Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Mark - 096 (Carrying the Cross)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 8 - Gregeting Karsa Lan Sédané Sang Kristus (Markus 14:1 - 15:47)

13. Manggul Salib Nganti Pungkasan (Markus 15:21-23)


MARKUS 15:21-23
21 Nalika samana ana wong liwat jenenge Simon, wong Kirené, bapakne Aleksander lan Rufus, lagi bali saka ing pategalan. Iku dipeksa dikon manggul salibe Gusti Yésus. 22 Gusti Yésus banjur diirid menyang panggonan kang aran Golgota, tegese: Pacumplungan. 23 Tumuli dicaosi ngunjuk anggur kang dicampuri mur, nanging ora karsa.

Apa panjenengan tau manggul balok, kang dawané telung meter? Salibe Gusti Yésus iku abot banget, lan angél digawa. Gusti Yésus, kang wis kesel awit kabéh siksan kang dilakoni, ora manéh kuwat manggul salibe piyambak, awit saka iku Panjenengané kadeprok.

Kasunyatan iki nguwataké banget kita! Gusti Yésus kudu dadi padha karo kita ing sajroné kabéh pérangané urip. Nanging, Panjenengané tetep ora dosa nganti Panjenengané bisa nuduhaké rahmat marang kita ing sajroné karingkihan kita.

Apa panjenengan manggul momotan rasa kuwatir, dosa, lan kangélan ing sajroné urip panjenengan? Apa panjenengan kapenet awit prekara, rasa sengit, lan kurang mangan? Apa waé salib kang bisa uga panjenengan panggul, Sang Kristus wis manggul sakabéhe iku kanggo panjenengaen, ora dadi prewira kang gagah prakosa, nanging wis nganti marang watesing kekuwatan badan Panjenengané. Gusti Yésus prisa kahanan panjenengan manawa panjenengan ora bisa manéh jumangkah ing sajroné aboting kangélan panjenengan menika.

Gusti Yésus ora mbuwang salib Panjenengané, nanging Panjenengané tetep manggul salib Panjenengané sinadyané Panjenengané wis kadeprok. Lan nalika para prajurit ngreti yén panganiaya lan siksan iku dadi jalaran Gusti Yésus ora bisa manéh manggul salib, sinadyana Gusti Yésus isih kersa nindakaké, para prajurit iku sebanjure meksa wong Yahudi kang asale saka Afrika sisih elor kang lagi lewat iku, kang sejatine teka ing Yérusalém arep melu riyaya Paskah cempéne Allah, supaya dhéwéké manggul salib Gusti Yésus.

Dina iki, Sang Kristus cemawis paring pitulungan marang Panjenengané. Panjenengan ora dhéwékan, Panjenengané tansah ana ing sacedhaké panjenengan. Panjenengané wanuh Panjenengané, lan Panjenengané kandha marang Panjenengané, “He, para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrenea, Aku bakal gawé ayemmu. PasangganKu padha tampanana ing pundhakmu lan padha nggegura marang Aku, awit Aku iki alus lembah ing budi, temahan kowe bakal padha oleh ayeming nyawamu. Amarga pasanganKu iku kapenak lan momotanKu iku entheng.”

Kita sinau saka ayat iki, Gusti Yésus tindak manunggal karo Sang Rama ing sajroné pasangan, lan mluku ing pakebonan jagat iki. Mangkono, Gusti Yésus ngersakaké mlebu ing sajroné patunggalan kang raket lan sempurna karo panjenengan kanggo manggul momotan panjenengan, lan dadi jalaran panjenengan mitra ing sajroné berkah, panguwasa lan timbalan Panjenengané.

Apa panjenengan rumangsa bisa, bombong karo anané panjenengan dhéwé, lan gelem manggul salib panjenengan dhéwéké waé? Aja bodo! Sang Kristus ana sacedhaké panjenengan, lan Panjenengané cemawis nampa panjenengan manawa panjenengan masrahaké kabéh prekara panjenengan marang Panjenengané. Aja mangu-mangu! Ndedonga lan pasrahaké awak panjenengan marang Panjenengané, awit gusti Yésus nresanani Panjenengané. Panjenengané iku juru Pitulung, setya, kagungan panguwasa lan sang Juru selamet.

