Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 093 (Girl Brought Back to Life and Woman Healed)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
B - MUKJIZAT SANG KRISTUS ING KAPERNAUM LAN SAKIWA TENGENÉ (Matéus 8:1 - 9:35)

10. Bocah Wadon Katangekaké Lan Ana Wanita Kang Diwarasake (Matéus 9:18-26)


MATÉUS 9:18-26
18 Sajroné Gusti Yésus ngandika mangkono iku, nuli ana lelurahing papan pangibadah kang sowan lan matur: “anak kawula estri saweg kemawon tilar donya ewasemantern Paduka muga karsaa rawuh saha nupani asta, tamtu badhé gesang malih.” 19 gusti Yésus banjur jumeneng sarta tedhak bebarengan karo lurah mau kanthi para sakabate. 20 Nalika iku ana wong wadon kang lara nggrajag getih wus rolas tahun lawase, kang nyedhaki Gusti Yésus saska ing buri lan demek gombyoking jubahe. 21 Amarga duwé osik mangkéné: “Angger aku bisa ndemek jubahe, mesthi waras.” 22 Nanging gusti Yésus banjur minger, mirsané wong wadon iku mau sarta ngandika: “Dienak atimu, ngger, pangandelmu kang marasaké kowé.” Wiwit ing nalika iku wong wadon mau dadi waras. 23 Bareng Gusti Yésus rawuh ing omahé lelurah mau, sarta mirsa penyling lan wong akéh kang padha ribut, 24 banjur ngandika: “ wis, padha sumingkira; bocahé ora mati, mung lagi turu.” Nanging wong-wong padha nggeguyu Panjenengané. 25 Sakwisé wong akéh iku padha sumingkir, Gusti Yésus nuli lumebet sarta ngasta tangané si bocah. Bocahé banjur tangi. 26 Pawartané lelakon iku banjur sumber ing satangah kono kabéh.
(Matius 14:36; Markus 5:21-43; Lukas 8:40-56)

Sang Kristus ngalahaké panguwasa lan kawenangan kang lumawan Gusti Allah lan kraton kasukman Panjenengané. Kang pungkasan, Panjenengané ngalahaké pati. Kaya apa ngedap-edapiné kayektén iki! Sakwisé nuduhaké marang kita kepiyé Gusti Yésus menang atas penyakit, prahara, roh-roh ala, dosa lan paugeran, matéus nyethakaké kepiyé Sang Kristus nundhung pati, satru pungkasan kita. Sang Kristus nawakaké marang kita kamardikan sawutuhé saka kabéh momotan lan rasa wedi lan nuntun kita marang urip langgeng. Apa panjenengan menang ing sajroné Sang Kristus?

Wong kang dadi pemimpin ing papan pangibadah (Rabbi) ing Kapernamun duwé anak wadon kang lagi lara. Kabéh pambudi daya supaya marasaké ora kasil marasaké larané. Bocah wadoh iku meh mati lan bapaké bingung banget. Bapaké nekani gusti Yésus lan sujud ing ngarsa Panjenengané ana ing ngarepe wong akéh, senajana dhéwéké wong kang dadi pemimpin papan pangibadah, kang ngerti yén anggoné manembah iku mung marang Gusti Allah lan dudu marang manungsa. Nalika dhéwéké sujud ing ngarsané Gusti Yésus, dhéwéké ngakoni yén dhéwéké nampa gusti Yésus dadi pribadi Ilahi. Lan sang Kristus nampani anggoné manembah pemimpin papan pangibadah iku , awit panjenengané iku pancen gusti Allah kang bener, siji hakikat karo Sang Rama. Iman saka pemimpin papan pangibadah iki ndadekaké jalaran dhéwéké nyuwun marang Gusti Yésus supaya marasaké anaké wadon, awit dhéwéké wis ndeleng yén anggoné numpangé asta Sang Kristus marang wong kang lara bakal sempurna marasaké kang lara iku. Sang Kristus banjur ngetutaké pemimpin papan pangibadah iku, awit kahanan pancen lagi mbebyani, nanging sawetara Panjenengané ana ing tengah wong akéh, ana wanita kang lara nekani Panjenengané lan ndemok gombyoking jubah Panjenengané tanpa kandha apa-apa. Sang Kristus ngrasakaké ana panguwasa kang metu saka sarira Panjenengané awit anggoné didemok gombyoké beda karo senggolan-senggolan wong akéh kang nderekaké panjenengané ing sakiwa tengen Panjenengané. Gusti Yésus kandhe, minger lan mirsani wanita iku. Panjenengané mirengaké caritané lan ngandika marang wong wadon mau ing ngarepe wong akéh, minangka dadi paseksen kanggo wong kabéh kang ana. Panjenengané négesaké iman wanita iku marang Panjenengané awit iman nampa panguwasa urip lan nugraha saka Sang Kristus.

