Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 083 (The Centurion’s Servant)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
B - MUKJIZAT SANG KRISTUS ING KAPERNAUM LAN SAKIWA TENGENÉ (Matéus 8:1 - 9:35)

2. Sang Kristus Nyarasaké Abdiné Opsir Panatus (Matéus 8:5-13)


MATÉUS 8:5-13
5 Nalika Gusti Yésus lumebet ing kutha Kapernaum, ana sawijining opsir panatus sowan ing ngarsané sarta darbe atur panyuwun, unjuke: 6 “Bandara, rencang kawula sakit lumpuh, nggluntung wonten ing griya, langkung sanget anggenipun ngraosaken sakit.” 7 Pangandikané Gusti Yésus: “Aku dak mrana, dakwarasné.” 8 Nanging atur wangsulané opsir mau: “Bandara, boten pantes kawula nampeni Paduka wonten ing gubug kawula, mugi karsaa ngandika satembung kemawon, rencang kawula tamtu lajeng saras. 9 Amargi kawula piyambak punika tiyang ingkang kereh lan inggih ngereh prajurit. Manawi kawula aken dateng ingkang satunggal: Lungaa! Lajeng kesah; utawi dhateng sanésipun: Mrenea! Inggih lajeng dhateng. Tuwin dhateng rencang-tumbasan kawula: Iku lakonono! Inggih lajeng dipun lampahi.” 10 Bareng Gusti Yésus mireng kang mangkono iku, Panjenengané kaéraman, banjur ngandika marang kang padha nderek: “Satemené pituturKu marang kowé: Pangandel kang samené gedhéné iki Aku durung tau tumon ana ing satengahing bangsa Israél. 11 Aku pitutur marang kowé: Bakal akéh wong kang teka saka ing wétan lan ing kulon kang padha melu kembul bujana karo Rama Abraham, Iskak lan Yakub ana ing Kratoning Swarga, 123 mangka para putraning Kraton bakal padha kabuwang menyang pepeteng ing jaba, ing kono bakal ana tangis lan keroting untu.” 13 Gusti Yésus banjur ngandika marang opsir panatus mau: “Wis, mundura, katekanana kaya kang dadi pangandelmu.” Sanalika iku uga abdiné waras.
(Markus 6:6; Lukas 7:1-10; 13:28-29; Yokanan 4:46-53)

Adat pakulinan Yahudi nganggep wong-wong dudu Yahudi najis lan cemer kaya wong budhugen. Kesarasan abdi opsir penatus iku dadi sarana anggoné sang Kristus nyerang gegayutan tafsiran kang mbulet saka Paugeran Torét Nabi Musa, awit Panjenengané nampani penatus Romawi, bangsa penjajah ing negara Panjenengané ing ngarepe wong akéh. Iki mbuktekaké yén Injil ora winates mung kanggo wong-wong Yahudi, nanging uga kanggo wong-wong dudu Yahudi.

Opsir Penatus iku nglungguhi kalungguhan dhuwur ana Kapernaum, kang makili panguwasa penjajah. Dhéwéké sowan marang Gusti Yésus, kang dadi juru marasaké iku, nyuwun Panjenengané nyarasaké rewangé lan kanthi tinarbuka ngakoni anggoné ora pantes kanthi matur, “Bandara, boten pantes kawula nampeni Paduka wonten ing gubug kawula”. Opsir penatus mau nampani pakulinan wong-wong Yahudi yén Gusti Yésus ora kena ngasoraké sarirané lan mlebu ing sajroné omah wong-wong dudu Yahudi. Opsir penatus mau ora kena gawé wirangé Gusti Yésus. Iki nuduhaké yén opsir penatus iku wicaksana lan duwé rasa kamanungsan. Opsir penatus iku ngajeni pakulinan Yahudi kang diremehaké déning bangsa Rum, lan nganggep rewangé minangka salah siji putrané dhéwé kang dituduhaké ing sajroné katresnan lan anggoné nggantekaké kinanthenan patrap andhap asor marang para rewange.

Senajana Opsir penatus Roma, lan omahé manut panemuné wong-wong Yahudi dadi tanda pasangan kang kudu dipikul saka bangsa Romawi, nanging Sang Kristus, Ya “Ratuné wong Yahudi” kepareng atas wong iku. Kanthi mengkono Panjenengané mulangaké marang kita supaya nindakaké kabecikan tanpa ana watesan marang bangsa apa waé. Senajana opsir iku dudu wong Yahudi, nanging Sang Kristus nemoni ing ngarepe umum lan paring jawaban panyuwuné kanthi tinarbuka.

