Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Mark - 098 (King Crucified Between Two Robbers)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 8 - Gregeting Karsa Lan Sédané Sang Kristus (Markus 14:1 - 15:47)

15. Sang Raja Disalib ing Antarané Begal Loro (Markus 15:26-28)


MARKUS 15:26-28
26 Ing sadhuwure ana tulisan, kang mratélakaké apa sababe kaukum, unine: “Ratune wong Yahudi.” 27 Ana begal loro kang disalib bebarengan karo Gusti Yésus, kang siji ana ing tengen, sijine ana ing kiwané Panjenengané. 28 (Iya iku kayekténanané tulisan kang mangkéné: “Panjenengané kaetang awor kalawan wong durjana.)

Tandha-tandha sawijining Ratu kang becik yaiku wicaksana, kuwat, adil, agung, becik, sabar lan duwé kuwasa. Tandha-tandha liyané isih akéh kang dadi kagungané Gusti Yésus, awit Panjenengané iku Ratune Ratu, Gusti atas kabéh Gusti. Kang pangandikané tansah kayektén, lan ora tau ninggalaké timbalan Panjenengané nalika Pilatus nyuwun pirsa Panjenengané babagan kaanané Panjenengané minangka jejeré Ratu.

Nanging, Gusti Yésus ora ngajak rerembugan karo sapa waé, lan Panjenengané ora mbeberaké, awit Gusti Allah Sang Rama wis netepaké Panjenengané dadi Ratu atas donya kita. Panjenengané ora paring paukuman marang wong kang ora gelem mbangun turut iku nganggo cara kang keras, nanging Panjenengané nresnani wong-wong mau lan tetep sabar karo wong-wong mau. Panjenengané milih séda ing tangané para pambalela iku ketimbang karo nyirnakaké para pambalela atas anggone mbalela. Sang Ratu katresnan iku nyawisaké sarirané séda, lan ora mateni wong-wong kang nyedani Panjenengané.

Malaikat Jibril wis meca, sadurunge Gusti Yésus kalairaké, yén asmané Sang Juru selamet iku “Yésus”, awit Panjenengané bakal nylametaké umat Panjenengané saka dosa-dosane. Panjenengané dadi Ratu lan Juru karukunan manungsa karo Gusti Allah. Panjenengané kagungan panguwasa kanggo andadeke tentrem marang wong kang ora mbangun turut. Awit saka iku, Panjenengané iku Sang Ratu lan Imam kang kagungan panguwasa ngrampungaké kabéh prekara kang angél dhéwé, awit Panjenengané wis nguwalaké para pandhérék Panjenengané saka bebendune Allah. Panjenengané manunggalaké ing sajroné sarira Panjenengané tugas minangka jejeré nabi lan ratu, lan dadi Imam kang asipat ratu kang ing sajroné Panjenengané makuwon kabéh panguwasa, katresnan, kayektén lan pengapura, kamulyan uga katentreman.

Pemerintahan Gusti Yésus asipat ilahi lan nyata ing sajroné katresnan Panjenengané kang suci. Panjenengané nandhang sangsara awit anggone nampik kang kuwat saka sedulur-sedulur Panjenjengané, nanging Panjenengané nyangga kabéh dosa manungsa, manggul kabéh bebendune Allah ing sajroné manah Panjenengané. Dadi, Sang Imam kang asipat ratu iku dadi cempé Allah kang nandhang sangsara banget awit karingkihan badan Panjenengané kang katempuh panganiaya.

Sesebutan kang ditulis ing ndhuwur mustaka Panjenengané kang ngagem makuta eri iku, “Ratu wong Yahudi”, supaya ngremehaké Sang Ratu kang disalib iku kang nemtokaké yén kraton Panjenengané iku ora sah. Nanging, karingkihan Gusti Yésus iku panguwasa Panjenengané. Kanthi ngorbanaké sarira Panjenengané, Panjenengané wis ngrukunaké kabéh manungsa karo Gusti Allah. Ing ngeni manéh ing donya iki, kita bisa nemokaké Ratu kang séda supaya umat Panjenengané bisa urip?

Kosok baliné, para ratu lan panguwasa pakulinané ngorbanaké rakyate kanggo kesenangané lan kanggo kamewahané dhéwé. Gusti Yésus beda banget. Panjenengané nandhang sangsara supaya kita ora prelu nandhang sengsara, lan Panjenengané séda supaya kita ora mati, nanging urip bebarengan karo Panjenengané.

Gusti Yésus iku wong Yahudi tedhak turun taler “Yehuda” kang dadi tedhak turune saka Raja Dawud. Gusti Allah wis paring janji yén Sang Raja kang asipat ilahi iki bakal rawuh saka tedhak turune Dawud, kraton Panjenengané ora bakal tau kapungkasi, Rama Panjenengané iku Gusti Allah piyambak, lan kelanggengan Panjenengané asale saka Gusti Allah piyambak.

