Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 106 (Encouragement)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
C - MURID ROLAS DIUTUS SUPAYA KUTBAH LAN LELADI (Matéus 9:35 - 11:1)
3. CARANĚ NJEMBARAKÉ KRATON SUWARGA (Matéus 10:5 - 11:1) -- KUMPULAN KAPINDHO SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

c) Panglipuran ing Tengahing Kaangélan (Matéus 10:26-33)


MATÉUS 10:32-33
32 Saben wong kang ngakoni Aku ana ing ngarepaning manungsa, iku iya bakal Dakakoni ana ing ngarsané RamaKu kang ana ing swarga. 33 Nanging sing sapa nyelaki Aku ana ing ngarepaning manungsa, iku iya bakal Dakselaki ana ing ngarsané RamaKu kang ana ing swarga.
(Markus 8:38; Lukas 9:26; 2 Timotius 2:12; Wahyu 3:5)

Sang Kristus négesaké marang panjenengan yén Panjenengan minggah dhateng Suwarga. Panjenengané nyebutaké jeneng panjenengan ing ngarsané Gusti Allah, awit panjenengan leladi ing jagat iki ing sajroné asma Gusti Yésus Kristus. Pangakon panjenengan ing jagat iki cetha duwé daya pengaruh ing Suwarga. Putra Allah Piyambak, pirsa suwara panjenengan, dadi panjenengan supekaké babagan ajining diri lan hasil kabisan panjenengan lan derajat keluarga lan kandhaa kanthi wicaksana lan tinarbuka yén Gusti Yésus iku Juru selamet lan Raja atas kabéh Raja. Dadi, panjenegan bakal tetap mapan ing pénggalihé Gusti Allah ing salawase. Akéh wong kepéngin jenengé dikenal presiden, pemimpin lan para raja kanthi pengarep-arep bakal entuk kabejan saka kono. Nanging jeneng panjenengan bakal disebutaké kanthi cara pribadi ing ngarsané Gusti Allah, manawa panjenengan ngakoni asma Gusti Yésus marang mitra, sedulur lan uga satru panjenengan. Apa panjenengan nyeksesaké babagan keselametan, anggoné gusti Yésus kasalib, anggoné gusti kakubur, lan anggoné Gusti kawungaké saka séda? Utawa panjenengan malah kaya watu kang mati, ora obah lan ora nuduhaké tanda yén panjenengan urip? Manawa panjenengan ora bisa ménéhi paseksen kanthi cara tinarbuka, nyuwuna marang Gusti Yésus supaya nuduhaké marang panjenengan wewengan kang pas kanthi mengkono panjenengan bisa nyesekaké sakwisé panjenengan ndedonga marang Panjenengané. Wong kang ora gelem nglantaraké paseksené kanggo Gusti Yésus lan nampik Panjenengané ora bakal disebut jenengé ana suwarga. Iman panjenengan marang Sang Kristus mung minangka kapercayan waé ora cukup, awit paseksen atur panuwun kang kudu tansah ana ing urip panjenengan.

Manawa panjenengan nresnani Gusti Yésus, panjenengan bakal ngakoni Panjenengané. Sang Roh Allah bakal nyurung panjenengan supaya nyebutaké asma Sang Kristus, Sang Juru selamet panjenengan. Nanging manawa panjenengan nyepelekaké lan lumawan tuntunan Sang Roh Suci ing sajroné panjenengan lan ora gelem ngandhakaké marang wong-wong liya gegayutan sang Juru selamet, panjenengan misahaké awak panjenengan saka panguwasané Gusti Allah. Penganten wanita nresnani penganten pria lan manawa dhéwéké ora ngandhakaké penganten lanang, tresnané bakal dadi adhem lan sebanjuré bakal ilang. Mengkono uga karo paseksen panjenengan. Iku bukti saka iman panjenengan. Tanpa ana pangakon kang wicaksana lan paseksen kang tinarbuka kanggo Gusti Yésus kabawah pimpinan Roh Suci, iman panjenengan mesti bakal ajur!

Sawijining wewengan kanggo kita, ora mung kanggo pracaya marang Sang Kristus lan leladi Panjenengané nanging uga kanggo nandhang sangsara kanggo iman kita marang Panjenengané nalika kita ditimbali kanggo babagan iku. Kita aja nganti tau rumangsa isin babagan gegayutan kita karo Sang Kristus, aja isin anggon kita sumendhé marang Panjenengané lang pengarep-arep kita babagan Panjenengané. Kanthi mengkono, murniné iman kita dadi nyata- asma Panjenengané diluhuraké lan wong-wong liya bakal dikuwatake.

Nanging senajana prekara iki uga bisa uga bakal nuntun kita marang kangelan lan prekara saiki, kita bakal nampeni genti kang luber-luber, ing sajroné patangen wong-wong bener, lan nalika iku kita bakal nampani kaluhuran lan kabungahan kang ora bisa dilahiraké krana tembung nalika krungu Sang Kristus ngandika (apa kang luwih nyenengaké manéh?) “Aku bakal ngakoni wong iku.”

Banget déning mbebayani yén nganti nampik sang Krtistus lan ninggalaké ing ngarepané manungsa. Panjenengané bakal nampik wong-wong kang nindakaké prekara iku ing dina kang agung mbesuk, nalika wong-wong iku banget mbutuhaké Panjenengané. Sang Kristus mbesuké bakal dadi bendara atas wong-wong kang ora gelem dadi abdi Panjenengané “Ing wektu iku bakal padha dakblakani mangkéné: Aku durung tau wanuh karo kowé. Padha sumingkira saka ing ngarepKu, heh, wong kang padha gawé duraka” ( Matéus 7:23)

PANDONGA: Dhuh Gusti Yésus, Paduka gesang. Donga syafaat Paduka inggih menika panguwasa lan pangajeng-ajeng kawula. Kawula mboten badhé arjih dhumateng tiyang-tiyang ingkang nganiaya kawula, awit gesang kawula ayem ing salebetipun Paduka. Paduka wucal kawula supados ngakené asma Paduka kanthi kendel lan wicaksasna lan Paduka paringaké dhumateng kawula kekendelan Sang Roh Suci kanggé mratélakaken katresnan Paduka dhumateng kawula. Maturnuwun awit ngakeni nami kawula ing ngarsanipun Sang Rama ingkang migatosaken kawula lan malah ngetang rambut ing sirah kawula. Amin.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé kita ora prelu wedi marang manungsa utawa marang pati?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 10:20 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)