Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 108 (Division)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
C - MURID ROLAS DIUTUS SUPAYA KUTBAH LAN LELADI (Matéus 9:35 - 11:1)
3. CARANĚ NJEMBARAKÉ KRATON SUWARGA (Matéus 10:5 - 11:1) -- KUMPULAN KAPINDHO SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

d) Crah Amarga Saka Pawartan (Matéus 10:34-39)


MATÉUS 10:38-39
38 Sing sapa ora manggul salibe lan ngetut-buri marang Aku, iku ora pantes tumraping Aku. 39 sing sapa ngeman nyawané bakal kelangan nyawané lan sing sapa kelangan nyawané marga saka Aku, iku bakal nampani nyawané.
(Matéus 16:24-25; Lukas 9:24; Yokanan 12:25)

Iki pratéla kang kawitan gegayutan kayu salib kang dingandikaaké déning Gusti Yésus ing sajroning Injil miturut Matéus, kang nulis Injil, nalika dhéwéké nyethakaké gegayutan anggoné pisah wong-wong pracaya karo keluwargané. Panjenengané ora ngunderaké kawigatené ing sajroné kotbah Panjenengané marang kayu salibe piyambak, nanging ngandika gegayutan para pandhérék Panjenengané luwih dhisik, wong-wong pracaya bakal nglakoni kasangsaran awit keluwargané dipadhakaké karo paku kang nembus sampeyan lan asta Panjenengané. Gusti njaluk kita supaya ndhérék Panjenengané apa waé kang dumadi, awit kanggo wong kang mangro atiné kanggo manungsa lan kango putra Allah, ora bakal manéh duwé papan ing sajroné atiné kanggo putra Allah. Sang Kristus maringaké sarirané sawutuhé kanggo panjenengan, Panjenengané ngersakaké panjenengan masrahaké awak sawutuhé kanggo Panjenengané. Karahayon ing sajroné urip ora mung nglakoni urip kanthi gampang ing sajroné keselarasan karo krabat lan mitra panjenengané nanging kanggo wektu kang padha, dadi seksi kanggo Panjenengané kang wis wungu saka anggoné séda lan ngesokaké Roh Suci Panjenengané marang para pandhérék Panjenengané. Wong kang milih jagat, milih pati lan kacilakan langgeng, nanging sing sapa milih sédané Gusti Yésus, milih urip kang langgeng. Sing sapa mbudidaya kanggo nglegakaké manungsa lan Kristus pisan, bakal gagal lan bakal dadi wong lamis kang ora jujur, nanging sing sapa ngluhuraké Gusti Yésus luwih saka dhuwit, warisan, krabat lan mangsa tembe kang asipat kadonyan, bakal tepung Sang Putra Allah ing sajroné kabéh kapenuhan Panjenengané.

Paugeran nabi Musa mratélakaké yén sing sapa nerak pranatan bangsa iku bakal disebrataké lan dirajam. Pemerintahan Romawi ora ngidinaké bangsa Yahudi nindakaké pranatan iku, awit bebaya pati tansah ngancam kaya ana pedang gumantung ing sakndhuwuré sirah wong-wong saka kang asal usule Yahudi kang wis pracaya marang Gusti Yésus. Awit saka iku, Gusti Yésus ngandika yén kumandel marang Panjenengané iku pada karo kayu salib awit loro-loroné mbutuhaken ati kang cemawis kanggo mati saben dina.

Wong-wong kang bakal ndhérék Sang Kristus, kudu cemawis nampani kayu salib lan ngangkat salib iku. Ing sajroné ngangkat kayu salib, kang ndhérék Sang Kristus bisa nuladhani Sang Kristus lan nyangga kayu salib dikaya Gusti Yésus anggoné nyangga. Iki panglipuran kang gedhé kanggo kita, yén ing sajroné manggul salibe kita lagi ndhérék Sang Kristus, kang wis nuduhaké lakuné marang kita. Manawa kita ndhérék Panjenengané kanthi setya, Panjenengané bakal nuntun kita nglewati kabéh kasangsaran, lan bisa nggayuh kaluhuran bebarengan karo Panjenengané.

PANDONGA: Dhuh Gusti Yésus, Paduka kemawon Putra Allah. Paduka nilaraken Sang Rama supados milujengaké kawula. Padula wucal kawula supados saget nilaraké krabat kawula, manawi krabat kula sengit Paduka, supados kawula saget manunggal namung ing salebetipun Paduka. Paduka kemawon panebus kawula, pangayoman kawula, lan Paduka nedhahaken Sang Rama dhumateng kawula. Uwalaken kawula saking cancangan kadonyan supados kawula saget sawetahipun dadi kagungan Paduka, awit Paduka langkung agung tinimbang manungsa. Berkahi para mitra kawula ingkang nilaraké griyanipun kanggé asma Paduka. Tedahaken pangandikan Paduka dhumateng sedhérék-sedhérék menika, tedhahaken papan manggen kanggé sedhérék – sedhérék lan pandamelan ing salebetipun sih rahmat Paduka.

PITAKONAN

  1. Ana ing sajroné wewengan apa Injil Matéus nyebutaké kang kawitan babagan kayu salib?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 08:15 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)