Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 111 (Aim of Preaching)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
C - MURID ROLAS DIUTUS SUPAYA KUTBAH LAN LELADI (Matéus 9:35 - 11:1)
3. CARANĚ NJEMBARAKÉ KRATON SUWARGA (Matéus 10:5 - 11:1) -- KUMPULAN KAPINDHO SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

e) Tujuan Kang Paling Luhur Nalika Leladi (Matéus 10:40 - 11:1)


MATÉUS 11:1
1 Sakwisé Gusti Yésus mungkasi piwelingé marang sakabat-sakabate rolas, banjur tedhak saka ing kono, bakal memulang lan nggelaraké Injil ana ing kuta-kuthané.
(Lukas 7:18-23)

Matéus Sang juru pawarto Injil gawé cathetan kanggo para abdi Sang Kristus lan utusan Panjenengané babagan kaagungan Sang Kritus kang ngluwihi sakabéhe, supaya para abdi Sang Kristus lan para utusan Panjenengané bisa martakaké tekané Kraton Suwarga. Panjenengané ora nimbali para Abdi Sang Kristus lan utusan Panjenengané iku supaya nampani bayaran kang gedhé, nanging nuntun para wong-wong iku mbangun kelompok sinau Kitab suci ing ngomah-ngomah supaya bisa ngrasakaké panguwasané Allah ing sajroné awaké wong-wong pracaya. Panjenengané maringi wong-wong mau panguwasa supaya nindakaké apa kang para abdi Kristus lan utusan Panjenengané kandhakake. Panjenengané ngelingaké marang wong-wong mau, nalika iku uga, bakal timbul wong-wong kang nggunakaké kajuligan, goroh lan nindakaké kekerasan. Ing tengah-tengah pedhote sesambungané wong-wong mau karo wong-wong kang disihi, Panjenenané maringi marang wong-wong mau panglipuran kang gedhé ing sajroné panganiaya lan neguhaké wong-wong iku ing sajroné panjangkung, kaanané lan panguwasa Panjenengané yén wong-wong mau ora bakal katempuh cilaka utawa ditinggalake. Panjenengnae ngyakinaké wong-wong mau yén kabéh rambut ing sirahé kaetung, rambut iku ora ana siji waé kang bakal tiba tanpa karsané Ilahi Panjenengané lan Gusti Allah piyambak manunggal ing sajroné uripe wong-wong mau lumantar Sang Roh Suci. Panjenengané neguhaké pangakon wong-wong mau babagan Gusti Yesu kang bakal mlebu ing sajroning ati wong-wong kang pracaya marang Panjenengané.

Para murid Gusti Yésus urip tansah urip mbangun turut marang dhawuh Panjenengané lan Gusti neguhaké paseksené amberkahi anggoné leladi lan nyempurnakaké kabéh kekurangan nalika para murid nindakaké pakaryané. Apa panjenengan uga lunga apa isih lungguh ing sajroné kamar panjenengan dhéwé? Apa karupegan ing sajroné wong akéh ngruntuhaké ati panjenengan, panjenengan runtuh welas asihé marang wong-wong iku, utawa apa ati panjenengan malah asikep mangsa bodo? Apa ati panjenengan ngrasakaké kasugengané Sang Kristus ing sajroné telenging ati panjenengan? Manawa bener mula wartakna lan pratélakna kanthi wicaksana. Aja mung meneng waé. Aja wedi marang para wong kang seneng ndakwa, nanging mbangun turuta marang rancangan lan karsané Gusti Allah. Apa panjenengan ngersakaké gusti milih sawetara wong kang ora ana gunané kang dadi utusan Panjenengané awit wong-wong kang ditetepaké malah ora awatek satriyo, lan putra-putra Panjenengané malah singidan lan agawé maneka werna alesan supaya ora nindakaké tugas leladiné lan nyancang ilate, ora gelem martakaké kaluhuran sang Ramane?

Gusti Yésus wis ndhawuhaké kita supaya maju terus ing sajroné leladi Panjenengané malah nganti saiki! Matéus Sang Juru pawarta Injil ngringkes kotbah kaping pindah Sang Kristus minangka dhawuh saka Gusti atas langit lan bumi, kang kudu ditindakaké kanthi setyo. Sapa ta ing antarané kita kang banget wangkot atiné nganti lumawan dhawuh Raja atas kabéh Raja, bendara atas kabéh bendara?

Ana timbalan kang gedhé ing ngarepan kita, timbalan saka suwargha, uleman katresnan. Apa ana wong kang gelem mbangun turut, ndedonga lan nyesekaké ing sajroné panguwasa Sang Roh Suci lan nindakaké timbalan Panjenengane?

PANDONGA: Dhuh Gusti, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka, awit ngutus Putra Paduka, Gusti Yésus Kristus ing salebetipun jagat ingkang cemer menika. Lumantar Panjenengané Paduka milih para rasul Paduka, pangen lan uga seksi-seksi Paduka. Kawula ngluhuraken Paduka awit Sabda Paduka, sampun dumugi kawula, nyucékaké kawula, nyegeraken kawula lan nyucékaké kawula. Kalimputana kawula kanthi panguwasa katresnan Paduka, Paduka paringaken dhumateng kawula karsa lan tekad kanggé ngakeni lan martoasaké kraton kasuman Paduka ing jagat menika. Paduka berek kawula lan Paduka paringi kasagetan kawula kanthi makaten kawula saget kesan ing salebetipun panguwasa Sang Roh Suci lan ngasilaken woh-woh kasaénan lan katresnan Paduka. Paduka manunggal ing salebetipun lampah gesang kawula. Tuntun kawula ing margi gesang, awit Paduka sampun nimbali kawula kanthi makaten tembung-tembung kawula ingkang ringkih badhé dados tembung-tembung kang ngandhut panguwasa saking Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa kang panjenengan sinau saka dhawuh Sang Kristus kanggo kandha marang wong-wong kang ilang?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 08:21 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)