Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 112 (Answer to the Baptist’s Disciples)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
1. PINITUWA WONG YAHUDI NAMPIK SANG KRISTUS (Matéus 11:2 - 12:50)

a) Jawabané Gusti Yésus marang para murid Nabi Yokanan (Matéus 11:2-29)


MATÉUS 11:2-6
2 Kacarita ana ing pakunjaran Nabi Yokanan midhanget pawarta bab pakaryané Gusti Yésus, 3 banjur ngutus sakabate ndikaaké munjuk marang Panjenengané mangkéné: “Punapa Paduka punika ingkang pinasthi rawuh, punapa kawula sami kedah ngentosi sanésipun?” 4 Gusti Yésus paring wangsulan, pangandikane: “Wis, padha mundhura, wartakna marang Yokanan apa kang kokrungu lan kokdeleng: 5 wong picak padha ndeleng, wong lumpuh padha lumaku, wong lara budhugen padha kabirat najise, wong budheg padha krungu, wong mati padha katangekaké lan wong mlarat padha kawartanan kabar kabungahan. 6 Rahayu wong kang ora nganti kacuwan bab Aku”.
(Maleakhi 3:1; Yésaya 35:5-6, 31:1; Lukas 7:18-23)

Sakwisé Sng Kristus ngutus para murid Panjenengané menyang kutha-kutha lan ndesa, Panjenengané nerusaké apa kang para murid tindakaké, neguhaké pakaryané para murid, nggenepké anggoné leladi para murid lan agawé para kang ngrungokaké Panjenengané ngadeg jejeg ing sajroné Injil Kratoné Suwarga; lan kanthi mengkono Panjenengané dadi dikenal ana ing ngendi-ngendi papan. Nalika iku uga, para murid wiwit pada rasanan, “Apa ya iki nabi kang diprasetyakaké déning Gusti Allah? Awit Panjenengané wis nindakaké akéh kaélokan kang ngéram-éramaké kaya Sang Mesih kang bakal teka, awit ora ana kang bisa nangekaké wong mati kajaba Panjenengane”.

Anggoné leladi mlaku terus, senajana Nabi Yokanan ana ing pakunjaran, lan iku ora nambahi kangelan, malah nambahi pangliburan kang akéh marang para pandhérék Panjenengané. Ora ana kang luwih nguwataké kanggo umat Gusti Allah kang lagi ana ing sajroné karupekan, luwih saka krungu “Pakaryan Sang Kristus” – mliginé kanggo nglakoni dhéwé ing sajroné panguripané. Prakara iku bisa ngurbah pakunjaran dadi kaya kraton. Kanthi cara tartamtu Sang Krisus bakal négesaké kayektén katresnan Panjenengané marang wong-wong kang lagi ing sajroné kaprihatinan lan bakal maringi tentrem rahayu ing sajroné atiné. Nabi Yokanan ora bisa ndeleng dhéwé anggoné leladi Sang Kristus, nanging dhéwéké krungu kabéh iku kanthi kabungahan. Diberkahi wong-wong kang ora ndeleng, lan mung krungu, nanging pracaya.

Nabi Yokanan, nalika ana ing pakunjaran kang peteng, krungu babagan Sang Kristus. Dhéwéké duwé pangarep-arep yén Sang Kristus bakal rawuh lan nguwalaké Panjenengané kanthi kaélokan awit Yokanan wis nyawisaké dalan kanggo pandhérék Panjenengané lumantar anggoné nguwuh supaya mratobat saka dhéwéke. Nabi Yokanan iku mitrané Gusti Yésus kang banget ditresnani, lan nandhang sangsara kanthi kakunjara kanthi cara kang ora adil kanggo kayektén. Nabi Yokanan duwé pangarep-arep supaya ndeleng ajuré panguwasa wengis lumantar tekané krajan swarga kang kebak kamenangan. Nanging, senajana wis ngenténi suwé, Gusti Yésus ora rawuh uga, lan Yokanan Pembaptis isih kabandha, lan dikurung lan dhéwékan ing sajroné pakunjaran. Nabi Yokanan wiwit mangu-mangu panguwasa Sang Kristus lan awit saka iku Nabi Yokanan ngutus loro muride supaya nyuwun pirsa marang Gusti Yésus, “Punapa Paduka punika ingkang pinasthi rawuh, punapa kawula sami kedah ngentosi sanésipun?” Sang Kristus ora banjur ménéhi jawaban marang dhéwéké, nanging Panjenengané nuduhaké marang pameca ing sajroné kitab Yésaya 35:5-6 kang nyethakaké babagan abdi Allah kang diprasetyakaké, lan Panjenengané bakal nylametaké wong akéh saka lelara, dosa lan pati. Pakaryan Panjenengané kang ora ana bandhingané dadi bukti kang ora bisa kabantah yén Gusti Yésus iku Sang Mesih kang diprasetyakake.

