anggoné padha sowan ing ngarsaKu,” awit bocah-bocah mbutuhaké keselametan. Kaya ngapa jembaré segara sih rahmat kang ambanyu mili saka pangandikan iki marang bocah-bocah iku. wong-wong pracaya kang wis dewasa mbuka Sekolah Minggu, para ibu ndedonga bebarengan karo bocah-bocahé kang isih cilik lan para guru kang setyo nuntun bocah-bocah marang Sang Juru selamet. Kabéh bocah mbutuhaké pangapura lan kaanyarakan déning Sang Kristus. Tanpa sih nugraha Panjenengané ora ana bocah kang suci. Nanging bocah-bocah duwé kaluwehan mligi, bocah-bocah mau bisa pracaya dhéwé marang Gusti Yésus. Bocah-bocah bisa duwé keyakinan marang tembung-tembung wong-wong kang mitulungi dhéwéké nyawang lan ngrasakaké sihé Sang Kristus.

Sang Kristus bakal diluhuraké manawa kabéh manungsa nenandur katresnan Gusti Allah ing sajroné panguripané bocah-bocahé wiwit cilik. Apa kang diwulangaké déning para ibu marang bocah-bocahé saka Kitab Suci lan kang diceritakaké babagan Sang Kristus yaiku raja brana kang gedhé dhéwé, kang luwih aji tinimbang kabéh ijazah utawa gelar apa waé. Sapa waé kang ngluhuraké Sang Kristus kanthi sowan marang Panjenenané kudu terus ngluhuraké Panjenengané kanthi nggawa kabéh kang dadi duwéké, utawa kang bisa diajak sowan marang Panjenengané. Kanthi iku wong-wong mau misusungaké marang Panjenengané kaluhuran saka bandha donya sih rahmat Panjenengan kang ora bisa kajajagan lan kapenuhan Panjenengané kang tansah ambanyu mili, lan ora tau mandheg.

Isi kebak omah panjenengan kanthi pangandikané Gusti Allah, lan wulangna Kitab Suci marang bocah-bocah panjenengan, awit Sang Kristus wis mbayar bocah-bocah mau atas suwarga nganggo rah Panjenengané piyambak. Sakwisé Panjenengané ngrukunaké kita karo Gusti Allah, kabéh manungsa duwé hak kang padha ing sajroné Suwarga lan hak kanggo nyebut Kang nitahaké jagat saisiné iku nganggo sesebutan “Rama Kawula”, awit kita kabéh iku putra-putrané Allah. Rahayu panjenengan manawa panjenengan cekelan marang hak luwih-luwih iki awit panjenengan bakal ngrasakaké sang Kristus numpangaké asta Panjenengan atas sirah panjenengan amberkahi.

Para murid ngelikaké para ibu kang nggawa bocah-bocah lan njawehi para ibu mau nggawa bocah-bocahé sowan marang Gusti Yésus awit para murid duwé pikiran yén berkah kang mengkono ora dibutuhake.

Apik banget kanggo kita, yén Sang Kristus kagungan katresnan lan kagungan alusing bebuden ing sajroné Panjenengané kang luwih becik tinimbang karo kabéh kang dadi duwéké para murid Panjenengané. Ayo kita sinau saka Panjenengané supaya ora nyingkiraké jiwa-jiwa kang duwé karep becik mbudidaya wanuh Sang Kristus, senajan bocah-bocah mau ringkih. Manawa Gusti Yésus ora moklek glagah kang pepes, kita uga ora kena nyoklek bocah iku. Bocah-bocah kang mbudidaya supaya sowan marang Sang Kristus, mesti bakal rumangsa anéh manawa bocah-bocah kudu dilarang lan di elikake. Mliginé manawa iku asale saka wong-wong becik kang duwé pikiran yén bocah-bocah luwih ngerti pikiran Sang Kristus tinimbang karo wong-wong anyar iku.

PANDONGA: Rama kasuwargan, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit Paduka nimbali kawula minangka putra-putra Paduka, lan Putra Paduka maringi kawula lumantar séda Panjenenganeipun hak kanggi ngangkat kawula dados putra. Paduka gulawenthan kawula supados nularaken hak langkung-langkung menika dhumateng sadaya putra-putra ingkang gegayutan kaliyan kawula lumantar tembung lan patrap kawula kanthi makaten kawula mboten dados sandungan kanggé sedhérék-sedhérék menika, nanging nuntun sedhérék-sadeherek menika dhumateng Paeuka. Kawula nyuwun Paduka maringi gagasan dhumateng para ibu lan guru supados mucalaken lare-laré kanthi kawicaksanan lan patrap tulus gegayutan kaliyan asma Paduka ingkang suci minangka jejeripun Sang Rama.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé ta bocah-bocah kudu sowan marang Gusti Yésus?

