Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- English -- Matthew - 146 (Four Thousand Fed)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- ENGLISH -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- Javanese -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
3. PELADOSAN LAN TUMINDAKĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 14:1 - 17:27)

h) Maringi Mangan Wong Patang Ewu (Matéus 15:29-39)


MATÉUS 15:32-39
32 Sakwisé iku Gusti Yésus tumuli nimbali para sakabate, padha dipangandikani mangkéné: Atiku trenyuh banget saka welasKu marang wong akéh iki. Wis telung dina anggoné padha ngetutaké Aku, mangka wis ora ana kang dipangan. Aku ora bisa akon mulih wong-wong iku, amarga lagi padha kaluwen, gek-gek padha ambruk ana ing dalan.” 33 para sakabate padha munjuk: “Kadospundi anggen kawula sami saged angsal roti wonten ing papan ingkang samun makaten, ingkang ngantos saged damel tuwuking tiyang ingkang samanten kathahipun punika?” 34 Pangandikané Gusti Yésus: “Kowé padha duwé roti pira?” “Pitu.” Atur wangsulané para sakabat, “Sarta wonten ulam alit-alit sawatawis.” 35 Gusti Yésus banjur dhawuh marang wong akéh iku supaya padha lungguh ing lemah. 36 Sakwisé mangkono Panjenengané banjur mundhut roti pitu lan iwak-iwak mau lan sakwisé caos sokur, banjur padha dicuwil-cuwil lan diparingaké marang para sakabat, sarta para sakabat padha ngedum marang wong akéh. 37 Tumuli kabéh padha mangan nganti wareg. Sakwisé mangkono turahaké diklumpukaké, nganti dadi pitung kranjang kebak. 38 Anadené kang padha melu mangan iku kang lanang, kajaba wong wadon lan bocah-bocah, cacahé patang ewu.39 Sakwisé iku Gusti Yésus nuli dhawuh marang wong akéh, supaya padha mulih. Panjenengané banjur nitih prau tindak menyang ing tlatah Magadan.
(Matéus 14:31-21, Markus 8:1-6)

Sang Kristus mirsani wong akéh kang kaluwen iku kang terus bebarengan karo panjenengané suwéné telung ndina keluwen telung mbengi ngrungokaké pangandikan Panjenengané lan ndeleng mukjijat Panjenengané. Panjenengané tuwuh rasa welasé marang wong-wong iki awit wong-wong mau ngrubung ana ing sakiwa tengen Panjenengané lan nalika Panjenengané dhawuh marang para murid Panjenengané supaya mitulungi wong-wong mau, para murid Panjenengané ngakoni anggoné ora kuwawa nulungi wong akéh iku. Nanging, Sang Kristus mulangaké watonan Panjenengané manéh marang wong-wong, yén Panjenengané bakal nindakaké prekara kang gedhé saka prekara cilik manawa prekara iku dipapanaké ing ngarsa Panjenengané kanthi iman. Sang Kristus ndedonga ing ngarepe wong akéh kang lungguh ngrubung Panjenengané lan ngaturaken panuwun marang Sang Rama atas pitu roti lan sawetara iwak ing tangan Panjenengané. Atur panuwun marang Sang Rama lan kepireng jawaban Sang Rama. Gusti Yésus kagungan watek-wantu andhap asor lan bener-bener kersa matur marang Sang Rama Panjenengané. Panjenengané ora golék kaurmatan kanggé sarira Panjenengané piyambak lan nglakoni panguripan kang mbangun turut marang jagat iki, lan urip ing sajroné keselarasan kang sempurna ing sajroné Sang Rama. Panjenengané ngaturaké panuwun marang Sang Rama awit sawetara roti kang bakal didadekaké akéh. Sebanjuré Sang Kristus maringi Roti lan iwak iku marang para murid Panjenengané lan patang ewu wong dalah karo keluwargané diparingi mangan.

Gusti kita Yésus Kristus tansah ngelingi nganti pira lawasé para pandhérék Panjenengané terus nyawang marang Panjenengané lan nggatekaké kangelané kang dilakoni (Wahyu 2:2). “Ingsun ngundaneni sakahing panggawénira: Iya marang rekasanira iya marang kaantepanira. Lan kowé ora bakal, awit apa waé , kelangan pituwasmu”.

Panguwasané Sang Kristus ora dimangerti déning para murid Panjenengané. “Saka ngendi kita nemokaké Roti ing ara-ara ngené iki?” Pitakonan kang pas, bisa uga wong bakal duwé pikiran kang kaya mengkono, pada kaya kang ditakokaké nabi Musa, “Punapa badhé sami kapragataken menda utawi lembu ingkang cekap kangé tiang semanten punika? (wilangan 11:22). Nanging nggatekaké jaminan kang gedhé kang dadi darbeké para murid ing sajroné Sang Kristus lan uga ndeleng maneka mukjijat kang memper kang wis tau dilakoni, pitakonan iku dadi ora pas. Para murid dudu mung para seksi, nanging melu njegur, ing sajroné kabéh mukjijat sadurunge. Roti kang didadekaké akéh didum nganggo tangané para murid! Awit saka iku pitakonan para murid kang diaturaké nuduhaké karingkihané. Ngalekaké pengalaman kang tau dumadi bisa dadi jalaran tukule rasa mangu-mangu ing jaman saiki.

PANDONGA: Rama, Paduka nitahaken jagat saking mboten wonten. Paduka maringi dhumateng kawula pangapunten Paduka ingkang kebak katresnan. Paduka wucalaké dhumateng kawula iman lan atur panuwun kanthi makaten kawula mboten nampik panguwaos Paduka lumantar anggen kawula mangu-mangu. Paduka nresnani tiyang-tiyang ingkang lugu lan tiyang-tiyang alit lan paring kawelasan dhumateng tiyang-tiyang menika. Paduka pitulungi kawula supados leladi Paduka kanthi ngladosi tiyang-tiyang, ngaturaké panuwun dhumateng Paduka atas peparing Paduka, lan nyucékaké panggesangan kawula ing salebetipun atur panuwun dhumateng Paduka. Paduka asta tangan kaswula lan tuntun kawula selaras karsa Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé lan kepiyé ta Gusti Yésus anggoné ndadekaké akéh roti lan iwak kanggo patang ewu wong kalawang keluwargane?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 25, 2022, at 06:12 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)