Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 134 (Net Cast Into the Sea of Peoples)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
2. TUWUHING KAROHANĚN SAKA KRATONING SWARGA: KRISTUS MULANG LUMANTAR PASEMON (Matéus 13:1-58) -- KLUMPUKAN KATELU PANGANDIKANÉ SANG KRISTUS

e) Jala kang Diuncalaké Ing Manungsa Akéh (Matéus 13:47-53)


MATÉUS 13:47-50
47 “Karodené manéh Kratoning Swarga iku upamané kaya krakad kang ditibakaké ing sagara, banjur ngumpulaké iwak warna-warna. 48 Bareng wis kebak banjur digered mentas menyang ing gegisik, wongé tumuli padha linggih milihi iwak-iwak kang becik sarta diwadhahi, dené iwak kang ora becik dibuwang. Iya kaya mangkono kaanané besuk ing wekasaning jaman. Malaekat-malaekat bakal padha teka misahaké para wong kang ala saska tengahé para wong mursid, 50 padha kacemplungaké ing pawon murub; ing kono kang tinemu panangis lan keroting untu.
(Matéus 22:9-10; 25:32)

Sapérangan ing antarané para murid asal usule yaiku para juru amek iwak. Para murid mau ngerti apa kang dikersakaké déning Guruné nalika Panjenengané nyethakaké pagawéan anyaré kanthi nggunakaké pasemon babagan iwak. Para murid kudu nyebaraké jalan pangandikan Panjenengané ing sajroné segara bangsané lan uga kabéh bangsa supaya bisa nggawa wong akéh marang Sang Kristus. Gereja kaperang saka wong-wong kang wis ditimbali saka kabéh turunan, suku lan mangsa.

Bakal teka wektuné nalika Injil bakal ngujudi tujuwané lan kita yakin yén Injil ora bakal bali kangthi nglaha (Yésaya 55:11). Jala lagi diisi. Kadhang kala jala iku kebak luwih cepet tinimbang karo wektu-wektu liyané nanging isih waé jala iku dikebaki lan digeret menyang nggegisik nalika “kengkeran Allah dipratélakake” (Wahyu 10:7)

Nalika jala iku dadi kebak lan digeret menyang gegisik, sebanjuré bakal dipilihi antarané kang becik karo kang ala kang kagawa déning jala iku. Wong-wong Kristen kang lelamisan karo kang tulus sebanjuré bakal dipisahakake. Kang becik bakal diklumpukaké ing sajroné wadhah kang becik, kang sebanjuré disimpen kanthi becik, sapérangan kang ala bakal dibuwang dadi larangan kang ora ana gunané. Nalika isih ana ing sajroné segara, ora dimangérténi apa waé kang ana ing sajroné segara mau. Para juru amek iwak dhéwé ora bisa mbedakake. Nanging para juru amek iwak sebanjuré nggeret menyang gegisik supaya nemokaké apa kang becik ing sajroné jala mau. Mengkono anggoné Gusti Allah duwé kawigaten kanggo gereja kang katon, lan mengkono uga kuduné anggoné nggatekaké para abdi Gusti kanggo wong-wong kang ana kabawah tanggung jawabe, senajana ing antarané wong-wong iku ana kang becik lan ana kang ala.

Gusti Yésus netepaké yén wong-wong ora bakal nindakaké pagawéa iku dhéwé, nanging bakal tulung tinulung kanggo nggeret jala iku. Ora ana wong kang bisa nggawa iwak akéh saka segara bangsa-bangsa dhéwékan waé. Saiki Sang Kristus nimbali panjenengan supaya nyebaraké jala, karo aku kabéh lan kabéh mitra panjenengan ing sajroné gereja, sebarna jala Pangandikané Allah menyang sakiwa tengan panjenengan, supaya panjenengan bisa nggawa tangga teparo panjenengan marang Gusti Yésus. Ndedongaa kanggo wong-wong iku, terangna babagan Sang Juru selamet marang wong-wong iku, ulemi wong-wong mau ing sajroné patemon panjenengan, wenehi wacan-wacan kasukman, lan ayo kita gotong royong kanggo pakaryané Gusti. Apa panjenengan ndedonga kanggo wong-wong iku kang maca Injil nanging durung mangerti? Sambungna awak panjenengan lumantar donga panjenengan kanthi mengkono wong-wong iku bisa nemokaké Injil Kristus kang bener lan nemokaké urip langgeng.

Gusti nimbali panjenengan supaya menangaké nyawa-nyawa, ora ngadhili wong-wong mau. Awit saka iku tampanen wong-wong mau kang kinurmat lan kang pinter lan aja nampik wong kang mlarat lan kesrakat, awit pengadilan iku kagungané Sang Kristus, Sang Hakim kang adil. Kareben dimangérténi yén anggoné leladi panjenengan bakal ketemu karo maneka jinis wong kang beda-beda – kang becik lan kang ala, kang kolot, lan kang maju, kang tuwa, lan kang enom, pinter lan bodo, mlarat lan sugih, duwé budaya lan ora duwé budaya, warga utawa wong manca, wong lara lan wong sehat. Tawakna pangandikan Allah marang wong-wong mau tanpa ana kang kelewatan, lan wartakna Injil keselametan marang wong-wong kang ana ing sakiwa tengen panjenengan. Aja keset, lunga lan makaryaa karo semangat mumpung dinané isih awan. Aja netepaké wong, apa wong iku ala utawa becik. Malaikat Allah kang bakal mbuwang wong-wong kang lelamisan, lan sebanjuré bakal nggawa wong dosa akéh kang mratobat menyang suwarga awit wong-wong mau cekelan marang Iman ing sajroné Sang Kristus.

Ing sawijining wektu ana wong nom-noman kang ora pracaya anané nereka. Nanging ing sawijining pepérangan, nom-noman mau ndlosor ing nglemah nalika bom tiba ing sacedaké, lan nom-noman mau untuné kerot-kerot nalika geni ngrusak kabéh kang ana ing sakiwa tengené. Nom-noman mau ujug-ujug bisa ngreti yén bias uga ana neraka kanthi geni kang langgeng. Apa panjenengan nresnani wong-wong kang ilang ing sakiwa tengen panjenengan, lan kepéngin nyelametaké wong-wong mau kanthi mengkono wong-wong mau ora kudu nampa cilaka ing sajroné pengadilan kang pungkasan? Manawa ora nindakaké mengkono, panjenengan ora duwé katresnan lan pantes nampani neraka.

PANDONGA: Gusti Yésus, Paduka nimbali kawula supados dados berkah kanggé menungsa, nanging kawula mboten mangertos kadospundi leladi tiyang-tiyang, awit kawula asring ewet nalika badhé sanjang lan martosaken kawilujengan dhumateng tiyang-tiyang sanés. Paduka apunten kawula Gusti atas karendhetan kawula, lan tuntun kawula sesarengan kaliyan sedhérék-sedhérék ingkang mbangun turut dhumateng Paduka, kanggé lelados tiyang-tiyang ingkang sampun Paduka sihi lan ingkang Paduka kersaaken supados Paduka tuntun dhumateng Paduka. Paringi tuntunan dhumateng kawula supados kawula nawakaké timbalan Paduka dhumateng tiyang-tiyang kanthi makaten tiyang-tiyang menika saget mratobat, wangsul sowan dhumateng Krajan katresnan Paduka, lan nampi gesang langgeng sadereng tiyang-tiyang kalawau pejah.

PITAKONAN

  1. Sapa ta Kang Dikersakaké Sang Kristus Supaya Panjenengan Tuntun Marang Kratoné-Panjenengane?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 09:59 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)