Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 135 (Net Cast Into the Sea of Peoples)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
2. TUWUHING KAROHANĚN SAKA KRATONING SWARGA: KRISTUS MULANG LUMANTAR PASEMON (Matéus 13:1-58) -- KLUMPUKAN KATELU PANGANDIKANÉ SANG KRISTUS

e) Jala kang Diuncalaké Ing Manungsa Akéh (Matéus 13:47-53)


MATÉUS 13:51-53
51 Kowé apa padha mangreti iku mau kabéh?” Atur wangsulané para sakabat: “Inggih, Gusti.” 52 Gusti Yésus banjur ngandika: “Mulané saben ahli Torét kang nampani piwulang bab Kratoning Swarga iku upamané kaya wong kang duwé omah, kang metokaké barang anyar lan barang lawas saka ing pasimpenane”. Sakwisé rampung anggoné paring pasemon-pasemon mau, Gusti Yésus banjur tindak saka kono.
(Markus 6:1, Lukas 4:16).

Para murid duwé pikiran yén wis ngerti kabéh piwulangé Gusti Yésus. Panjenengané mirsani para murid lan mesem kanthi kebak rahmat, awit kawruh iku ora sakabéhe, nanging ngetrapaké saben dina ing sajroné panguripan iku kang dibutuhake. Aja kandha kesusu yén panjenengan wanuh Sang Kristus lan Injil Panjenengané. Tindakna apa kang panjenengan ngreteni kanthi mengkono panjenengan bisa ngrumangsani manawa panjenengan mbutuhaké luwih akéh wahyu, lan baléni ayat-ayat iku makaping-kaping kinanthanen karo pandonga kang ora ana pedhote.

Katarangan kang cethek lan umum waé saka Prejanjian Anyar ora cukup kanggo kita. Kita prelu ngoyod kang jero ing sajroné kabéh pérangan iku, supaya bisa melu ing sajroné panguwasa lan tuntunan Sang Roh Suci, kanthi mengkono kita bisa temen-temen mundhak-mundhak ing sajroné prekara kanggo panguripan lan urip kang mursid lan dadi juru mulang kanggo wong liyané. Kaya ngapa ngéram-éramaké yén ana wong kang dadi juru mulang kang diwasa ora mung bakal ngandharaké pikirané dhéwé nanging mbabaraké pikiran Sang Kristus, lan nyesekaké kagem Panjenengané kanthi tembung-tembung kinurmatan saka para rasul, lan ngakoni pengalaman anyaré bebarengan kang Sang Juru selamet. Kabéh cawe-cawe Sang Kristus ing sajroné jagat iki lumantar pakaryan kawilujengan Panjenengané iku kaélokan kang gedhé kang pantes nampa pangalembana lan atur panuwun kang diunjukaké marang Gusti kang Agesang. Panjenengané paring wangsulan donga-donga, kang neguhaké iman, lan ngesokaké berkah-berkah marang pandhérék Panjenengané. Kraton Panjenengané ora kang mung kendel waé, nanging gesang, tuwuh, lan mekar. Apa panjenengan nyawisaké dalan kanggo Panjenengané lan makarya ing sajroné pategalan Panjenengane? Luhurna Gusti kanthi paseksen panjenengan. Aja mung nyebut Panjenengané dadi guru utawa, manawa bisa dadi Gusti kang Maha Kuwasa lan Putra Allah, Sang Juru selamet kang setya.

PANDONGA: Kawula ngluhuraken lan manembah Paduka, Gusti ingkang Suci lan setyo, awit Paduka mboten nganggep utawi nilaraken jagat ingkang awon menika, nanting nyebaraken jala Injil Paduka kanggé sadaya manungsa. Kawula nyuwun supados Paduka nggeret yutan manungsa ing jaman menika, supados ngagem kawula kanggi kawilujengan kathah tiyang, mitulungi kawula nyimpen pangandikan Paduka ing salebetipun kawula, lan nuntun pangandikan Paduka dhumateng para mitra kawula, nyeksekaké lumantar pakaryan kawula dinten menika yén kagungan Paduka kemawon sadaya panguwasa lan kaluhuran ngantos selaminya.

PITAKONAN

  1. Apa ta wulangan kanggo kita kang diwulangaké pasemon babagan jala marang kita?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 10:01 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)