Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 164 (Disciples’ Pride and the Children’s Humility)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
4. WEWATONAN KANG PRAKTIS NGENANI KRATONING ALLAH (Matéus 18:1-35) -- KUMPULAN KAPAPAT SAKA PANGANDIKANÉ SANG KRISTUS

a) Gumunggungé Para Murid Lan Andhap Asoré Bocah-Bocah Cilik (Matéus 18:1-14)


MATÉUS 18:5-9
5 Karodené sing sapa nampani bocah pepadhané iki atas saka jenengKu, iku Aku kang ditampani. 6 Nanging sing sapa dadi sandhungan tumrap salah sawijining bocah cilik iki, kang pracaya marang Aku, iku luwih becik dikalungi watu panggilingan banjur dicemplungaké ing sagara bae. 7 Bilai jagad lan sakabéhing sesandhungané. Sandhungan iku pancen kudu ana, nanging bilai wong kang njalari tekané. 8 Manawa tanganmu utawa sikilmu dadi sandhungan tumrap kowé, kethoken lan buwangen, amarga luwih becik tumraping kowé, urip kanthi tangan kuthung utawa buntung, katimbang karo tanganmu lan sikilmu karo-karoné wutuh nanging kacemplungaké ing geni langgeng. 9 Sarto manawa mripatmu dadi sandhungan tumrap kowé, cuplaken lan buwangen, amarga luwih becik tumrap kowé lumebu ing urip kalawan pece katimbang kacemplungaké ing geni naraka kalawan ganep mripatmu.
(Matéus 5:29-30; 10:40, Markus 9:42-47, Lukas 17:1-2)

Sang Kristus nresnani bocah-bocah, ora awit kabecikané bocah-bocah iku, nanging awit jiwané tinarbuka marang saben wulangan, patauladan lan tuntunan Panjenengané. Sing mesti waé bocah-bocah uga dosa, wangkot lan gumunggung dikaya kabéh manungsa liyané nanging bocah-bocah iku gampang ngresepi katresnan lan kayektén lan seneng banget karo kalegan babagan kahanan sawijining keluwarga kang waras. Sapa waé kang ngangkat bocah yatim piatu utawa nampa bocah kang mbutuhaké, nampani Sang Kristus piyambak! Sing sapa mulangaké keselametan ing sajroné tembung kang bisa dimangerti lan setilah-setilah kang gampang marang bocah-bocah cilik lagi nandur wiji kasuwargan ing sajroné atiné. Kita ngaturaken panuwun marang Sang Kristus atas prasetya kang ora ana bandhingané iki kang agawé akéh bocah-bocah yatim pitatu kang ngunderaké kawigatené marang bapak lan ibu ing sajroné Sang Kristus. Kaya apa gedhé berkah kang ambanyu mili saka prasetya kang kebak Rahmat!

Cilaka wong kang nuntun bocah iku marang dosa. Patrap kang ala iki bakal nyangga akibat ewon dosa ing mangsa kang bakal teka. Kabéh wong kang nindakaké patrap kang mengkono yaiku wong-wogn ala kang ditemtokaké déning Gusti Allah kanggo nampani paukuman kang abot dhéwé, awit wong-wong iku dadi patuladan kang ala kanggo bocah-bocah cilik. Luwih becik manawa watu panggilingan ditaleni ing guluné banjur wong iku dicemplungaké ing segara, tinimbang wong iku nuntun bocah ing sajroné dosa, lan ing sajroné kacilakan langgeng.

Apa waé kabecikan kang ditindakaké marang bocah-bocah cilik, Sang Kristus nampani minangka kabecikan kang ditindakaké marang Panjenengané. Sing sapa nggatekaké wong-wong pracaya kang ringkih lan asor, dadi mitra wong-wong iku, lan nindakaké ing sajroné asma lan Sang Roh Kristus, bakal nampani berkah saka Sang Kristus. Kita kudu nindakaké prekara iku awit kita nggawa gambar Panjenengané awit kita dhéwé wis diangkat putra déning Sang Kristus.

Tanggapan kang alus saka Sang Kristus kanggé gereja Panjenengané diparingaké marang kabéh wargané ora mung wong-wong diwasa nanging uga marang saben bocah. Tambah sethithik wargané mbudidaya leladi marang awak dhéwé, tambah asma Sang Kristus diluhurake.

Malah, kita kabéh diipati-ipati awit kita kala-kala kanthi ora langsung nindakaké panerak mrang bocah-bocah. Kabéh wong tanggung jawab atas film cabul lan majalah-majalah kang ngisin-isiné. Awit kabéh cobah iku mula kabéh masyarkat wis nindaké panerak marang bocah-bocah cilik iku. Kita ora bisa nyepelekaké tanggung jawab kita supaya nyucékaké bocah-bocah kita ing sekolah lan ing ngomah.

Sang Kristus dhawuh marang kita supaya nyucékaké badan kita ing sajroné panguwasané Sang Roh Suci supaya kita ora dadi watu sandhungan kanggoné wong-wong liya. Ing sajroné pepérangan kasukman supaya nyucékaké badan lan nyawa, para murid ora ngethok tangan utawa ngethok sikile supaya nyingkiri saka maneka godha, nanging para murid masrahaké badan lan pikirané marang Sang Kristus. Para murid masrahaké awaké minangka para putra ing sajroné tuntunan Sang Rama kasuwargané. Kanthi mengkono para murid kaayoman déning malaikat Allah kang nresnani wong-wong kang ilang lan mratobat.

PANDONGA: Rama kasuwargan, kawula manembah Paduka awit Paduka menika Rama kawula, lan Paduka nggatosaken kawula siyang lan dalu. Kawula nyuwun supados Paduka ngiyataken kawula keyakinan kawula babagan tuntunan Paduka lan njagi supados kawula terus andhap asor kanthi makaten kawula mboten dados patuladan ingkang awon utawa dados jalaran lare-laré dosa, nanging supados kawula lumampah ing salebetipun kasucén lan nuntun lare-laré menika dhumateng Paduka. Kawula nyuwun pangapunten Paduka manawi kawula nyasaraken tiyang kanthi tata laku kawula utawi anggen kawula cemer saé menika kanthi tembung ugi ing patrap kawula. Gusti, wilujengaken tiyang-tiyang ingkang dhumateng tiyang-tiyang menika sampun nindakaken dosa, lan paringana tiyang-tiyang menika nugraha lan pangaksami supaya tiyang-tiyang menika mboten nyemeraken tiyang-tiyang sanés awit kawula.

PITAKONAN

  1. Apa ta kang kita sinau saka kotbah gusti Yésus babagan bocah-bocah kang diedegaké ing tengah-tengah para murid iki

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 25, 2022, at 07:53 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)