Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 107 (Division)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
C - MURID ROLAS DIUTUS SUPAYA KUTBAH LAN LELADI (Matéus 9:35 - 11:1)
3. CARANĚ NJEMBARAKÉ KRATON SUWARGA (Matéus 10:5 - 11:1) -- KUMPULAN KAPINDHO SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

d) Crah Amarga Saka Pawartan (Matéus 10:34-39)


MATÉUS 10:34
34 “Kowé aja padha ngira, yén tekaKu nggawa pirukun ana ing bumi. TekaKu iku ora nggawa pirukun nanging pedhang.
(Mikha 7:6; Lukas 12:51-53)

Gusti Yésus iku raja katentreman, lan para pandhérék Panjenengané diwestani kang nggawa katentreman. Ing sajroné Injil, kita maca tembung tentrem kurang luwih kaping 100, nanging apa sebabé gusti Yésus ngandika yén Panjenengané rawuh kanggo nggawa pedang lan dudu tentrem? Iki ateges, kawitan, sing sapa mlebu ing sajroné pepérangan kang keras lumawan dosa anggoné nyingkur awaké dhéwé lan mati kanggo awaké dhéwé. Panjenengan ora bisa leladi Gusti Allah lan awak dhéwé ing wektu kang padha. Panjenengan temtu bakal sengit kang kawitan lan nresnani kang sijiné utawa nresnani kang kawitan lan ninggalaké kang kapindho. Gusti Yésus ngersakaké nimbali kekarepan panjenengan kanthi mengkono panjenengan bisa ngalahaké lan ninggalaké dosa panjenengan kanthi pangwasané Gusti.

Kang kapindho, ngunus pedang kanggoné Gusti Yésus ateges yén kita ora bakal nggunakaké pedhang iku kanggi nyirnakaké satru kita, awit Panjenengané ora tau ngangkat gaman, utawa uga ngwutahaké getih. Wong kang maca Para Rasul kanthi teliti ora bakal nemokaké anané pepérangan antarané warga Kratoning Allah karo wong-wong Yahudi, utawa karo wong-wong dudu Yahudi. Nanging, kitab Sejarah iki ménéhi paseksen marang kita yén panguwasa jagat nggunakaké pedaang lumawan anggota gereja kanggo ndadekaké marem pepinginan para pemimpin agama lan golongan kang fanatik.

Sang Kristus ora ngidinaké anané wong kang dipateni utawa nganti ngwutahaké getih atas jeneng Kraton kasuman Panjenengane! Agama kita ora kalandhesi atas pedhang, nanging atas katresnan lan pikurmatan. Saben wong Kristen kang nerak watonan iki bakal diukum. Gusti Yésus ora nyingkiri perjuangan kasukman, nanging Panjenengané nyawisaké para murid Panjenengané kanggo pepérangan kang gedhé lumawan roh-roh ala, supaya para murid ora bakal mlayu nalika pepérangan kasukman dadi panas. Paulus, Sang Rasul, nulis yén kita kudu ngalahaké benteng Iblis kanthi iman lan katresnan (Efesus 6:16 lan Rom 12:21). Kita nyuwun marang Gusti Allah supaya ngebrukaké benteng-benteng agama palsu lan filsafat jagat atas panerak-panerak lan bencana kang digawa marang manungsa.