Luwih manéh, kita ndeleng yén opsir Romawi iku pracaya marang panguwasané Sang Kristus supaya nyarasaké saben lelara. Panjenengané paring dhawuh roh lan penyakit kaya sawijining komandan kang perintah marang prajurite supaya lunga lan para prajurit mau bakal mbangun turut. Keyakinan iki temtu tuwuh ing sajroné opsir iku nalika dhéwéké nggatekaké marang Gusti Yésus lan ngreti saka laporan uga katarangan gegayutan pakaryan lan pangandikan Panjenengané lan yakin yén wong Nazaret iki duwé panguwasa kasukman atas roh ala, sétan lan penyakit. Opsir mau ngerti pangandikan Panjenengané waé ngandhut panguwasa, mula ora prelu manéh Panjenengané rawuh ana ing ngomahé supaya marasaké wong kang lara iku. Saka kadohan Panjenengané bisa ngandikan lan temtu bakal dumadi, awit kabéh panguwasa kasuwargan ana ing sajroné panguwasa Panjenengané.

Sang Kristus, ngungun gegayutan kapiyandelan kang gedhé iki, kang ora ditemokaké Panjenengané ing antarané pandereké lan bangsa Panjenengané dhéwé. Mestiné kita nuladani karo opsir iki, dadi wong kang andhap asor, nresnani rewang kita, lan nganggep awak kita ora pantes yén Sang Kristus rawuh ing omah kita. Nalika iku uga, kita kudu pracaya yén Gusti Yésus nresnani kita lan ngersakaké mitulungi kita. Awit saka iku kita masrahaké awak kita marang Panjenengané nglakono kasunyatan saka panguwasa kasuwargan Panjenengan ing sajroné awak kita lan para mitra kita lan ngakoni iman kang bener ing sajroné pratéla Gusti Yésus gegayutan kasunyatan kang asipat kasuwargan. Gusti Yésus maringi keselametan kang langgeng marang sing sapa kang gelem sowan marang Panjenengané. Panjenengané sebanjuré mratélakaké yén wong-wong pracaya iku bakal mapan ing suwarga lan lungguh karo Rama Abraham, Rama Ishak lan Rama yakub ing ngarsané Allah, punjering pengarep-arep kita. Nanging, wong-wong kang ora pracaya marang panguwasané Sang Kristus bakal ngedoh tumuji marang kahanan kang nglokro kang ora ana pedhote salawasé wong-wong mau ora gelem nampa sihing Allah.

Awit anggoné lempoh andadekaké rewan iku ora bisa ngrampungaké pegawéané lan agawé rewang mau ngrepoti lan ora nyenengaké dikaya panyakit umume, nanging opsir mau ora bisa ngejaraké rewangé mau, nalika rewang iku lara. Opsir mau ora mbalekaké rewang mau marang keluwargané utawa ngejaraké rwang mau nggluntung ngono waé, nanging gole cara kang apik dhéwé kanggo ngobati rewang maju. Rewang mau ora bisa nindakaké luwih akéh, tinimbang kang ditindaké bendarané marang dhéwéke. Rewang opsir mau mbangun turut banget marang dhéwéké, lan ing kené kita ndeleng alesané bendarané pance banget déning ngasihi marang para rewange.Dikaya kita ora kena ngréméhaké marang rewang kita, nalika rewang adhepan karo kita, mengkono uga kita ora kena ngréméhaké kahanané nalika kita ana ing ngarsané Gusti Allah. Kita kabéh dititahaké kanthi wujud kang padha, déning asta kang padha, lan ngadeg padha dhuwuré karo rewang kita ana ing ngarsané Gusti Allah, malah manawa upamané rewang kita iku saka derajat kang luwih asor tinimbang kita.

Opsir iku ora lunga menyang dukun utawa tukang ramal kanggo rewange, nanging marang Sang Kristus. Lempoh yaiku sawijining lelara kang asring ora bisa diwarasaké déning ahli obat biasa. Awit saka iku apa kang wis ditindakaké minangka bukti kang gedhé banget krana anggoné kumandel marang pangawasané Sang Kristus, nganti dhéwéké sowan marang sang Kristus nyuwun diwarasaké, kang adoh ngluwihi kabisané kamanungsan supaya bisa waras. Patrap mursid babagan paugeran waé ora njamin kanggo keselametan langgeng. Gusti Yésus énggal nyarasaké rewang mau senajana saka kadohan. Ing kena kita sinau yén wektu lan papan ora bisa matesi Sang Kristus. Panjenengané iku Gusti atas jagat raya lan bisa nyarasaké kita, nyelametaké kita lan nyucékaké kita uga ing jaman saiki, awit Panjenengané lungguh ing sisih kanané Rama kang lenggah ana ing dampar panjenengané. Panjenengané ngenténi kita sowan lan nyerak marang Gusti Allah ing sajroné iman nyuwun marang Panjenengané marasaké keluarga lan kanca kita kanthi mengkono Panjenengan bisa paring jawaban marang donga kita langsung ing sajroné katresnan Panjenengané kang langgeng.

