Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 023 (Worship of the Magi)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
A – WIYOS LAN MANGSA BOCAHĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 1:1 - 2:23)

3. Tekané Lan Anggoné Manembah Wong Majus (Matéus 2:1-11)


MATÉUS 2:11
11 Banjur padha lumebu ing omah lan ndeleng Sang Timur karo Maryam kang ibu,nuli padha sumungkem sujud marang Panjenengané. Banjur padha mbukai pethiné raja-brana, Panjenengané disaosi pisusung arupa mas, menyan lan blendok mur.
(Jabur 72:10, 15; Yésaya 60:6)

Nalika wong-wong majus tekan Betleham kang katuntun lintang, wong-wong mau takon marang wong-wong ing kutha iku bab bocah kan lagi lair, kang saka tedhak turuné Dawud. Sebanjuré wong-wong ing kutha mau kelingan kepungkur ana sawetara pangon kang kandha yan nalika iku ana malaikat kang ngaton marang para pangon mau, malaikat iku ngluhuraké gusti Allah ing pegunungan Beth-Zur kang kang kandha yén bocah ing pemakanan kuwi Gusti piyambak, sang Juru selamet lan sang Kristus kang ora ana bandingané. Wong-wong ing kutha mau ora pracaya marang critané para pangon mau. Wong-wong ing kutha mau malah nggeguyu, duwé anggepan yén wong-wong majus kuwi mung kakéhan nglamun.

Sakwisé pisah karo rombongan wong kang melu cacah jiwa Romawi, Yusuf nyewa omah. Wong-wong majus yakin banget bab bukti saka Gusti Allah lan nggoléké nganti nemokaké bocah lan ibuné ing omah kang anyar kang disewa. Ing omah iku, para wong-wong wicaksana jaman kuna iku ngakoni imané lan manembah Panjenengané kang wong-wong mau pracaya. Tembung “manembah” ngandhut makna masrahaké awaké sawutuhe, lan mbangun turut uga parah sawutuhé atiné. Para batur tukon ing jaman mbiyen nuduhaké anggoné pasrah lan tunduk iku nalika sowan bendarané kanthi mbrangkang lan sirahé nganti nyenggol lemah, kaya-kaya kandha, “Mangga panjenengan tumpangaken suku panjenengan ing sirah kula. Kula menika kagungan panjenengan. Mangga panjenengan dhawuh dhumateng kula sakersa panjenengan. Kula pasrah dhumateng panjenengan”.*Anggoné sujud wong-wong majus iku nggambaraké yén sawetara bangsa wanuh gusti Yésus minangka gusti atas jagat raya lan bangsa-bangsa mau mbangun turut marang Panjenengané sawetara wong-wong Yahudi meneng waé lan lumawan Panjenengané wiwit wiwitané Gusti nindakaké leladi. Matéus nyebutaké kanthi cetha wiwit wiwitané Injile yén berkah kang diprasetyakaké marang Rama Abraham lan tedhak turuné bakal kaesokaké marang bangsa-bangsa kang pracaya marang Gusti Yésus Kristus putra Allah.

Menawa panjenengan nyerak Gusti atas sakabéhing gusti lan pracaya marang Panjenengané panjenengan bakal ngrasakaké yén anggon panjenengan manembah marang Sang Kristus ora mung asale saka awak panjenengan dhéwé. Sumberé kabecikan, sipat welas asih, kasekten, pangapura, lan tentrem rahayu bakal ambanyu mili saka gusti kang kebak katresnan iku ing sajroné atiné wong kang wis masrahaké marang Panjenengané. Senajana wong-wong Majus ngaturaken pisusung marang Sang Kristus, wong-wong majus iku sejatiné malah nampani pearing kang gedhé dhéwé; Gusti Allah maringaké Putra Panjenengané marang wong majus mau. Kita ora maca yén wong majus kebak kepasrahan, manembah lan kurmat sing mengkono kuwi marang Hérodhés, senajana Hérodhés ana ing pucuking kaagungané. Nanging marang bayi iki wong majus ngaturaké pikurmatan, ora mung minangka jejeré ratu (menawa mangkono mula wong majus kudu ngaturaké pisusung marang Hérodhés), nanging uga minangka jejeré Allah.