Kabéh murid Gusti Yésus, kajaba Yudas Iskariot, asale saka Galilea, yaiku papan kang nyampur kabéh taler Israel kang keri. Ing sajroné Gusti Yésus lan Yudas Iskariot, kita bisa ndeleng apa kang bisa timbul saka antarané bangsa Yahudi. Yudas mata dhuwiten, panguwasa lan pikurmatan; ia dadi wong kang mbalela kanggo sang raja lan sang juru selamet, banjur nggantung awaké dhéwé ing sajroné ati kang nglokro. Nanging Gusti Yésus tetep sedherhana lan andhap asor. Panjenengané nyingkur sarirané dhéwé, mbuka sarirané sawutuhé marang sang Roh suci lan tuntunan saka Rama kasuwargan Panjenengané, lan dadi Juru selamet donya kanthi ngorbanaké sarira Panjenengané.

Dudu mung Yudas Iskariot, nanging sapérangan gedhé wong Yahudi uga nampik Gusti Yésus, awit Panjenengané dhawuh marang wong Yahudi mretobat saka anggone patrap mursid kang lelamisan, lan nimbali wong Yahudi supaya rubah pikirané sinadyané wong-wong mau ngreti bener paugeran torét, lan Panjenengané mulang wong Yahudi supaya bali manembah Gusti Allah sinadyana wong-wong Yahudi dhéwé rumangsa terus manunggal karo Kang nitahake.

Umat saka prejanjian kang lawas iku, awit anggone gumunggung, nampik Sang Raja kasuwargan, lan masrahaké Panjenengané ing tangan wong – wong kafir, supaya nglakoni pati kang mirang-mirangake. Kanthi kang ditindakaké iku, wong Yahudi wis ngguwang Gusti Yésus metu saka antarané bangsané kanthi mangkono Panjenengané bisa disalib ing antarané begal loro kang dadi pralambang saka anané Gusti Yésus piyambak dadi punjer saka donya kang cemer iki. Sang Suci ing antarané para begal, Panjenengané kang alusing bebuden ing antarané wong-wong kang wangkot atine.

Tujuwan wong- Yahudi iku supaya nyemeraké asma Gusti Yésus minangka jejeré raja kanthi ngremehaké sak remeh-remehe nanging kasunyatan malah andadekaké rancangan gusti Yésus dadi tambah nyata. Sang Prabu kang asipat ilahi iku ngersakaké andadekaké para wong duraka lan begal iku dadi wong bener lan suci. Panjenengané nyucekaké wong-wong kang cemer, lan andadekaké wong kang ditampik Allah dadi turunan kang pinilih lan kaimaman kang asipat keprabon.

Kabéh manungsa iku dosa. Ora ana siji waé kang bener. Kita kabéh pantes nampa sédang ing kayu salib, kalebu kula lan panjenengan. Nanging Gusti Yésus nggenteni kita supaya kita bisa dirubah selaras karo tuntunan Roh Panjenengané. Sing sapa nampa wulangan lan Pribadi Gusti Yésus, saka agama utawa uga bangsa endi waé, becik saka antarané wong-wong kang pracaya uga kang larah-larahe ora pracaya, bakal wanuh lan ngreti awaké dadi wong ala lan pantes dipaku ing kayu salib, nanging iku uga wong iku uga bakal disucékaké, diresike lan dibeneraké lumantar kaanané Gusti Yésus, sang Raja kang ditampik iku, kang isih mulungaké asta Panjenengané nganti dina iki ngrangkul saindhenging jagat, duwé pengarep-arep supaya wong-wong kang mbalela marang Panjenengané bakal mretobat, lan duwé pangarep-arep iman panjenengan marang Panjenengané.

PANDONGA: Gusti Allah kawula ingkang suci, Rama kawula ingkang adhedhampar ing suwarga, kawula manembah Paduka awit Paduka ngutus Gusti Yésus minangka Raja ingkang leres ingkang mboten nyepeng peprentahan ngangge kekuwatan kang nistha, nanging nuduhaké katresnan lan sih rahmat Panjenenganipun dhumateng manungsa. Panjenenganipun pirsa cemer kawula, nanging Panjenenganipun mboten nekakaken bilahi kawula, lan ngapunten samukawis dosa kawula ing wekdal Panjenenganipun séda nggentosaken kawula. Paduka pitulungi kawula sadaya supaya wanuh Sang Raja kawula lan dadi pangantara kawula ing salebetipun bebendu pengadilan Paduka, lan nampa Panjenengané kanthi atur panuwun. Kintenipun kraton Paduka rawuh dinten menika. Kintenipun karasa Paduka dados lumantar panguwasa karukunan saka Sang Iman Agung lan uga cempéning korban menika piyambak. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa makna saka sesebutan “Raja wong Yahudi”?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 28, 2025, at 07:04 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)