Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 147 (Jesus Attacks Fanaticism and Shallowness)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
3. PELADOSAN LAN TUMINDAKĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 14:1 - 17:27)

i) Gusti Yésus Melehaké paham fanatik lan Urip Karohanén Kang Cethék (Matéus 16:1-12)


MATÉUS 16:1-4
1 Tumuli ana wong Farisi lan wong Saduki sing padha sowan arep nyoba marang Gusti Yésus. wong-wong iku padha nyuwun marang Panjenengané supaya ngatingalaké pratandha saka ing swarga. 2 Nanging paring wangsulané Gusti Yésus: “Manawa soré langite katon abang sumulak, kowé kandha, iki bakal terang, 3 sarta esuk, manawa langite katon abang surem, kandhamu: Iki dina ora becik. Kowé bisa mbedakaké rupaning langit, nanging tanda-tandhaning jaman ora ngreti. 4 Jinis kang ala lan ora setya iki njaluk pratandha, nanging bakal ora kaparingan kajaba mung pratandané Nabi Yunus.” Gusti Yésus banjur tindak nilar wong-wong mau.
(Matéus 11:4; 12:38-40, Markus 8:11-12, Lukas 12:54-56)

Kita nggatekaké ing kené wawan pangandikan antarané Sang Kristus karo wong-wong Farisi lan wong-wong Saduki. Wong Saduki lan Wong Farisi yaiku wong kang ora ana pasarujukan antarané siji lan sijiné kaya kang ditulis ing sajroné Para Rasul 23:7-8, nanging wong-wong mau dadi sarujuk ing sajroné lumawan marang Sang Kristus. Anggoné dadi siji wong-wong mau awit Sang Kristus melehaké kaluputan lan anggoné kesasar wong-wong Saduki kang nyelaki anané jagating roh lan panguripan roh sakwisé mati, lan uga nutuh anggoné gumunggung, sawenang-wenang, lan anggoné lelamisan wong-wong Farisi, kang dadi tukang malsu saka adat tata cara leluhur. Sang Kristus lan kekristenan disatroni saka sakabéhing golongan.

Wong akéh nekani Gusti Yésus arep nyoba supaya Panjenengané nindakaké mukjijat, tujuwani supaya wong-wong mau bisa pracaya yén Panjenengané iku Sang Kristus lan Raja. Wong-wong mau ora lega atiné gegayutan karo mukjijat kesarasan kang wis ditindakaké Panjenengané kaya nundhung roh ala lan nangekaké wong mati. Wong-wong mau duwé pepinginan Gusti Yésus ngudhunaké geni saka langit ditibakaké para prajurit Rum lan nyirnakaké prajurit iku utawa ngendhegaké srengené dadi tandha yén Panjenengané pancen diutus déning Gusti Allah. Umume, wong ora duwé kekarepan anané iman kang dibangun atas landhesan pamratobat, nanging dibangun atas landhesan kang bisa dideleng saka babagan politik lan ekonomi kanthi mengkono wong-wong ora prelu mratobat.

Sang Kristus ora bisa diperintah utawa dicobani. Panjenengané melehaké kekarepan alané. Panjenengané mratélakaké marang wong-wong mau senajana wong-wong mau pinter, wong-wong mau ora bisa wanung marang Panjenengané. Wong-wong mau ora gelem ngakoni kasunyatan kasukman ing sajroné Prejanjian Anyar lan kanthi lelamisan ora ndeleng pakaryan kebak rahmat kang ditindakaké Sang Kristus, senajana apa kang ditindakaké Panjenengané kebak karo sihé Allah. Wong-wong mau uga ora naliti kanthi tuntunan Sang Roh Suci nanging golék krajan kang asipat politi kang dilandhesi marang nggunakaké kekuwatan. Wong-wong iku ora nggoléki Kratoné allah kanthi kabecikan, pangapura lan sih palimirma. Yaiki sebabé Sang Kristus mestani wong-wong mau “jinis kang ala lan ora setya”

Akéh wong kang duwé maneka kabisan liya nanging ora bisa mbedakaké roh, lan awit saka iku, ora bisa njupuk mupangat saka wewengan ing jaman iki.

Kanthi pratéla iki, Gusti Yésus nyethakaké hakikat saka manungsa. Senajana wong-wong mau wangkot. Rama Kaswargan, kang nresnani wong-wong kang mbangun turut, ménéhi tanda kang ora ana bandhingané kang lumantar prekara iku kita bisa ngreti kaluhurané Sang Kristus. Kaya iwak iku muntahaké Yunus sakwisé prahara rampung supaya dhéwéké dadi sarana kanggo keselametan wong akéh, mengkono uga pati nguntal Gusti Yésus sakwisé prahara panandhang Panjenengané ing kayu salib. Nanging Gusti Allah paring dhawuh supaya pati ngeculaké Panjenengané kanthi mengkono Panjenengané bisa maringi panguripan langgeng marang wong-wong dosa kang dibenerake. Iki siji-sijiné tandha kang gedhé lan kang prelu ing sajroné sejarah manungsa, lan bakal dadi tanda kang pinesthi ing dina pengadilan mengko.

PANDONGA: Gusti Yésus Kristus, namung Paduka tandha Allah ing salebetipun tata laku lan pangandikan Paduka, ing salebetipun kaélokan lan patangen Paduka. Patangan Paduka saking séda menika tandha anggen Paduka mboten lepat ing salebetipun gesang langgeng Paduka, kinurmatan langgeng, lan kamimpangan atas pati lan Iblis. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka lan abingah-bingah atas kamimpangan Paduka, lan nampi saking Paduka, kanthi iman hak lan panguwaos kanggé ndhérék cawe-cawe ing salebetipun gesang langgeng Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé ta patangen Sang Kristus kang agung iku dadi bukti kang banget unggul saka sipat ilahiné Panjenengane?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 25, 2022, at 06:14 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)