Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 015 (Jesus' birth)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
A – WIYOS LAN MANGSA BOCAHĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 1:1 - 2:23)

2. Wiyosan Lan Njenengi Asma Sang Gusti Yésus (Matéus 1:18-25)


MATÉUS 1:19-20
19 Sarehné Yusuf bojoné iku wong mursid sarta ora gelem mirangaké Maryam ana ing ngarepe wong akéh, mulané sumedya medhot pepacangané kanthi sidheman. 20 Nanging bareng lagi duwé gagasan mangkono iku, tumuli ana malaekating Pangéran ngatingali sajroning pangimpen, dhawuhé: “He, Yusuf, tedhaké Dawud, aja sumelang anggonmu ngepek Maryam dadi bojomu, awit Putra kang kabobotaké iku marga saka Roh suci.

Yusuf iku pegawéané amek iwak kang wedi asih marang Allah kang kepéngin ngedegaké keluarga uga. Dhéwéké éram karo ayu lan kamursidané perawan Maryam, lan entuk pasarujukané keluarga supaya mbangun bale somah karo Maryam, kanthi mengkono keluarga loro nyambung awit saka pacangané dhéwéké karo Maryam.

Yusuf uga wong kang mursid lan Maryam uga wong kang becik lan diberkahi. Mengkené iki timbalan kanggo wong-wong pracaya supaya wong-wong pracaya “Aja nganti kowé padha dadi rakitan kang ora timbang.” Wong-wong kang kasukman kudu milih mbangun bale somah karo wong-wong kang kasukman uga supaya Gusti Allah bisa nyucékaké anggoné mbangun bale somahé lan amberkahi rumah tanggané.

Kita uga sinau yaiku becik kanggo kita mlebu ing sajroné mbangun keluarga/ pernikahan kanthi nimbang kang jero lan ora kesusu- supaya nyawisakan mbangun keluarga kanthi pacangan/tunangan. Luwih becik nggunakaké wektu kang dawa nimbang-nimbang sadurungé mlebu ing sajroning rumah tangga utawa ningkah tinimbang getun dina candhake.

Ujuk-ujuk, Yusuf ndeleng Maryam, wanita pacangané iku ngandhut sadurungé wong loro iku kumpul. Yusuf nggatekaké kanthi premati, lan nalika dhéwéké yakin yén Maryam pancen ngandhut, ana momotan ing dadané antarané nesu lan tresna. Yusuf dadi korban saka rasa jubriya kang kebak panalangsa. Lan nalika anggoné ngandhut ora bisa ditutupi manéh, Yusuf wiwit mikir bab tanggung jawab kanthi cara prenatan atas wanita iku. Wong Yahudi kang mursid ora bakal ningkah karo “sundel”. Yusuf kudu milih antarané mbuka wirang iku ing ngarepe umur, kang ing jaman pemerintahan Romawi bakal andadekaké asor nanging ora nganti tumeka ing pati; utawa ménéhi Maryam layang pegat kanthi sesidheman supaya wanita iku bisa ningkah karo priya kang nresnani dhéwéke.

Ora ana anak Kawa kang banget déning agung kaya putra perawan Maryam, nanging dhéwéké dianggep tiba ing salah sawijining piala kang paling asor; nanging kita ora ndeleng dhéwéké nyiksa awaké dhéwé krana prekara iku; malah, awit eling anggoné ora nindakaké kaluputan, dhéwéké tetep ana ing sajroning tentrem rahayu lan masrahaké prekarané marang “Panjenengané kang ngadhili kanthi kayektén”

Kabéh wong kang mbudidaya njaga telenging ati kang resik bisa kanthi kabungahan pracaya marang Gusti Allah kanthi njaga jeneng kang becik lan duwé landhesan kuwat kanggo duwé pengarep-arep yén Panjenengané bakal nyucékaké ora mung uripe kang bisa dipracaya nanging uga kinurmatané.

Yusuf anggoné nresnani Maryam pancen tenanan, lan wis kanthi sesidheman arep misah Maryam, supaya dhéwéké kang mikul kaluputané lan dudu Maryam. Iki nuduhaké anggoné jujur lan tulus. Kita bisa uga ngebayangaké kaya apa gorehé atiné lan uga cuwané nalika dhéwéka nemokaké wong kang banget dindhel lan ditresnani ana ing sajroné jubriya awit piala kang banget déning wengis. “Apa iki Maryam?”. Yusuf wiwit mikir. “Apa sebabé kita bisa kajiret déning wong-wong kang kita pikir wong kang apik dhéwé? Kepiyé bisa dumadi kita bisa digelani déning wong-wong kang banget dadi pengarep-arep kita?” . Dhéwéké wedi pracaya marang pawarto kang banget dené ala iku saka wong kang dipracaya dhéwéké minangka dadi wong kang becik ing pérangan liya, awit ora ana jalaran kang bisa nutupi dhéwéké, Yusuf uga ora bisa nyelaki.* Bot repot kang banget déning abot dadi mawa ana ing atiné Yusuf. Ing sisih batin liyané dhéwéké luwawan rasa sujana kang dirasaké pahit, kang padha kuwate karo pati, lan ing pérangan ati liyané dhéwéké kudu lumawan katresnané kang gedhé banget marang Maryam! Dhéwéké nyingkiri bab kang ekstrem salah siji pérangan waé. Dhéwéké ora gelem andadekaké Maryam tontonan umum, senajana manut prenatan, dhéwéké bisa nindakaké kang kaya mengkono, “Manawa ana bocah wadon isi prawan kang wus duwé pacangan, ketemu karo wong lanang ana ing kutha, banjur dituroni, sakaro-karoné padha gawanen menyang gapuraning kutha kono, lan padha kabenturana watu nganti mati; si prawan, awit sanadyan ana ing kutha kok ora bengok-bengok, lan kang lanang mau, marga ngrusuhi somahé pepadhané. Kaya mangkono anggonmu nyingkiraké kang ala saka ing tengahmu (Pangandharing torat 22:23-24). Nanging dhéwéké ora gelem njupuk kauntungan saka paugeran iku lan ngukum Maryam, awit kawruh bab kaluputané pance ora gumathok. Kaya apa bedané roh kang ana, antarané Yusuf karo Yehuda, kang ing sajroning kaanan kang padha énggal gawé putusan kang banget déning keras, “Wongé gawanen metu, supaya diobong!” (Purwaning Dumadi 38:24. Kaya apa apiké kanggo mikiraké akth pereka luwih dhisik, dikaya kang ditindakaké Yusuf ing kene! Manawa ana pikiran kang jero ing sajroné pambobot lan pengadilan kita, mula bakal ana luwih akéh sih kawelasan lan kamardikan ing sajroné pikiran iku.

