Previous Lesson -- Next Lesson
14. Gusti Yésus Kasalibaké (Markus 15:24-25)
MARKUS 15:24-25
24 Gusti Yésus banjur disalib, pangagemané nuli diedum-edum sarana diundhi, supaya kasumurupana pandumané dhéwé-dhéwé. 25 Nalika gusti Yésus kasalib iku mbeneri wayah jam sanga.
Cerita kang jangkep babagan anggone Gusti Sang Kristus disalib ora ditulis ing sajroné kitab – Kitab Injil. Kita maca babagan tilas paku kang karaten kang memper bolongan tangan lan suku Panjenengané kang diencepaké ing kayu salib kang nyilakani iku. Bisa uga para batur tukon kang pancen diprentah nyalib Sang Kristus, para batur tukon mau mlumahaké gusti Yésus ing kayu palaing iku, nyopoti rasukan njabané, lan nancepaké paku ing tangan lan suku Panjenengané ing kayu salib iku tanpa ana rasa welas babar pisan.
Mandega jantungku anggone kedut! Coba mangreti, heh pikiranku, donya iki nyiksa Kang Nitahake. Tangan kang marasaké iku dibolongi paku. Getih kang netes ing lemah iku getih kang suci. Katresnan kang tansah nggatekaké sapa waé iku, wis kasédani.
Kawula manembah Paduka, dhuh cempéning Allah lan kawula ngluhuraken Paduka ingkang sampun nyanga sadaya dosa donya. Paduka uga nyangga dosa kula, lan nyucekaké kula ngantos selaminipun.
Selaras karo pakulinan, wong-wong kang duwé tugas nyalib iku sebanjure ngedekaké kayu salib, karo badan kang wis dipaku ing kono, sebanjur ngedegaké kayu salib iku.
Pungkasané, para batur tukon iku bakal maku suku kang wis diagem Panjenengané tindak angrawuhi kutha-kutha lan desa-desa ing laladan kono, lan suku loro iku siji mbaka siji dipaku karo paku dawa kang kuwat. Kaya apa abote siksan lan kaya apa sucine getih kang tumetes ing bumi kang wis kaipat-ipati iku awit anggone ora mituhu manungsa kang ora gelem nampa manungsa kang sempurna lan panjalmané Allah kang bener iku, lan malah nyalibaké Panjenengané gumantung, kaya-kaya arep kandha, “Aku kabéh ora gelem ana sesambungan antarané Panjenengané karo bumi iki.” Dadi, kalandhesan rasa sengit lan umor wong-wong iku wis nyedani Panjenengan kang rawuh kanggo donya iki.
Paukuman salib iku sawijining paukuman kang banget déning nistha. Awit paukuman salib itu ora banjur wong kang diukum iku mati, nanging agawé kaya-kaya anggone mati nganti kaping ewon. Kawitan awaké kang wis tatu arang kranjang iku digeret déning bobote awaké dhéwé nganti tatu-tatu iku tambah suwe tambah amba. Sebanjure sambungan antarané kempol kare tlapan iku suwek awit abote awak lan syarape kang tatu dadi jalaran lara banget, nganti kang disalib semaput. Otot sirah lan wetenge sebanjur dadi kaluwihan getih kanthi mengkono wong kang disalib bakal ngrasaké lara banget ing sirahe. Pikirané wiwit ora nggenah lan katempuh rasa was-was lan kaweden banget. Gambaran-gambaran nggegirisi wiwis nempuh atiné, lan jantunge bakal kedher, lan pompa jantunge dadi ora aturan, alon, kaya-kaya ora bisa mompa manéh. Ing kahanan kang mengkono wiwit nglokro lan wiwit iku wis ora éling. Paukuman salib diakoni sawijining paukuman kang nisthe dhéwé lan nggegirisi kang anané ing jaman kuno.
Kawula manembah Paduka, Cempéning Allah ingkang suci, awit Paduka sampun manggul ing salebetipun sarira Paduka ingkang suci, sadaya dosa donya. Paduka uga nyukani pangapurané dosa dhumateng sadaya manungsa. Paduka paringi iman kawilujengan dhumateng tiyang-tiyang ingkang maos buku menika, lan karukuna tiyang meniak kaliyan Gusti Allah lumantar panandhang lan séda Paduka.
Gusti Yésus kasalib ing jam 9 ésuk, nalika srengéngé esih durung panas sanget. Kanggo wong Yahudi, étunganing dina iku diwiwiti jam 6 ésuk, merga iku kita bisa mesthékaké menawa Gusti Yésus kasalibaké ana ing jam 9 ésuk.