Ana kang duwé panemu yén nabi Yokanan nakokaké babagan iki kanggo legané dhéwé. Pancen bener dhéwéké wis ménéhi paseksen kang agung babagan Sang Kristus. Dhéwéké mratélakaké Gusti Yésus minangka “Putra Allah (Yokanan 1:34), “Cempené Allah” (Yokanan 1:29), “Kang mbaptis nganggo Sang Roh Suci “ (Yokanan 1:33), lan “kang diutus déning Allah (Yokanan 3:34), kang sakabéhé iku prekara-prekara kang agung. Nanging dhéwéké kepéngin supaya nampani pepesthen gumolong yén Panjenengané Gusti Yésus, iku pancen Sang Mesih kang diprasetyakaké wiwit suwé lan kang diarep-arep déning wong akéh.

Nabi Yokanan duwé pangarep-arep sawijining raja kang asipat kapitayan lan politik kang kanthi panguwasa Panjenengané bakal nyirnakaké kabéh tindak ora adil kang ana ing jagat lan nguwalaké para pandhérék Gusti Allah kang lagi kakaniaya. Nanging Sang Kristus ora bakal nggunakaké kapak kanggo negor wit kang ala. Panjenengané nylametaké wong-wong kang ilang, nyarasaké kang ringkih, lan nandur pengarep-arep ing sajroné ati wong-wong kang mangu-mangu. Panjenengané ora rawuh kanthi panguwasa kang asipat politik kanggo paring paukuman, nanging minangka jejeré cempening Allah kang alusing budi kang bakal nyirnakaké kabéh dosa wong kang dosa.

Anggoné mangu-mangu Yokanan bisa uga karasa awit kahanan mangsa kepungkur. Dhéwéké iku wong kang kabanda, lan bisa uga wis wiwit kagondha duwé pikiran yén pancen Gusti Yésus iku Sang Mesih, apa sebabé nabi Yokanan, kang dadi mitrané lan wis mbuka margi Panjenengané nganti katempuh ing sajroné prekara kang abot mengkono. Apa sebabé dhéwéké dijaraké semono suwéné ing prekara iku, lan apa sebabé Gusti Yésus ora tau ngendhangi, ngutus utusan utawa golék werta babagan kahanane? Apa sebabé Gusti Yésus kaya-kaya ora nindakaké apa-apa kanggo ngenthengaké utawa mungkasi kasangsarane? Ora prelu mangu-mangu manéh Gusti Yésus mesthi kangungan alesan kang kuwat kanthi mengkono Panjenengané ora ngendhangi ing pakunjaran. Bisa uga ana pasarujukan babagan prekara iku antarané priyayi loro iku. Nanging Nabi Yokanan bisa uga nafsiraké yén patrap Gusti Yésus iku ora maélu, bisa uga prekara iku ndhoyongkaké imané marang Sang Kristus.

Wong-wong liya duwé panemu yén Nabi Yokanan ngutus muride loro marang Sang Kristus kanthi pitakonan iki, ora kanggo nglegakaké pepinginané dhéwé, nanging luwih mung kanggo njawab pitakonan para muride. Panjenengan gatekaké prekara iki, lan cemawis kanggo nampani dhawuh saka dhéwéke. Para muride banget déning nresnani Nabi Yokanan lan ora gelem ninggalaké nabi Yokanan. Wiwit wiwitan, Nabi Yokanan wis cemawis kanggo menehaké para muride marang Sang Krsitus dikaya para murid kang kudu munggah tingkat pendidikan kang luwih dhuwur. Bisa uga dhéwéké wis ngerti yén patiné wis tambah cerak, lan awit saka iku nepungaké para murid marang Sang Krsitus, kang bakal dipitaya kanggo nerusaké piwulang marang para muride. Nabi Yokanan kudu ngrubah jeroné pikirané supaya bisa ngerti yén Sang Kristus iku kebak katresnan lan minangka cempené Allah kang sempurna, cemawis kanggo nandhang kasangsaran lan séda kanggo nebus jagat kang dosa. Iki wulangan kang abot kanggoné nabi Yokanan. Prekara iku beda banget karo pangertén Prejanjian Lawas kang kapahami lan diwulangaké déning wong-wong Yahudi. Katresnan Gusti Allah banget déning éndah nyata ing sajroné Sang Krsitus, kebah andhap asor lan alusing bebuden – ora kanthi peksan, kanthi kekerasan utawa kanthi wengis.

PANDONGA: Gusti Allah kawula ingkang suci, Paduka kebak rahmat. Kawula manembah Paduka, lan nyuwun supados Paduka ngesokaké katresnan Paduka ing salebertipun manah kawula kanthi makaten kawula saget gesang kanthi kabingahan, andhap asor, sabar lan gadhah sih kawelasan. Paduka tulungi kawula mangertos kasunyatan Sang Kristus ing salebetipun pribadi Gusti Yésus lan ndhérék Panjenenganeipun ngantos pejah, kanthi makaten kawula saget kalimputan pangaji-pangaji Panjenengané lan dadi suci lan mboten cacat ing salebetipun kasucén. Paduka kiyataken kawula kanthi makaten kawula mboten mangu-mangu dhumateng Paduka nalika kawula kedah ngadhepi karupekan lan badhé terus saget manunggal ing salebetipun Paduka ing samukawis kahanan.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé gusti Yésus ora nguwalaké Nabi Yokanan saka pakunjaran?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 09:22 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)