Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 144 (Great Faith Shown by Humility)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
3. PELADOSAN LAN TUMINDAKĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 14:1 - 17:27)

g) Kapracayané Wong Wadon Fenesia Kang Dituduhaké Ing Sajroné Anggoné Andhap Asor (Matéus 15:21-28)


MATÉUS 15:21-28
21 Gusti Yésus banjur jengkar saka ing kono tindak menyang ing tlatahé kutha Tirus lan Sidon. 22 Tumuli ana wong Kanaan saka ing jajahan kono kang teka kanthi nguwuh-uwuh: “Dhuh, Gusti, tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugia Paduka paringi kawelasan, anak kawula estri kapanjingan dhemit, mesakaken sanget.” 23 nanging Gusti Yésus ora kersa paring wangsulan babar pisan. Para sakabate padha ngadhep lan munjuk marang Gusti Yésus: “Tiyang punika kadhawuhana kesah, dené kok ngetutaken kita kaliyan bengok-bengok.” 24 Gusti Yésus banjur mangsuli, pangandikane: Aku mung kautus marni wedhus-wedhus Banisraél kang padha ilang bae.” 25 Nanging wong wadon mau banjur marak lan sujud ing ngarsané Gusti Yésus sarta matur: “Dhuh, Gusti, nyuwun tulung”. 26 Nanging Gusti Yésus mangsuli, pangandikane: “Ora bener, wong njupuk rotiné anak-anak banjur diuncalaké marang asu.” 27 Atur wangsulané wong wadon: “Kasinggihan Gusti, nanging segawon rak inggih sami nedha cuwil-cuwilan ingkang dhawah saking mejaning bendaranipun.” 28 Ing kono Gusti Yésus tumuli paring wangsulan pangandikane: “Heh, wong wadon, kok gedhé pangandelmu, mulané katekana apa kang dadi karepmu.” Lan sanalika iku uga anaké wong wadon mau banjur waras.
(Matéus 8:10, 13; 10:5-6, Markus 7:24-30, Rum 15:8).

Sakwisé Gusti Yésus nutuh para pemimpin Yahudi kang nambahi dhawuh Allah karo adat tata carané dhéwé lan awit asikep culika marang awaké dhéwé, kanepsoné ndadi. Para pemimpin Yahudi iku ngajak para pemimpin pedaleman Allah lan wong akéh lumawan Gusti Yésus, nampik Panjenengané lan ngawasi Panjenengané lan gawé ajuré Panjenengané. Wong akéh kang wis tau mangan roti kang élok saka sih rahmat Gusti Yésus alon-alon ninggalaké Panjenengané awit wedi marang para pemimpiné. Wong akéh mau ninggalaké Sang Krkistus lan rasa sengite wong-wong mau di obar. Ing kené kita ndeleng cariyos kang sanget misuwur babagan Sang Kristus kang nundhung roh ala saka anaké wadon, wanita Kanani iki. kang banget ngedap-edapi, cerita iki banget doyong mbelani wong-wong dudu Yahudi. Iki sawijining peparing sih rahmat saka Sang Kristus kang dicawisaké kanggo wong-wong mau. Panjenengané iki pepadhang kang dadi pratéla kanggo bangsa-bangsa (Lukas 2:32) kang “Rawuhé mugugi kagungané nanging para kagungané iku ora gelem nampani” (Yokanan 1:11).

Sing sapa kang kanthi sengaja ninggalaké sang Kristus bakal nemokaké yén awaké ora bisa dadi pérangan ing sajroné Panjenengané. Gusti Yésus tindak marang wong-wong dosa ing Libanon lan ninggalaké bangsa Panjenengané ing sajroné manembah brahalané. Wong-wong fenesia wiwit pracaya marang Panjenengané sawetara bangsa Panjenengané dhéwé nampik Panjenengané. Wong wadon kang ora tahu sekolah sebanjuré dadi pracaya lan sujud ing suku Gusti Yésus, lan nyuwun supaya Panjenengané nyarasaké anaké wedok kang kapanjingan sétan lan banget déning nandhang sengsara. Gusti Yésus ora ngandika apa-apa marang wong wadon iku. Para murid Panjenengané sebanjuré nganggep yén panguwuh saka wong wadon iku banget dené ngrusuhi, awit saka iku para murid njaluk supaya gusti nundhung waé wong wadon iku.

Panandhangé anak iku sawijining prekara gedhé kanggo wong tuwa, lan ora ana kang luwih gawé sengsara tinimbang karo manggon ana ing kabawah panguwasané Iblis. Wong tuwa kang duwé kawigaten karo anak bisa ngrasakaké kasangsaran rah lan daging dhéwé. “Senajana kepanjingan sétan nganti mengkono, bocah iku tetap anakku wadon”. Kaprihatinan kang abot saka salah siji anggota keluwarga kita ora ngilangi tanggung jawab kita marang wong-wong mau lan awit saka iku kita ora keno ora duwé kawigaten marang wong-wong iku. Kaprihatinan lan prekara keluwarga kang nuntun wong wadon iku sowan marang Sang Kristus.