Nalika kita misusungaké badan kita ing sajroné manembah marang gusti Allah, kita kudu masrahaké kabéh kang kita darbeni marang Sang Kristus. Manawa kita tulus anggon kota masrahaké badan kita marang Panjenengané kita bakal duwé rasa rila pisah karo banda donya kang aji dhéwé demi Panjenengané. Pisusung kita ora bakal ditampa, kajaba kita luwih dhisik misungsungaké badan kita minangka pisusung kang urip. “Ana dené Sang Yehuwah karenan marang Abel lan kurbané (Purwaning Dumadi 4:4). Apa panjenengan temen-temen misusungaké badan panjenengan minangka pisusung ing sajroné iman?

Para bapa gereja nggayutaké 3 jinis pisungsung saka wong-wong majus iku minangka sawijining bab kang ana sesambungané karo pakaryané Sang Kristus. Wong Majus misusungaké marang Panjenengané emas, minangka bukti yén Panjenengané itu dadi jejeré Raja, lan wong majus ngaturaké bulu bekti marang kamulyan ilahi lan panguwasa Panjenengane(Pangentasan 25:17 karo Ibrani 9:5); menyan, kang nggambaraké marang katresnan lan sédané Sang Kristus ing kayu salib-cempe korban saka gusti Allah kanggo dosa kita (bandingna Mazmur 69:20-21; Matéus 27:33-35 karo Yohanes 19:28-30; 39); lan blendok Mur, kang nggambaraké kasampurnan kamanungsané sang Kristus lan uga nggambaraké donga-donga wong-wong suci kang munjuk marang gusti Allah lumantar Sang Kristus (bandhingna Kaimaman 2:1 karo Efesus 5:2; II Korinta 2:15). Kanthi pisusung iku para bangsa ménéhi paseksen yén gusti Yésus iku Ratu atas kabéh ratu, lan Imam Agung, lan Panjenengané kagungan hakikat kang asipat Allah, nanging wong-wong Yerusalém lan Bétlehém ora wanuh Gusti Allah kang ing sajroné wujud manungsa.

Apa panjenengan wis mbudidaya ngapikaké bebuden panjenengan kanthi mengkono mripat batin panjenengan bisa ndeleng? Apa panjenengan manembah gusti Yésus, Gusti lan Allah panjenengan, lan apa panjenengan kanthi rila misusungaké ati panjenengan, dhuwit lan wektu panjenengane? Sang Kristus dilahiraké, maringi kaselametan saka Gusti Allah marang jagat kita kang ala. Sing sapa nresnani Panjenengané bakal urip bebarengan karo Panjenengané lan panguwasa Sang Roh Suci bakal manunggal ing sajroning awake. Apa panjenengan pancen manembah Gusti Yésus, utawa panjenengan isih duwé panemu yén badan panjenengan iku ora ika lan iku utawa netral?

PANDONGA: Kula manembah dhumateng putra Paduka ingkang kagungan sifat Allah, awit Paduka rawuh kanggé milujengaken kula. Paduka nresnani manungsa lan nresnani kula ugi. Kula ngakeni karingkihan kula ing ngarsa Paduka; kula mboten saget ngaturaken dhumateng Paduka kasaénan minangka pisusung; awit saking menika Paduka tampi lan Paduka wilujengaken kula. Paduka kumbah lan sucékaké kula kanthi makaten kula pantes misusungaké badan kula dhumateng Paduka. Kula mboten pantes dipun sebat Putra Paduka. Nanging Paduka nampeni kula, ngangkat lan nresnani kula. Paduka adamel kula ngrasuk kayektosan Paduka lan nuntun kula ing salebetipun kabingahan kawilujengan. Paduka menika gusti lan Gusti Allah kula. Dadosna gesang kula pisungsung kagem kaluhuran Paduka. Amin.

PITAKONAN

  1. Apa ta tegesé manembah iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 20, 2022, at 04:32 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)