Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 168 (Infinite Forgiveness)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
4. WEWATONAN KANG PRAKTIS NGENANI KRATONING ALLAH (Matéus 18:1-35) -- KUMPULAN KAPAPAT SAKA PANGANDIKANÉ SANG KRISTUS

d) Pangapura Kang Tanpa Winatesan (Matéus 18:21-22)


MATÉUS 18:21-22
21 Sakwisé iku Petrus nuli ngadhep ing ngarsané Gusti Yésus lan munjuk: “Gusti, manawi sedhérék kawula gadhah kalepatan dhateng kawula, ngantos kaping pinten anggen kawula kedah ngaputen? Punapa ngantos kaping pitu? 22 Paring Wangsulané Gusti Yésus: “PituturKu marang kowé: Aja mung ping pitu, malah ngantia ping pitungpuluh ping pitu.
(Purwaning Dumadi 4:24, Lukas 17:4, Efesus 4:32).

Petrus ngreti kaagungan prasetyané Sang Kristus babagan pandonga ing sajroné kapiyandelan kanggo kamanunggalané wong-wong pracaya. Nalika iku uga Petrus uga wedi awit Petrus ngrasakaké yén kamanunggalan ing sajroné pasedulurané makaping-kaping gonjang-ganjing awit maneka prekara lan tujuwan kang luput. Wis mesti bakal ana babagan kang ora sarujuk ing antarané para pandhérék Sang Kristus, para murid kanthi sengaja uga bakal cacad cinacad. Bisa uga bakal ana kliru tampa ing antarané para murid. Bisa uga para murid bakal luwih cepet ngadhili, tanpa mikir kang dawa, kanthi mengkono wong-wong liya matrapi para murid kanthi kebak sesengit.

Ora bakal katon kanggoné kita ngetung kaluputan kang ditindakaké sedulur-sedulur kita marang kita. Ana sipat pakulinané kang ala kang terus ngetung tipak tatu kang wis kita apura. Gusti Allah waé kang kagungan cathetan, awit Panjenengané iku Sang Hakim lan piwales iku hak Panjenengané. Penting banget ing sajroné njaga katentreman supaya ora mreduli tatu-tatu lan ora kakéhan ngetung. Apura lan lalekna. Gusti Allah ngundakakaké anggoné paring pangapura lan kita uga kuduné mangkono. Prekara iku nuduhaké yén kita uga kudu terus mraktekaké pangapura atas kabéh tatu-tatu kita lan kudu ngluliknaké awaké dhéwé nindakaké nganti prekara iku dadi pakulinan saben dina.

Petrus sinau, lumantar patunggalané karo Sang Kristus, kepiyé mrakteké ménéhi pangapura. Dhéwéké nyawisaké ngapura sedulur-seduluré kaping pitu, gunggung kang sempurna. Petrus ngreti yén apura ing ngapura iku siji-sijiné dalan njaga patunggalan. Awit saka iku dhéwéké duwé tekad ménéhi patuladan kang becik marang para murid liyané kanthi pitutur yén pangapura kuduné diwenehaké nganti kaping pitu. Nanging gusti Yésus nuduhaké marang Petrus agungé saka katresnan Kristen. Ora cukup kanggo ngapura mung kaping pitu, nanging wong-wong pracaya kudu ngapura sedulur-seduluré kaping 490 saben dina. Gampangé ora bisa diukur, pangapura kang ora winates. Gedhéné pangapura, katresnan lan apuranen.

Ing sawijining wektu ana bocah kang wis pracaya kang nesu marang adiké wedok awit adiké terus terusan ngrusak dolanané. Awit kepéngin mbangun turut marang Gusti Yésus, bocah mau gawé putusan ngapura adiké nganti kaping 490 sedina, nanging ora bakal kuwih saka iku. Bocah mau wiwit ngetung kaluputané adiné lan pangapura kang diwenehaké saben dina nanging malah ora nyeraki angka 100. Suwé-suwé bocah iku kulina ngapura lan ora ndadekaké prekara. Bocah iku ora tau ninggalaké pakulinan kasuwargan yaiku ménéhi pangapura lan wis tuwuh saka anggoné latihan kasukmané. Dadekna pakulinan kanggo ngapura atas tatu-tatu kang ditindakaké marang panjenengan, nyuwuna marang Gusti supaya maringi kabisan panjenengan nyangga tatu-tatu iku kanthi kabungahan, awit apura ing ngapura iku dalan kanggé ngrumat greja.

Aja duwé pikiran yén sedulur lanang utawa sedulur wadon panjenengan tansah luput saben panjenengan rumangsa dianggep luput. Ing saben prekara, panerak ora tansah dumadi saka wong siji, nanging kulinana saka wong liyané uga. Awit saka iku kulinakna panjenengan njaluk pangapura dhisik sebanjura apuranen wong kang nglarani panjenengan dikaya panjenengan ngarep-arep wong iku ngapura panjenengan, awit katresnan iku kaujudan kabéh paugeran.

PANDONGA: Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka, Rama, awit Paduka nimbali kawula ing salebetipun patunggilan Paduka ing salebeting kamanunggalan Sang Roh Suci. Putra Paduka nebus kawula kanthi makaten kawula saget nresnani lan nyukani pangaputen kalepatan sedherek-sedherek kawula, ngapunten sedhérék-sedhérék kalawau, lan ndedonga kanggé sedherek-sedhérék kalawau kabawah tuntunan Sang Roh suci Paduka, awit donga ing salebetipun katresnan sejati badhé dipun jawab ing salebeting asma Paduka. Paduka jangkung kamanunggalan kawula kanthi makaten kawula mboten bakal pinisah nanging tresna tiresnanan kados dené Paduka nresnani kawula.

PITAKONAN

  1. Kaping pira kita kudu ngapura mitra lan sedulur kita saben ndina?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 25, 2022, at 08:15 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)