Charles H. Spurgeon, wong iman, nalika iku nampani tantangan lan dipoyoki kanthi diulemi kanggo mbuka sawijining acara kang diwernani kanthi patrap cabul. Pendeta iku nampani tantangan iku lan bener-bener teka kanthi manganggo sandhangan jangkep kapanditan. Nalika acara pambuka wis meh wiwit, pendeta iku ngadeg ménéhi sambutan kanthi kandha, “Sedulur-sedulur, panjenengan ngulemi aku kanggo nekani bukaan lan aku nampa uleman panjenengan, awit saka iki, panjenengan idini aku miwiti kanthi pandonga”. Wong-wong kang teka banget déning kagét. Wong-wong mau pandeng-pandengan, nanging pendeta iku tanpa maélu marang wong-wong kang kagét, banjur ndedonga, “Dhuh Gusti, Paduka rawuh ing sadhengah papan lan Paduka pirsa menapa ingkang badhé dipun tindakaken tiyang-tiyang menika. Kula nyuwun Paduka cawe-cawe lan ngendhegaké patrap edan-edanan menika, supados tiyang-tiyang menika emut bilih tiyang-tiyang menika mboten saget nglajengaken dosa menika ngantos ngrembaka ing tengahing masyarakat kawula ing antawisipun para nem-neman lan tiyang-tiyang sepuh”. Lan sebanjuré mungkasi pandongané kanthi kandha, “Main, Gusti.”. spurgeon mungkasi dongané nglantaraké salam marang kabéh wong lan banjur lunga.

Setahun sebanjuré, kliru tampa kang gedhé dumadi ing antarané wong-wong iku lan dumadi cecongkrahan ing antarané para penguruse. Teater iku banjur ditutup, lan kegiatané mandeg. Kaya ngapa adohé kahanan para pemimpin agama saiki karo kang ditindakaké Spurgeon. Para pemimpin agama iku ora ngangkat senajan mung driji siji kanggo lumawan program pornogravi kang saya ngambra-ambra becik ana Televisi utawa ana ing film-film. Kita malah nemokaké sawetara ing antarané para pemimin melu nyawiji ing sajroné acara-acara mengkono, kanthi alesan jaman kang wis tinarbuka lan moderend. Para pemimpin iku reka-reka wis lali karo paraga kang dipitayaké gusti marang dhéwéké mau nalika Panjenengané ngandika: “Kowé iku padha dadi uyahing bumi. Lah yén uyah iku ilang asiné apa kang kanggo mulihaké asine? Wis ora ana gunané manéh kajaba mung dibuwang lan diidak-idak ing wong” (Matéus 5:13). Akéh-akéh kotbah-kotbah Sang Kristus dialamataka kanggo nyawisaké utusan-utusan Panjenengané kanggo mangsuli karo tembung lan nahan serangan. Kanggo Sang Kristus pedeng nglambangka perjuanan lumawan panguwasa pepeteng kang ngancam kabéh wong lan mbudidaya nguwasani kita.

Wong-wong Yahudi duwé pikiran yén Sang Kristus bakal rawuh kanggo maringi para pandhérék Panjenengané kasugihan, kamisuwuran lan panguwasa ing jagat iki. “Ora”, pangandikané Sang Kritus. “Aku ora rawuh kanggo ménéhi tenrem; tentrem ing suwarga pancen mesthi, nanging ora tentrem rahayu ing jagat iki”. Sang Kritsus rawuh kanggo maringi marang kita rukun karo Allah, tentrem rahayu langgeng ing sajroné ati kita, rukun sejati karo pepadhané kita, nanging “Ana ing donya kowé padha nandhang panganiaya” (Yokanan 16:33). Ing dina-dina pungkasan mengké katentreman bakal dipundhut sawutuhé saka jagat (wahyu 6:4) nganti mangsa rawuhé Sang Raja Katentreman iku.

MATÉUS 10:35-37
35 Sabab tekaKu iku njalari wong crah karo bapakné anak wadon karo embokne; mantu wadon karo embokné maratuwa, 36 lan wong bakal dimungsuh déning wong-wong kang nunggal saomah kabéh. 37 Sing sapa nresnani bapa utawa biyungé nganti ngungkuli Aku, iku ora pantes tumraping Aku, lan sing sapa nresnani anaké lanang utaa wadon ngungkuli Aku, iku ora pantes tumraping Aku.
(Pangandaring Torét 13:7-12; 33:9; Lukas 14:26-27).

