Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Romans - 003 (Identification and apostolic benediction)
This page in: -- Afrikaans -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bengali -- Bulgarian -- Cebuano -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Malayalam -- Polish -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Turkish -- Urdu? -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

RUM - GUSTI ALLAH PUNIKA BEBENER KITA
Piwucal saking seratipun Rasul Paulus kanggé jemaat ing Rum
Pambuka: Salam, Panuwun Marang Gusti Allah, Dalah Katrangan Babagan “Bebenering Gusti Allah” Minangka Semboyan Wonten Ing Seratipun (Rum 1:1-17)

a) Perkenalan dalah berkat rasuli (Rum 1:1-7)


RUM 1:2-4
2 Injil iku wus kaprasetyakake lantaran para nabi kaya kang katulis ing kitab-kitab suci, 3 bab Sang Putra, kang cara kadagingan mijil saka tedhake Daud, 4 lan miturut Rohing kasucen Panjenengane iku Putrane Allah, katitik ana ing wungune saka ing antarane wong mati, yaiku Yesus Kristus, Gusti kita.

Kados dene bengawan Nil ingkang nelesi lan nyuburaken siti ingkang bera, makaten ugi pakaryaning Injil ing gesangipun tiyang-tiyang pitados, maringaken kasekten lan kasagedan temah dados subur saged ngedalaken woh lan sukarena. Wadi ingkang ageng saking Injil inggih menika rawuh lan pakaryanipun Yesus Kristus. Panjenengan katimbalan sanes supados pitados dhateng satunggaling kitab, nanging dhumateng satunggaling Pribadi ingkang nyata, ingkang boten winates dening waktu. Ewon taun kapengker Allah netepaken lumantar para nabinipun bilih satunggaling manusa badhe kalairaken saking Roh Allah lan saking guwa garbaning prawan, lan asmanipun inggih menika Putraning Allah. Toret kebak pameca bab abdi menika. Pramila, sadaya nabi ingkang leres sami meca ing pawartos menika bilih Sang Kristus menika Putraning Allah. Lajeng sinten ingkang badhe nglawan Putraning Allah, menawi Panjenenganipun ngetingalaken dhiri minangka Tritunggal ingkang suci saperlu ngewahi pikiran kita ingkang boten trep lan nuwuhaken wawasan ingkang lebet? Wiwit Sang Kristus rawuh, kita nyumurupi bilih Allah menika Rama ingkang kebak sih kadarman. Karana, gegambaran saking Kang Putra ingkang sih kadarman menika maringaken wawasan lan piwulang enggal dhateng kita bab Gusti Allah, bilih Panjenenganipun enika sih katresnan.

Putraning Allah dados manusa sejati, kawiyosaken saking turunipun Prabu Daud, nabi lan juru mazmur, ingkang nampi prasetya saking Allah bilih salah satunggaling tedhak turunipun dados putra ingkang maha luhur (2 Sam. 7:14). Ing kamanungsanipun, Sang Kristus ingkang langgeng nyandhang karingkihan kadagingan kita lan kagodha ing samukawis, kados dene dhiri kita.

Nanging Panjenenganipun boten kagungan dosa, lan pepejah boten ngwasani Panjenenganipun, karana Roh Suci ingkang dedalam ing Panjenenganipun sawetahipun, nelukaken dosa. Gusti Yesus mbuktekaken pangwasanipun kanthi nyata lan boten saged dipun selaki nalika Panjenenganipun wungu saking pejah, unggul lan ngasta panguwaos tumrap pepejah, mengsahing manusa. Lumantar lelampahan ingkang elok menika Gusti Allah nandhesaken jejering Gusti Yesus minangka Kang Putra, lan ngukuhaken bilih Panjenenganipun badhe pinarak wonten tengenipun minangka Gusti ingkang sejati, ing papan samangke Panjenenganipun nyakra bahu kados ingkang kadhawuhaken dening Gusti Yesus: “Sakehe pangwasa ana ing swarga lan ing bumi wis kaparingake marang Aku.” Panjenenganipun gesang sesarengan kaliyan Sang Rama lan Sang Roh Suci: Allah ingkang tunggal salaminipun.

Pangwasanipun Sang Kristus sumunar wonten ing Paulus lan mili dhateng greja-greja; lan pangwasanipun Gusti Yesus makarya saya nyata samangke ing gesangipun tiyang ingkang ngaken bilih Panjenenganipun kalairaken saking prawan menika saestu Gusti piyambak. Pangaken “Yesus Kristus Gusti kita” menika punjering iman kita wiwit wiwitaning kekristenan. Menika ngemu maknaning wadi Tritunggal, karahayon lan pangajeng-ajeng.

PANDONGA: Kawula manembah dhumateng Paduka, Putraning Allah, amargi Paduka sampun dados manungsa amargi sih katresnan Paduka, lan Paduka ngasoraken dosa lan pati lumantar badan Paduka. Tampinana gesang kawula minangka panuwun dhumateng Paduka, lan sucekaken kawula lumantar Roh Suci Paduka saengga kawula saged sami nampi kraton Paduka. Kawula nyuwun supados Paduka ngwasani pikiran, lathi, dalah polah kawula supadosa saged dados seksi kang setya tumrap Paduka sesarengan kalyan sedaya abdi Paduka ingkang setya tuhu ing antaranipun bangsa kawula.

PITAKON:

  1. Apa tegesé menawa Kristus iku Putraning Allah?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on July 06, 2021, at 09:16 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)