Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Matthew - 004 (Genealogy of Jesus)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 1 - UBENGÉ WEKTU WIWITAN ING SAJRONÉ SANG KRISTUS LELADI (Matéus 1:1 - 4:25)
A – WIYOS LAN MANGSA BOCAHĚ GUSTI YĚSUS (Matéus 1:1 - 2:23)

1. Sarasilahé Gusti Yésus (Matéus 1:1-17)


MATÉUS 1:1
1 … Gusti Yésus Kristus, tedhaké Sang Prabu Dawud

Kabéh wong Yahudi wanuh Dawud, awit akéh wong ngapalaké uga “Jabur” ing sajroning atiné lan nyebutaké Jabur mau ana ing riyaya ngibadah utawa lelakon kang mligi. Wong Yahudi ngluhuraké katresnan lan kawigaten Allah kanthi nggunakaké Jabur Dawud minangka pratela pujian lan atur panuwun. Wong Yahudi nggunakaké tembung-tembung lan ukara saka rajané iku kanggo ngakoni dosa-dosané lan nyuwun gusti supaya nguwalaké saka para satruné.

Sapa ta Dawud iku? Gusti milih Dawud nalika dhéwéké isih dadi pangon kang enom supaya dadi ratu kang dijebati atas umat ing sajroné Prejanjian Lawas. Saksuwéné panggawéané dadi tukang angon wedhus-wedhus bapaké, dhéwéké sinau sabar, kendel, kepiyé mimpin, lan sinau pracaya marang Gusti Allah. Dhéwéké gelut lumawan Bruwang lan singa, sinau kepiyé mburu kewan iku lan ngunekaké clempung lan suling. Lan ing mangsa nom-nomané iku dhéwéké ngalahaké, kanthi panguwaos lan pitulungan Gusti Allah, Goliat raseksa, awit saka iku, Raja Saul meri dhumateng piyambakipun lan sujana awit kekendelanipun ingkang sanget misuwur.

Dawus kudu mlayu menyang negara Filistin ana kana dhéwéké urip kabawah pangayoman bangsa Filistin, nganti musuhé yaiku Sang prabu Saul, mati nglalu. Sakwisé saka Filistiné Dawud ngedegaké Kraton ing Hebron lawasé 7 tahun. Nalika kahanan tambah becik ing tahun 1004 SM, Dawud nelukaké Yerusalém lan andadekaké kutha iku ibu kota kratoné. Dawud alon-alon nelukaké negara-negara ing sakiwa tengené kanthi peparangan sing kebak ngwutahaké getih.

Nalika Dawud dadi sugih lan dadi misuwur, Dawud dikalahaké dené hardaning hawa nepsuné nindakaké laku jino lan sebanjuré mateni uga njupuk “cempe” lanang kang nasipe ora apik iku. Nanging Dawud nggatekaké nalika dielingaké gusti Allah lan nanggapi kanthi becik, kanthi mengkono Gusti Allah nampani pamratobate kang tulus sakwisé Dhawud ngakoni dosané kanthi cetha. Bocah kang dikandhut saka dosa iku mati, awit pancen ora bakal dosa lan berkah ketemu ing sajroné sak omah. Gusti Allah paring paukuman Dawud lumantar akéhé dosa anaké lan anaké mbalela nganti Dawud kudu mlayu saka ngarsané Gusti Allah. Senajana Dawud wis tuwa nalika iku, dhéwéké mlayu menyang Yordan ana kana manggon nganti anaké kang mbalela yaiku Absalom, kapatenan.

Sasuwéné mangsa-mangsa kang angel iku, dawud terus nyerak marang Gusti Allah lan ndedonga nganti Sang Roh Suci paring tuntunan dhéwéké nganggo kidung lan pameca kang banget déning ngedap-edapi. Sapérangan gedhé saka jaburé mratélakaké bab rawuhé Sang Kristus. Daya pengaruh kang jero kang diukir déning Sang Roh Suci ing sajroné atiné yaiku yén bocah lanang bakal lahir saka antarané tedhak turuné kang bapak saka bocah iku Gusti Allah piyambak ( 2 Samuel 7:12-15; I Babat 17:11-14). Janji kang banget ndudut ati iki neguhaké yén Sang Kristus kang bakal rawuh iku tedhak turuné anak Dawud.

Ing sajroné tulisan kawitan saka kitabe, Matéus ora pati cetha nyebut Gusti Yésus kanthi sesebutan “Sang Kristus” nanging dhéwéké uga nyethakaké yén sang Kristus itu tekané saka tedhak turuné Dawud, kang nuduhaké manawa Gusti Yésus uga kalebu keluarga Kraton, kang wis ditetapaké wiwit dina kelahirané supaya dadi Ratu kang diprasetyakaké atas sawijining kraton kang tanpa pungkasan.

PANDONGA: Dhuh Gusti Allah ingkang suci, margi-margi Paduka mboten katingal déning mripat kawula, nanging saben janji Paduka menika leres lan badhé kalampahan. Paduka mboten milih kula awit kasaénan kula, nanging awit sih rahmat Paduka ingkang ageng. Kula sampun nampik Paduka ing salebetipun dosa-dosa kawula, nanging Paduka murnekaké kawula menawi kawula mratobat kanthi tulus. Tuntun kula supados ngawonaké watek gumunggung kula lan mratobat saking samukawis dosa kula kanthi makaten kula saget nampik samukawis piala, lan dipun sucékaké kanthi panguwaos Sang Roh Paduka ingkang murni.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé gusti Yésus disebut dadi “anak Dawud”?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 20, 2022, at 04:27 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)