Gusti Yésus wanuh kabéh wong kang nampa asma Panjenengané lan manunggal ing sajroné Panjenengané. Panjenengané mbudidaya supaya narik wong-wong iku metu saka cancangan golongané wong-wong mau, metu saka susuh keluwarga kinasihe, metu saka budaya bangsané. Panjenengané pirsa yén sesambungan rah asring luwih kuwat lan luwih aji tinimbang karo budaya lan agama, lan masyarakat ora bakal ngejaraké krabate nampa Gusti Yésus kanthi gampang. Wong-wong iku milih urip ing sajroné pepeteng tinimbang karo kelairan manéh ing sajroné Gusti Yésus.

Wong-wong kang dipikir ringkih bakal dadi panganaya lan bakal nganiaya. Ibuné bakal mbalik lumawan marang anaké wedok kang dadi pracaya, kamangka mestiné sih katresnan lan tanggung jawab, dipitaya bakal nyegah lan ngrampungaké cecongkrahan. Ora gumun uga yén mantu wadon bakal lumawan ibu maratuwané sawijining prekara kang pancen asring ditampa mengkono, yén katresnan kang adhem asring nukulaké hawa ora kepenak. Umume, ‘satru wong iku wong-wong ing saisi omahé (ayat 36). Wong-wong iku kuduné dadi mitrané malah dadi satruné awit dadi wong Kristen, lan kanthi mligi aswit ngadeg jejeg ing keyakinan senajana wis dianiaya, lan wong-wong mau bakal nyawiji karo para pangiaya kang nganiaya dhéwéke. Ing sajroné kotbah Panjenengané gegayutan anggoné njembaraké kraton Ilahi, Gusti Yésus nyeksekaké kaping pindah babagan anggoné lara banget kang bisa dilakoni wong ing sajroné uripe yaiku pinisah karo keluwarga demi ngluhuraké asma Yésus. Anggoné kita dadi wargané keluwarga Gusti Allah luwih penting saka nerusaken kekeluwwargaan ing donya kita. Nalika wong tuwa lan tangga teparo panjenengan nyegah panjenengan ndhérék Gusti Yésus, panjenengan kudu luwih mbangun turut marang Gusti Allah tinimbang manungsa awit titah ora bisa mbangun turut ing sajroning pambangun turut marang Kang Nitahake. Kala-kala wong tuwa nandhang sangsara! Wong-wong tuwa nresnani anak-anaké nanging kudu ndeleng anak-anaké padha ninggalaké Gusti Yésus lan melu wong-wong kang dadi satruné Sang Kristus, nanging katresnané Allah bakal menang malah atas rerasan pribadi kita.

Sing sapa lagi nglakoni coban kang mengkono pantes kanggé nampani pandonga, panyengkuyung lan patunggalan kita, awit kita dadi keluargané kang anyar sakwisé wong iki ninggalaké sanak lan krabate.

PANDONGA: Dhuh Rama kasuwargan, kawula ngaturaken panuwun awit Paduka nresnani sadaya manungsa, mliginipun tiyang-tiyang ingkang nglampahi panganiaya lan patra keras awit imanipun dhumateng Putra Paduka Gusti Yésus. Paduka kemawon Rama kasukman! Paduka paringi sedhérék-sedhérék menika kawicaksanan supados saget asikep kaliyan krabatipun; kanthi makaten sedhérék-sedhérék menika saget ngasoraké badanipun, nresnani sedhérékipun, leladi lan gesang sesarengan kabawah kasaénanipun sang Roh Kristus. Paduka bikakaken dhumateng putra-putra Paduka ingkang saweg dipun aniaya lawang kanggé manungal kaliyan keluwarga ilahi Paduka, kanthi makaten sedhérék-sedhérék menika mboten kasepen lan kanganiaya, nanging kaayoman lan ditresnani ing sajroné patunggalan wong-wong suci.

PITAKONAN

  1. Kepiyé ta wong-wong kang anyar lagi waé mretobat iku anggoné kudu asikep marang keluwargané kang nganiaya dhéwéké awit krana iman marang gusti Yésus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 08:13 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)