Jam kaping telu ing kene disebutaké kanggo nyethakaké anggone nggambaraké tindak piala para imam Yahudi lan kang duwé panguwasa Rum kang nganiaya Gusti Yésus nganti séda, mecuti Panjenengané, lan kesusu ndhabyang Panjenengané menyang Golgota, ora duwé rawa welas lan ora mbuwang wektu.
Lumrahe ing kahanan kang mengkono, dikaya lelakon tindak piasa kang lumrah, wiwitané para batur kang diprentah nyalib bakal lungguh ing ngisor salib, lan ngopyok sandhangan wong kang disalib, kanggo netepaké sapa kang mengkono entuk sandhangan wong kang disalib iku. Gusti Yésus tetap kagungan rasukan kaimaman nganti tekan pungkasan. Para batur iku ora duwé kekarepan nggunting supaya bisa diedum, awit kang diagem Gusti Yésus iku bakal ora ana regani lan iku sebabe para batur mau ngopyok mengko sapa kang bakal nduwéni rasukan Gusti Yésus.
Ing jaman iki, manungsa uga kesusu marga diburu déning apa kang arep digayuh dhéwé. Wong-wong mau ngetung dhuwite sing dicekel, mikiraké babagan kauntungan, lan ngangen maneka werna rancangan kang bisa dicekel. Nanging, wong-wong mau ora bisa ndeleng anané Gusti Yésus, lan kayektén babagan Panjenengané kang disalib, lan ora bisa ngrasakaké makna saka pangorbanan Panjenengané, uga ora gelem nyedhak Gusti kang wis disalib tanpa dosa, kang wis masrahaké uripe kanggo kabéh manungsa.
Para maos kang kinasih, apa urip panjenengan katujuaké marang salib, andadekaké salib iku dadi tujuwan urip Panjenengané, lan tujuwan pungkasan ing pénggalih panjenengan? Apa panjenengan duwé pepinginan sih rahmat saka Sang Penebus kang kalimputan ing sih kawelasan? Rasul Paulus nembus ing sajroné katresnan sang Penebus iku kanhti golonge atine nalika dhéwéké nulis, “Aku wis disalib bebarengan karo Sang Kristus; nanging aku urip, nanging dudu manéh aku dhéwé kang urip, nanging Sang Kristus kang gesang ing sajroning aku” (Galatia 2:20).
Lukas mratélakaké kang dadi pangandikané Gusti Yésus kang kawitan nalika ana ing kayu salib yaiku: “Dhuh Rama, tiyang-tiyang punika mugi Paduka apunten, amargi sami boten mangretos punapa ingkang dipun tindakake.” (Lukas 23:34)
Ing sajroné donga kalenggahan Panjenengané, Gusti Yésus ndongakaké kabéh para abdi, para imam kepala, lan uga gubernur Rum, uga kabéh manungsa. Imam Agung ilahi iku ora ngipat-ipati wong-wong kang nyedani Panjenengané, lan uga ora nampik wong-wong dosa, nanging Panjenengané nylametaké wong-wong mau, amberkahi wong-wong mau, lan ndedong kanggo wong-wong mau, lan pancen, Gusti Allah kang suci njawab donga Gusti Yésus. Coba dimangerti donga syafaat Gusti Yésus ing kayu salib lan panjenengan bakal diselametake. Panjenengan bakal diteguhaké ing sajroné keselametan, tansah atur panuwun dhumateng Panjeneganne kanthi masrahaké urip panjenengan marang Panjenengané kanthi kebak atur panuwun.
PANDONGA: O manungsa ingkang kebak panandhang, katresnan Paduka nglangkungi pangertosan kawula, lan panguwaos Paduka dados langkung nyata ing salebetipun karingkihan kawula. Paduka mboten ngipat-ipati tiyang-tiyang ingkang nyalibaken Paduka, nanging malah ndongaken tiyang-tiyang kalawau, lan milujengaken. Kawula pitados bilih Paduka ndongakaké kawula ing wekdal Paduka nguwuh, “Rama, Paduka apunten tiyang-tiyang menika, awit tiyang-tiyang menika mboten mangertos menapa ingkang dipun tindakaken”. Paduka paring pitulungan supados kawula saged nresnani Paduka, lan kawula saged ningali salib Paduka uga andadosaken Paduka dados punjering gesang kawula, lan dados landhesan gesang kawula, ugi kagem kekiaytan ing salebetipun pandamelan kawula. Kula masrahaken badan kawula dhumateng Paduka, dhuh cempénipun Allah ingkang suci, awit Paduka sampun nyangga sadaya dosa donya. Amin.
PITAKONAN:
- Kepiyé Gusti Yésus disalib?