Sang Kristus nyethakaké marang wong-wong babagan dhawuh saka Rama Panjenengané. Panjenengané kang kawitan diutus marang umat Panjenengané kang ilang, bangsa Yahudi, kanggo nylametaké wong-wong saka kabéh dosané. Nanging wong wadon iku ora mandheg anggoné nangis lan ora gelem ninggalaké Panjenengané awit Gusti Yésus iku pengarep-arepe kang pungkasan. Wong wadon mau nyerak lan manembah Gusti Yésus lang sujud malangi jangkah Panjenengané lan nyuwun supaya Panjenengané mirengaké panyuwuné gegayutan anaké wadon. Iki nuduhaké yén wong wadon iku pracaya marang panguwasa kang ora mlebu ing nalar saka Sang Kristus. Iman iki ngatonaké tanggapan saka Sang Kristus kang duwé sih kawelasan marang wong wadon iku. Panjenengané murnekaké iman wong wadon iku, nuntun marang babagan kang bener gegayutan karo Panjenengané lumantar pandadaran kang banget déning abot. Prekara-prekara saka Gusti Allah yaiku luwih dhisik kanggo umat Allah, wong-wong kang ndhérék wulangan Nabi Musa. Roti kang wis dicawisaké kanggo bocah-bocah ing sajroné omah ora diwenehaké marang asu! Nanging wong wadon iku kandha yén asu mangan saka cuwilan-cuwilan kang tiba saka meja bendarané. Mesti ana kang turah kanggo dhéwéke! Pangandikané Allah waé kang madhangi uripe manungsa, murnekaké atiné lan ngrubah pikiran.

Wong-wong kang bakal diluhuraké déning Sang Kristus, digawé dadi andhap asor luwih dhisik. Kita kudu nyawang apa awaké kita minangka ora pantes ing ngarsané sih rahmat Allah sadurungé kita dadi pantes lan duwé hak atas sih rahmat iku. Sang Kristus ngidinaké iman kita di dadar kanthi mangkono iman kita bakal kabukti, kaya iman Ayub ing mangsa kepungkur kita bisa maju sakwisé kita nglakoni pendadaran iman, dimurnekaké kaya emas.

Wong wadon iku arep nampani diasoraké diarani asu, awit prekara iku di dingandikaaké kanthi katresnan lan kayektén, kang kanthi pas nuduhaké anané kabéh manungsa. Wong wadon kang pracaya iku ngalahaké apa kang katoné sawijining anggoné Sang Kristus ora kersa marasaké anaké wedok. Kamangka Gusti Yésus kawitan nguwalaké atiné wong wadon mau saka anggoné gumunggung lan sebajuré marasaké anaké wedok. Dadia andhap asor kaya wong wadon Fenesia iku, lan tampa kahanan panjenengan minangka wong-wong dosa ing ngarsané Allah, sebanjuré panjenengan bakal bisa nampa anggoné panjenengan wanuh bakal kayektosan lan golék kang bisa nyucékake.

Sakwisé wong wadon iku lulus karo pandadaran ilahi kanthi ngasoraké awaké lan tetep teguh ing sajroné imané Gusti Yésus banget déning ngajeni, awit wong wadon mau wong kawitan saka golongan wong-wong dudu Yahudi. Panjenengané nyethakaké iman wong wadon iku minangka “Gedhé imanmu” kang bisa mindhahaké gunung lan nampani kasarasan.

Kita sinau saka wong wadon Fenesia iki supaya tegen ndedonga kanggo wong-wong kang kapanjingan sétan. Ibu iki, ing sajroné nresnani anaké wedok, wis ngorbanaké ajining awaké lan anggoné gumunggung lan nampani sawijining prakara saka Sang Kristus awit anggoné teguh. Dhéwéké cekelan marang Sang Kristus, lan ora nguwalaké Panjenengané nganti anaké wedok diwarasake. Keyakinan, katresnan lan pengarep-arepe nyurung Sang Kristus nanggapi apa kang dadi kabutuhané. Iki bukti yén donga kanggo para mitra lan keluwarga kita bakal dijawab manawa kita tegen nindakake.

Sawetaroa wong kandha ana sing lelawanan ing kené antarané Matéus karo Markus, Matéus mratélakaké yén wong wadon iku wong Kanaan, yén Markus kandha yén wong wadon iku wong Yunani saka Siro Fenesia.

Kita bisa kandha babagan laladan kang ngalimputi Tirus lan Sidon dhisik iku duwéké bangsa Kanaan, lan disebut Tanah Kanaan. Bangsa Fenesia iku tedhak turuné bangsa Kanaan. Laladané kalebu Tirus, kang disebut Fenesia utawa Siro Fenesia. Laladan iku direbut bangsa Yunani nalika semana dipimpin déning Aleksander Agung, kang kalebu uga kutha-kutha iku. Dadi wong wadon iku kalebu bangsa Yunani, urip kabawah pemerintahan Yunani, lan bisa uga nggunakaké bahasa Yunani. Wong wadon mau wong Siro Fenisia, lahir ing papan kono, lan tedhak turuné bangsa Kanaan kuna.

PANDONGA: Gusti kang adil, kebak sih rahmat, kula ngaken dhumateng Paduka babagan anggen kawula gumunggung kawula ingkang malangi datengipun kawilujengan saking Paduka dhumateng bangsa kawula. Uwalaken kawula saking sadaya patrap mentingaké badan piyambak kanthi makaten kula saget mangertos anggen kawula cemer. Kula mboten sempurna, awit menika Paduka sarasaken piawon kawula kanthi makaten kula sagert leladi Paduka kanthi iman ingkang mapan tetep, supados para mitra kula saget dipun selametaken. Paduka paringi kula iman kanggo ndedonga ngantos Paduka milujengaké para mitra kawula.

PITAKONAN

  1. Kepiyé ta kok nganti Gusti Yésus madhakaké wong-wong dudu Yahudi kuwi karo asu?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 25, 2022, at 06:07 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)