Akéh wong Yahudi kang puguh ora gelem pracaya, senajana wong-wong mau dilahiraké dadi “para putra Kerajaan,” ora bakal dadi warga saka gereja Kristus, “Kratoné Allah” kang wong-wong maju dadi bombong yén wong-wong mau para putra ing sajroné wong-wong mau bakal dijupuk wong-wogn mau, lan wong-wong mau bakal ditampik. Ing dina pungkasan iku ora ana tegesé ngaku waé dadi “para putra krataon.” Becik iku awit pérangan saka bangsa Yahudi utawa minangka wong kristen, awit manungsa nalika iku bakal diadili, ora alandhesan sesebutané nanging alandhesan kahanané kang sabenere. “... Lan yén kowé kabéh iku putra, kowé iku uga padha dadi ahli-waris marga saka Gusti Allah” (Galatia 4:7). Nanging akéh wong kang mung angger ngaku yén awaké iku dadi putra. Wong-wong mau urip ing sajroné keluarga, nanging dudu warga keluarga lan ora bakal nampa warisan kasukman kang ana. Dilahiraké ing sajroné keluwarga wong pracaya agawé kita duwé wewengan nampani anané berkat kasukman, nanging manawa kita mung cekelan marang prekara iku lan kita ndelaké ing suwarga, kita bakal diguwang saka kana. Bisa di pirsani saka Matéus 8:5-13, yén sang opsir sowan marnag Sang Kristus nyuwun supaya Panjenengané nyarasaké rewang, lan nalika Gusti Yésus ngandika marang dhéwéké, “Aku dak mrana dakwarasne”, Opsir mau atur wangsulan, “Bandara, boten pantes kawula nampeni Paduka wonten ing gubug kawula.”

Nanging, Lukas 7:2-10 mratélaaké yén opsir iku ngongkon sawetara wong penituwa bangsa Yahudi supaya sowan marang Sang Kristus, lan nalika iku Panjenengnae wis ora adoh saka omahe, prawira iku ngutus sawetara mitrané supaya matur marang Panjenengané “Dhuh, Gusti, mugi sampun dados damel Paduka, amargi kawula boten panten Paduka rawuhi.”

Katarangan marang prekara kang katoné lelawanan iki, Matéus langsung nyethakaké yén opsir iku kang sabeneré nyuwun marang Sang Kristus senajano opsir mau ngutus pinituwa makili dhéwéké, supaya matur marang Sang Kristus. Kita ngerti yén Solaiman kang mbangun pedaleman Allah, senajano opsir mau ora mbangun dhéwé, nanging mitayaké wong-wong liya supaya mbangun pedaleman Allah iku. Pratéla kang padha uga ana ing sajroné Yokanan 4:1 kang mratélakaké yén Gusti Yésus mbaptis. Sebanjuré ana karangan kang ditulis ing sajroné Yokanan 4:2 kang mratélakaké yén dudu Gusti Yésus piyambak sing mbaptis nanging para murid Panjenengané. Uga dipratélakaké Pontius Pilatus mecut Gusti Yésus. Dudu Pontius Pilatus kang langsung mecut nanging para prajurit atas jenengé Pontius Pilatus. Mangkono uga kang dipratélakaké déning para tuwa-tuwané wong Yahudi marang Sang Kristus sabeneré yaiku kandhané opsir mau, nanging tembung, ““Dhuh, Gusti, mugi sampun dados damel Paduka, amargi kawula boten panten Paduka rawuhi.” Ini kandané Opsir maju dhéwé marang Sang Kristus. Kawitan, lumantar para mitrané nalika Sang Kristus ora adoh manéh saka omahe, dikaya kang dipratélakaké Lukas, lan sakwisé opsir mau matur dhéwé nalika nampani Gusti Yésus ing cerak omahe. Sebanjuré, Gusti Yésus marasaké rewang iku selaras karo imané opsir mau.

PANDONGA: We worship You, O Heavenly Father, because You chose us in Christ to be one with the saints in heaven. Please forgive us our little faith and our weak confidence. Teach us to trust your readiness to cure us and our friends of unbelief and sin. Create in us humbleness, brokenness and real love for others that we may persistently seek their salvation in You.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé iman opsir mau kawestanan mingka iman kang gedhé?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 24, 2022, at 02:43 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)