Angoné nungka tekané ing omahi Pemimpin papan pangibadah iku dadi wulangan kang cukup keras kanggo pemimpin papan pangibadah kang lagi kesusu awit anaké wadon kang meh mati. gusti Yésus kagungan karsa supaya pemimpin papan pangibadah iku sinau yén Gusti ora ngutamekaké wong-wong kang pangkate dhuwur tinimbang karo wong-wong liya, lan Panjenengané makarya ing sajroné keselarasan karo iman wong kang nggoléki Panjenengané ora peduli apa wong iku wong gedhé utawa wong cilik, wong lanang utawa wong wadon.

Pungkasané tekan ing omahé pemimpin papan pangibadah iku, anaké wadon wis mati. Sang Kristus ngandika yén bocah iku lagi turu kang sebanjuré agawé para wanita kang nangisi patiné bocah wadoh mau ngréméhaké Panjenengané. Wong-wong mau nyethakaké marang gusti atas urip iki yén bocah wadon iku ora manéh meh mati nanging bener-bener wis mati.

Nalika Gusti Yésus mirsani panguwasa pati lan anggoné wong-wong ora ngerti, dadi jalaran Panjenengané duka. Panjenengané ora ngidinaké wong siji waé kajaba wong tuwané bocah wadon iku lan para muride. Panjenengané jumeneng kanthi tenang ing ceraké bocah mau, lan ngasta tangané bocah mau. Sebanjuré roh bocah iku bali, lan pati sumingkir ing sajroné kahanan kalah lan teluk, awit pangusané Sang Kristus ngluwihi watesing urip, lan paguwasa Pangandikan Panjenengané ngalahaké pati. Bocah wadon iku tangi, mlaku nyedhaké wong tuwané lan kabéh wong kagét lan gumun.

Sang Kristus ora mung kang anyipta, nanging uga kang Paring, Kang Njangkung, Kang Ngayomi lan kang mangun urip. Yaiku sebabé, Panjenengané paring dhawuh supaya bocah wadon iku diwenehi mangan, kang nuduhaké yén bocah iku wis pulih sawutuhé lan pakaryan kaselametan saka Sang Kristus iku sempurna ing sajroné sakabéhe.

Kaya ngapa nglipur kita, para pandhérék Sang Kristus, yén kanthi panguwasa katresnan Panjenengané Panjenengané bakal nangekaké kita saka pati uga, awit Panjenengané tepung jeneng kita. Sang Kristus bakal nuntun tangan panjenengané kanthi mengkono panjennegan bisa banjur tangi saka pagi ing sajroné dosa lan urip ing sajroné urip langgeng Panjenengané.

PANDONGA: Dhuh Rama kasuwargan, kawula kacancang ing salebetipun dosa, awit kawontenan kawula, nanging putra Paduka menika Ingkang paring gesang, lan sumber saking pancaran toya kasukman. Matur nuwun awit sampun ngutus Priyantun ingkang paring kamardikan ingkang ngedap-edapi menika kanthi makaten kawula saget nampi gesang langgeng saking Paduka krana iman. Kersanipun Panjenenganenipun nyepeng tangan kawula ing wekdal kawula maos Injil Paduka, kanthi makaten saget énggal wungu sesarengan kaliyan tiyang kathah sanés ing masyarakat kawula.

PITAKONAN

  1. Kepiyé gusti Yésus nangekaké bocah wadon iku manut tulisan Matéus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 03:08 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)