Nggawa Maryam marang paukuman disebutaké ing sajroné Kitab suci dadi “tontongan umum” kang nuduhaké tujuwan saka paukuman iku- ménéhi pemut kanggo wong-wong liya. Iki bisa mulang kita bab kepiyé ngelikaké wong-wong dosa, tanpa tembung, “Tembungé wong wicaksana kang dirungokaké kanthi sareh, iku luwih becvik tinimbang karo bengok-bengoké wong kang kwasa ana ing satengahé para wong gemblung” (Kohelet 9:17). Katresnan Kristen lan kawicaksanan Kristen bakal nyingidaké akéh dosa. Yusuf ora ngréméhaké maryam, nanging ndedonga kanggo Maryam awit ngerti yén ora ana kang bisa mitulungi Maryam kajaba Gusti Allah piyambak. Nalik Yusuf wis kelangan akal, Gusti Allah ngutus malaikat marang dhéwéké lan nimbali kanthi jeneng kinurmatané “putra Dawud”. Malaikat paring ing sajroning pikirané gegayutané karo raja lan ngilanaké kaber rasas wedi kanthi mangkono dhéwéké mung bakal wedi marang gusti Allah, ora marang manungsa, utawa prenatan, awit dhéwéké lan Maryam babar pisan ora luput.

Malaikat iku négesaké marang Maryam yén Maryam pancen bojoné kang sah selaras karo prenatan babagan pacangan. Sakwisé pratela iki, malaikat ora manéh nyebut Maryam “perawan”, nanging dhéwéké nyethakaké marang Yusuf manawa bayi kang ana ing kandhutané Maryam pancen saka sang Roh suci lan selaras karo karsané Allah kang suci. Gusti Allah ora ngersakaken putra, Gusti Yésus bakal dilahiraké déning wanita kang dijubriyani déning bojoné dhéwé minangka wanita sundel. Malaikat nyurung Yusuf supaya nampani Maryam lan ngrangkul dhéwéké dadi bojoné lan ménéhi pangayoman minangka keluarga kang sah. Gusti ngedangaké astané amberkahi kabecikan marang Yusuf lan Maryam.

Ngatoné Malaikat ing sajroné ngimpi Yusuf mbutuhaké keyakinan Yusuf yén Gusti Allah, lelawanan karo prenatan jagat raya, bakal agawé Maryam nglahiraké lan yén bocah iku bakal dadi manungsa sejati lan uga Allah kang sejati.

Gugsti Allah ngandika lan maringi dhawuh marang wong loro iku kang cemawis nindakaké panggawéan kang becik; lan Panjenengané nyawisaké panggawéan kang becik marang kabéh wong kang dadi kagungané. Manawa panjenengan ora mirengaké suwara Allah, alesané yaiku awit pancen panjenengan dudu kagungané (Yohanes 8:47)

Kita uga maca ing sajroning kitab suci agama liya cerita gegayutan Maryam lan kepiyé Maryang ngandhut Sang Kristus. Kita nemokaké sawijining pratela kang ngedap-edapi, “Lan aku kabéh nyebul Roh aku kbeh marang dhéwéke”, kang nyethakaké yén Sang Kristus iku putra kan ora dilahiraké saka manungsa utawa hasil saka laku sebadan priya wanita nanging saka Sang Roh suci.

PANDONGA: Kula ngluhuraken Paduka, Dhuh Gusti Allah, Rama kasuwargan, awit Paduka mboten nampik kula, nanging Paduka rawuh dhumateng kula lan mangul dosa-dosa kula ing badan putra Paduka. Kula ngluhuraken Paduka awit anggen Paduka manggul dosa menika ngalimputi jagat. Kula ngluhuraken Paduka awit karawuhan Paduka sesarengan kula lan kula bingah atas miyosipun putra Paduka ingkangsaking Sang Roh Suci, miyos lumantar perawan Maryam. Paduka rawuh, Roh Sang Rama, lan makuwona ing salebetipun kula kanthi makaten kula saget kawungokaken lan gesang ing salebetipun gesang langgeng Paduka. Amin.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé malaikat paring dhawuh supaya Yusus nampani Maryam?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 20, 2022, at 04:25 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)