KUIS

Para maos kang kinasih,
Sakwisé maca tafsiran babagan Injil manut Matéus ing sajroné buku iki, panjenengan saiki bisa ménéhi mangsuli pitakonan-pitakonan ing ngisor iki. Manawa panjenengan ménéhi jawaban 90% saka pitakonan-pitakonan ing ngisor iki, aku bakal ngirimaké marang panjenengan seri kang sebanjuré kanggo wulangan panjenengan. Aja lali nulis asmané panjenengan sing cetha lan nulis alamat ing lembar jawaban panjenengan.

  1. Kepiyé ta kok nganti Gusti Yésus madhakaké wong-wong dudu Yahudi kuwi karo asu?
  2. Apa sebabé ta Sang Kristus bisa marasaké kabéh jinis penyakit?
  3. Apa sebabé lan kepiyé ta Gusti Yésus anggoné ndadekaké akéh roti lan iwak kanggo patang ewu wong kalawang keluwargane?
  4. Apa sebabé ta patangen Sang Kristus kang agung iku dadi bukti kang banget unggul saka sipat ilahiné Panjenengane?
  5. Apa sebabé kita kudu waspada sesambungan karo ragi wong-wong Farisi lan wong-wong Saduki?
  6. Apa ta kang kakandhut ing sajroné paseksené Petrus, “Paduka menika Sang Almasih, Putra Allah ingkang gesang?
  7. Apa ta landhesan dhasar saka gereja lan kunci tumuju ing swarga?
  8. Apa ta kersané Gusti Yésus nganti nyebut Petrus, “Iblis”?
  9. Apa ta tegesé nyingkura awaké dhéwé , lan manggul salib?
  10. Kepiyé carané kita bisa nampani urip kang sejati iku?
  11. Apa sebabé ta tumindak becik kok ora bisa nebus kita?
  12. Kepiyé kita bisa uwal saka paukuman kang bakal teka saka Putraning Manungsa?
  13. Apa sebabé Gusti Yésus ngelingaké para pandhérék Panjenengané babagan anggoné rawuh kanggo ngadhili?
  14. Apa sebabé ta Sang Kristus salin rupa mung ana ing ngarepe sakwetara murid waé?
  15. Apa ta sesambungané antarané Yokanan Pambaptis karo nabi Elia?
  16. Kepiyé carané Gusti Yésus ngelikaké para muridé amarga ora bisa nundhung roh ala saka bocah iku?
  17. Apa wadi saka anggoné ngisi panguwasané Gusti Allah marang para abdi Sang Kristus?
  18. Apa sebabé para murid prihatin lan ora ngaturaké panuwun marang Gusti Yésus nalika Panjenengané ngandika babagan anggoné bakal séda?
  19. Kepiyé ta anggoné gusti Yésus mratélakaké yén Panjenengané iku Putra Manungsa lan Putra Allah?
  20. Apa sebabé watek gumunggung dianggep bebaya kang gedhé dhéwé lan mbebayani ing sajroné greja?
  21. Apa ta kang kita sinau saka kotbah gusti Yésus babagan bocah-bocah kang diedegaké ing tengah-tengah para murid iki?
  22. Apa kang dadi karsané Sang Rama Kaswargan gegayutan karo bocah-bocah cilik?
  23. Apa 3 jangkah kang kudu dilakoni manawa wong pracaya ing sajroné gereja bakal dielikaké anggoné nindakaké kaluputan?
  24. Kapan Sang Kristus rawuh ing antarané kita?
  25. Kaping pira kita kudu ngapura mitra lan sedulur kita saben ndina?
  26. Apa sebabé lan kepiyé Sang Nata ora ngapurani abdi kang ora duwé welas asih iku?
  27. Apa sebabé kita kudu nresnani para satru kita?
  28. Apa kang dadi watonan kang penting ing sajroné bebrayatan Kristen?
  29. Apa ta kang dingandikaaken Gusti Yésus gegayutan karo pegatan?
  30. Apa ta tegesé urip mbujang kanggo leladi kratoning Suwarga?
  31. Apa sebabé ta bocah-bocah kudu sowan marang Gusti Yésus?

Aku kabéh mbereg panjenengané supaya ngrampungaké bebarengan analiti Sang Kristus lan Injil Panjenengané kanthi mangkono panjenengan bisa nampa bandha kang langgeng. Aku sakonco ngenténi jawaban panjenengan lan ndedonga kanggo panjenengan. Alamatku:

Waters of Life
P.O.Box 600 513
70305 Stuttgart
Germany

Internet: www.waters-of-life.net
Internet: www.waters-of-life.org
e-mail: info@waters-of-life.net

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 25, 2022, at 08:46 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)