Kita ora ngreti benere sapa Simon Kirene iki. Bisa uga dhéwéké manggul salib iku kanthi rasa umor lan nesu, awit pikirané yén prekara iku bakal najisaké manut paugeran agama Yahudi, kélingan yén nalika iku dhéwéké lagi nekani papan kang suci, kang mesti mbutuhaké akéh biaya lan pangorbanan, lan kabéh iku bisa dadi ora ana gunané manawa dhéwéké najisaké awaké mangkono.

Utawa bisa uga dhéwéké ndeleng mripate Gusti Yésus kang kadeprok, lan ndeleng mripat iku mratélakaké rasa atur panuwun Gusti Yésus, awit Simon wis mitulungi Panjenengané, sinadyana ing sajroné kahanan kepeksa, nalika gusti Yésus lagi katempuh ing kasusahan.

Rasa atur panuwun iku uga dipratélakaké ing sajroné kasunyatan yén anaké Simon loro sebanjure dadi wong-wong kang dilairaké manéh, lan dadi anggota kang kinurmatan saka pasamuan ing Rum. Bapaké manggul salib Gusti Yésus, nanging Gusti Yésus manggul dosa-dosa kang bapak lan loro anake. Keluwarga Kirene iku ngasilaké uwong kang tetep lan berkah kang langgeng awit Simon kang manggul salib Sang Kristus.

Nalika iring-iringan gusti Yésus iku tekan ing papan anggone bakal disalib, ing gunung kang mapané ana njaba Yérusalém, ing kono wis dicawisaké palang salib kang kanggo nyalib para wong duraka. Wong kang nyebut papan ing golgota, kang ateges cumplung, ing kono sirahe wong kang duraka padha ditigas, lan para maling disalib ana ing kana. Sawetara juru tafsir kandha yén bukti iku diwenehi jeneng mangkono awit wujude kang kaya cumplung. Nanging, salib Gusti Yésus nujeh ing sajroné cumplung manungsa, awit wong-wong pinter karo kawicaksanané ora bisa ngreti kawicaksanan saka Gusti Allah kang manjalma dadi manungsa, lan malah nyalibaké gusti kaluhuran lan manungsa kang ngédab-édabi kang tahu ana iku.

Dadi pakulinan ing nalika samana menehi anggur marang wong kang bakal disalib, lan dicampur karo mur, kang rasané pait lan dadi jalaran muneg-muneg. Para murid diwenehi dadi obat kanggo nyepetaké rampunge panandhang wong-wong kang mati disalib. Nanging, Gusti Yésus nampik obat pati rasa kang bakal ngganggu beninge pikir Panjenengané. Panjenengané cemawis nyangga pati iku kanthi sadar bener, lan ngreti yén ing wektu kang pungkasan gesang Panjenengané iku Iblis bakal nekani langsung marang Panjenengané, nggodha Panjenengané supaya sengit, nyenyamah, lan nglokro kanthi mangkono Panjenengané bakal nindakaké dosa, kang mesti bakal mbatalaké kabéh gawéan temen-teman lan pakaryan saska cempéning Allah iku.

Gusti Yésus ngersakaké ngalahaké si duraka iku kanthi éling sawutuhé, lan Panjenengané nampik kabéh wujud anggone dibius. Panjenengané nyawisaké sarirané supaya ngrasakaké panandhang nganti séda, lan nampa panganiaya pungkasa ing sajroné gesang Panjenengané.

PANDONGA: Duh Gusti Allah ingkang suci, Paduka dados ringkih lan dijur déning salib Paduka. Paduka langkung wanuh kados manapa alitipun kekuatan kula, lan kados menapa cekakipun kesabarn kula. Kula tansah kepengin mbucal sadaya momotan kula. Paduka apungen kula atas sadya manggul momotan kula lan kintenipun panguwaos, pengajen-ajeng lan iman ingkang saking Paduka makarya ing salebetipun karingkihan kula. Paduka kawonaken ing salebetipun asma Paduka sadaya coban ingkang terus nyerang gesang kula. Paduka kemawon ingkang mimpang sampun ngawonaken sadayanipun lan Paduka, andadosaken kula ugi dados ingkang mimpang. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa kang kita sinauni saka kang ditindakaké Gusti Yésus kang manggul salib Panjenengané?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 28, 2025, at 06:59 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)