Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- John - 128 (Peter confirmed in the service of the flock)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 4 - TERANG NGALAHAKE PEPETENG (Yokanan 18:1 - 21:25)
B - PATANGEN LAN SANG KRISTUSD ANGGONE NGATONAKE SARIRANE (Yokanan 20:1 - 21:25)
5. Gusti Yesus ngatingalake sarirane ing pinggire tlaga (Yokanan 21:1-25)

b) Petrus diteguhake ing sajrone leladi marang wedhus-wedhus (Yokanan 21:15-19)


YOKANAN 21:18-19
18 Satemen-temene pituturKu ing kowe: Nalika kowe isih enom, kowe sabukan dhewe lan kowe lumaku menyang ngendi bae kang kokkarepake, nanging besuk manawa kowe wus tuwa, kowe bakal mulung tanganmu lan wong liya kang bakal nyabuki, banjur nggawa kowe menyang panggonan kang ora kokkarepake.” 19 Bab iku dipangandikaake kanggo mrasemoni kapriye patrape Petrus anggone bakal mati kanggo ngluhurake Gusti Allah. Sawuse ngandika mangkono mau tumuli dhawuh marang Petrus: “Melua Aku!”

Gusti Yesus pirsa apa kang ana jerone atine Petrus, salah siji murid Panjenengane, kang duwe semangate makantar-kantar lan rerasane mumbul-mumbul. Kita asring nemokake tingkat rerasa kang kaya mangkene iki ing sajrone pengalaman wong-wong enom nalika wong-wong enom mau lagi kawitan pisan nuduhake iman marang Sang Kristus. Sawise wong-wong enom duwe pengalaman karo Sang Roh Suci, sebanjure wong-wong enom mau duwe semangat kanggo nylametake wong-wong liya uga. Nanging akeh ing antarane, kang leladi mung mempeng alandhesan sipat kamanungsan, ora manut tuntunan Gusti Yesus, kang kebak sabar sareh, kebak pandonga lan bareng-bareng karo wong liyane.

Nanging, gusti Yesus meca yen Petrus bakal nglewati mangsa sumendhe marang kekuatane dhewe banjur diwasa ing sajrone iman, ana wektune sumarah marang gustine, minangka tawanan katresnan, lan mung kepengin nindakake apa kang dadi karsane Sang Kristus.

Petrus tetap manggon ing Yerusalem, lan ora lunga marang wong-wong dudu Yahudi. Dheweke digebuki lan dikunjara makaping-kaping; ing salah sijine dheweke dibebasake dening malaikat Gusti. Dheweke dipimpin Sang Rih suci tumuju omahe Kornelius, perwira prajurit Romawi, ana kono dheweke ndeleng yen Sang Roh suci uga bisa mandhap marang wong-wong dudu Yahudi, kang maune dianggep najis. Kanthi miwiti martakake Injil iki, dheweke mbuka lawang marang misi nggayuh jagat.

Sawise diuwalake saka pakunjaran Herodes, Petrus lunga menyang gereja-gereja kang lagi diedegake, mligine sawise Paulus dikunjara. Dadi, pemimpin para rasul iku marani wong-wong Kristen kang asal-usule dudu Yahudi, nyurung wong-wong iku kanthi pawarta kang asipat dikaya bapak marang anak. Tradisi nyathet bab patine Petrus ana ing Roma ing jaman Nata Agung Nero nganiaya wong Kristen. Awit dheweke duwe panemu ora pantes mati disalib kaya Gusti, dheweke njaluk supaya wong-wong kang nyalibake dheweke, nyalib kanthi sirang ana ngisor, dadi walikan. Gusti Yesus wis meca prekara iki, nalika Panjenengane ngandika yen Petrus bakal ngluhurake Allah ing sajrone patine.

Sadurunge, Petrus wis menehi tanda marang Gusti Yesus yen dheweke nyawisake nyawane kanggo Gusti. Gusti Yesus paring jawaban: “Menyang ngendi paranKu kowe ora bisa melu Aku saiki, nanging besuk kowe bakal padha nusul Aku” (Yokanan 13:36). Gusti Yesus nyambungake para murid Panjenengane kanthi panguwasa Panjenengane lan kaluhuran Panjenengane kanggo supaya dadi siji karo Panjenengane lan Sang Rama dikaya karo Sang Roh Suci. Dheweke andadekake para murid melu cawe-cawe ing sajrone panandhang lan seda Panjenengane kang dadi wiwitaning tumuju marang kaluhuran. Kaluhuran ing sajrone Injil ora ateges sumunar utawa kaluhuran ing sajrone pikiran kadonyan, nanging panandhang lan Kayu Salib kanggo Panjenengane kang wis nresnani kita. Petrus ora bisa ngluhurake Allah kanthi pambudayane dhewe, nanging Rah Sang Kristus nyucekake dheweke, lan panguwasane Sang Roh Suci nyucekake dheweke, kanthi mengkono dheweke bisa nyingkur awake dhewe lan urip kunjuk gustine uga mati kanggo ngluhurake Panjenengane.

Sebanjure, Sang Kristus maringi dhawuh marang Petrus kang asipat kaya marang prajurit, “Melua Aku!” Ngangi marang tingkat kita ndherek Panjenengane ing sajroning urip lan mati, kita kudu mbangun turut marang woh-woh katresnan lan nyucekake asma saka Sang Rama kang kebak sih rahmat.

PANDONGA: Gusti Yesus Kristus, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit mboten nampik Petrus, sinaosa piyambakipun nyelaki Paduka, nanging paduka nimbali piyambakipun supados ngluhuraken Tritunggal ingkang suci ing salebetipun gesang lan matinipun. Paduka pundhut gesang kawula ugi, lan sucekaken kawula supados saget mapanake kekajengan kawula sawetahipun wonten ing salebetipun tuntunan Paduka, supados mbangun turut dhumateng Paduka, supados nresnani mengsah-mengsah kawula, lan ngluhuraken Paduka kanthi iman ingkang mbangun turut ngantos dumungi pungkasan, kanthi makaten gesang kawula saget dados kamulyan kangge sih rahmat Paduka.

PITAKONAN:

  1. Kepiye Petrus ngluhurake Allah?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 12:01 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)