Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 105 (Encouragement)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
C - MURID ROLAS DIUTUS SUPAYA KUTBAH LAN LELADI (Matéus 9:35 - 11:1)
3. CARANĚ NJEMBARAKÉ KRATON SUWARGA (Matéus 10:5 - 11:1) -- KUMPULAN KAPINDHO SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS

c) Panglipuran ing Tengahing Kaangélan (Matéus 10:26-33)


MATÉUS 10:29-31
29 Manuk glathik loro apa ora mung payu saasarion? Ewadené siji bae ora ana kang tiba ing lemah, yén ora saka karsané Ramamu. 30 Mangka kowé iku, malah dalasan rambutmu wus padha dietung kabéh.31 Mulané aja padha wedi, amarga ajimu iku ngluwihi manuk glathik pirang-pirang.
(Matéus 6:26; Para Rasul 27:34)

Rama Kasuwargan kita Mahakuwasa, Mahapirsa. Panjenengané pirsa saben manuk glatik lan nggatekaké sakabéhe. Ora ana siji waé kang tiba ana lemah tanpa Gusti pirsa lan diidinaké Panjenengané. Rambut sirah kita uga kaetung sakabéhe. Panjenengan dhéwé ora ngerti pira rambut ing sirah panjenengan, nanging Rama kasuwargan pirsa. Kita ora mati marga ndilalah, lan kita uga ora bakal mati tanpa guna, nanging Rama kita kang kebak katresnan bakal njangkung urip kita. Panjenengané pirsa panjenengan, nuntun lan ngayomi panjenengan saka ngendi waé. Iman panjenengan marang Sang Rama kasuwargan agawé panjenengan ora wedi marang manungsa, awit sapa waé ora bisa nindakaké apa-apa kajaba atas idin lan atas panjangkung Panjenengané. Sang Rama panjenengan iku kang paling agung saka sakabéhe. Panjenengan pirsani Panjenengané ora marang satru panjenengané. Pirsané awit saka sakabéhe, panon sumanak Sang Rama.

Manawa Gusti Allah ngetung rambut kita, wis mesti Panjenengané uga ngetung sirah kita lan nggatekaké panguripan kita, kaayeman kita lan nyawa kita. Banget éndahé yén Gusti Allah luwih nggatekaké marang awak kita, ngluwihi kawigaten kita marang awak kita dhéwé. Wong-wong kang banget déning teliti ngetung dhuwite, bandhané lan ingon-ingoné ora bakal teliti ngetung rambut ing sirahe, kang rontok lan ilang, lan ora bakal rumangsa ana kang ilang. Nanging Gusti Allah ngetung rambut umat Panjenengané lan “ora ana rambutmu saéler bae kang bakal ilang” (Lukas 21:18). Ora ana kacilakan senajana entheng pisan yén ora kaidinaké atas karsané Panjenengané. Semono ajiné kanggo Gusti Allah wong-wong suci Panjenengané lan panguripané uga patiné wong-wong mau.

Aja wedi sesambungan karo taktir lan apa kang wis dadi katetepan Ilahi, awit Rama kasuwargan waé kang wis netepaké kanggo panjenengan lan ngangkat panjenengan ing sajroné tingkatan minangka jejeré putra-putra Panjenengané kang maringi kabisan panjenengan kanggo milih kang apik dhéwé ing sajroné Sang Kristus.

PANDONGA: Dhuh Rama Kasuwargan, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit Paduka kemawon ingkang Maha kuwaos lan Maha pirsa. Paduka pirsa mangsa kepengker , mangsa samenika, lan mangsa tembe kawula. Kawula mboten badhé ajrih dhumateng katetepan Ilahi, nanging kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit Paduka kemawon Rama ingkang nggatosaken kawula lan pirsa gunggungipun rambut ing sirah kawula. Paduka kiyataken iman kawula kanthi makaten kawula saget lelados Paduka kanthi tulus ing salebetipun tembung, patrap lan pikiran. Paduka paringaken dhumateng kawula para mitra lan tiyang ingkang caket kaliyan kawula pangertosan kasukman menika ugi kanthi makaten sedhérék-sedhérék menika saget mangertos bilih Paduka kemawon Sang Ramanipun ingkang Maha kuwaos ugi.

PITAKONAN

  1. Apa daya pengaruh takdir lan panetepan ilahi ing sajroné kekristenan?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 08:08 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)