Previous Lesson -- Next Lesson
3. Dhawuhé Gusti Yésus supaya Martakaké Pangandikan Senadyana Ana Panganiaya (Markus 13:9-13)
MARKUS 13:9-13
9 “Nanging kowe sing awas, sing ngati-ati! Kowe bakal padha diladekaké marang pradata agama, lan kowe bakal padha digebugi ana ing papan pangibadah sarta bakal disebabaké marang ngarsané para kang ngasta panguwasa lan para raja marga saka Aku, minangka paseksi ana ing ngarsane. 10 Nanging Injil kudu diwartak-wartakaké dhisik marang sakabéhing bangsa. 11 Dene manawa kowe diirid diladekaké, kowe aja sumelang ing bab apa kang bakal dadi aturmu, nanging aturna apa kang nalika iku diparingaké marang kowe amarga dudu kowe, kang calathu, nanging Sang Roh Suci. 9 Sadulur bakal ngulungaké padha sadulur marang paukuman pati, bapa ngulungaké anaké sarta anak-anak bakal padha mbaléla marang wong tuwané lan mateni wong tuwane. Kowe bakal padha disengiti déning wong marga saka asmaKu, nanging sing sapa mantep nganti tumeka ing wekasan, iku bakal rahayu.”
Gusti Yésus ndudut atine para murid, saka karusakan Pedaleman Suci marang kang luwih jero maneh yaiku para murid dicawisaké dadi papan manunggale Sang Roh suci, lan dadi Pedaleman Allah ing tengah-tengah donya kang lagi kisruh, nyesekaké bab anggoné kaanyaraké secara kasukman kanthi kebak katresnan, lan cemawis ditampik déning putra-putra rama Abraham uga didakwa dadi wong-wong kang ora duwé iman lan wong kang nyenyamah.
Nanging, para murid ora bisa nyelaki kahanan atine sawisé nampa pepesthen, lumantar sang Roh Suci kang manunggal ing panguripané, Gusti Allah iku Tritunggal, lan para murid iku para putra Panjenengané ing sajroné kayektén. Malah sinadyana para murid iku digebugi, utawa disiksa kanggo diresiki uteke, paseksén saka Sang Panglipur iku ora bakal tau kapungkasi ing sajroné atine awit para murid wis dadi titah anyar, watu sandhungan kanggo donya kang wis mati ing sajroné dosa. Katon cetha para panguwasa kang sawenang-wenang ing jaman saiki ora bisa nyirepaké rasa kangene manungsa marang Allah. Ing ngendi papan ana wong kang dilairaké maneh, panguripan kasukman bakal terus ing sajroné donga lan katresnan marang para satrune.
Ora ana wong siji waé kang bisa medhot utawa mungkasi urip kang diparingaké Gusti Allah ing sajroné donya iki. Minangka conto, aku ndeleng, ing ereng-ereng gunung Libanon, uwit kang oyote nancep jero ing lemah kanthi mangkono uwong bisa negor uwite, nanging ora bisa mateni uwit iku, awit uwit iku terus tuwuh ing sajroné lemah, lan sebanjure tukul maneh semi lan dhuwur. Uwit iki umume dijenengaké uwit Injil, awit wong-wong kana ngrasakaké uga, ing sejarah ora ana panguasa ing donya iki kang bisa ngendhekaké Injil kang suci.
Sang Kristus iku kang menang, pangandikané langgeng salawasé, sinadyana ana kang nampik lan ana panganiaya, kang terus genti genti kang kelakon ing maneka jinis negara. Pungkasané jaman durung bakal kelakon sadurunge Injil iku tekan ing saindenging bangsa ing donya iki, lan sadurunge pawarta iku ditindakaké ing sakabéhing basa kang ana ing donya iki. Wadi iki dijamin déning kayektén lan kaadilan Allah. Nganti kapan panjenengan bakal tetap keturon, lan mung nggatekaké marang awak panjenengan dhéwé lan keluwarga panjenengan dhéwé? Ayo gumregah lan énggal nekani tangga panjenengan awit Injil banget dibutuhaké tangga teparo panjenengaen. Kabéh wong mbutuhaké pawarta becik babagan Putra Allah, kang disalib, nelukaké dosa, ngalahaké pati, lan menang atas pangigit-igite neraka, uga nuduhaké ing dina katelu, urip kang langgeng saka Gusti Allah.
Panjenengan ngandikan, lan aja isih supaya panjenengan ora dipisahaké saka kamenangané Sang Kristus. Kamulyan saka Gusti Allah tritunggal kita diwartakaké lan digiaraké awan lan bengi ing sajroné giaran kasukman, ing sajroné maneka basa. Lan katresnan Allah ditulis uga ing buku-buku, majalah-majalah, lan ing sajroné tumindak becik, kang tinarbuka kanggo sapa waé kang gelem ndeleng.
Injil lagi kasediake. Sing sapa golék keselametan bisa nemokake. Anggoné martakaké Injil ing saindhenging donya uga dadi tanda saka pungkasané jaman.
Gusti Yésus wis pirsa yén paseksén para murid Panjenengaen bakal ana tanggapan saka golongan fanatik. Namung, Panjenengané ora nyegah kelakone panganiaya marang Paulus ing sajroné anggoné dikunjara, nanging Panjenengané ngyakinaké Paulus bab peparing kawicaksanan lan panguwasa kasuman Panjenengané.
Gusti Yésus ora marengaké para muridé Panjenengané kuwatir gegayutan kepiyé mbelani awaké dhéwé. Panjenengané paring prasetya Sang Roh Suci bakal paring kawicaksanan kanthi mangkono bisa mratélakaké kayektén ing sajroné katresnan lan para murid mau dadi pinter dikaya ula lan tulus kaya dene manuk dara. Para seksi Sang Kristus kang setya dijebadi lan kailhami kaya dene nabi. Para murid ora mratélakaké tembung-tembunge dhéwé, nanging Sang Roh suci ngagem para murid dadi mikrophoe ing mangsa-mangsa anané panganiaya.
Gusti ngersakaké para murid mituhu, kanthi mangkono bisa nglantaraké apa kang dikersakaké Sang Roh suci supaya dilantarake. Anggoné nyawisaké awaké supaya nggatekaké kanthi talingan kasukmané marang suwarané Gusti ing sajroné Injil Panjenengané. Rahayu para murid kang nyimpan ayat-ayat iki ing sajroné atiné, lan ngaltih talingané kanggo ngrungokaké swara Sang Roh suci. Ya para murid iku kang bakal ngrungokaké panglipuran saka Gusti Allah, malah ing mangsa kasusahan kang gedhé dhéwé pisan, malah ing mangsa-mangsa ngadhepi pati.
Kanthi mangkono, kita kudu dadi utusan-utusan Sang Kristus ing antarané wong-wong gedhé uga rakyat biasa, ora susah isin, awit kawicaksanan donya iki yaiku kabobot bodho kanggoné Gusti Allah.
Kala-kala wong anyar kang lagi pracaya ditampik keluwargané dhéwé, digething malah dipasrahaké kang kawogan. Anggoné mbuwang kuwi kanggo ngilangi wirang keluwargane! Lan maneh sedulur-sedulur utawa wong tuwa ing sajroné wuta secara kasukman, rumangsané apa kang ditindakaké nganiaya wong kang anyaran dadi wong kristen, malah nganti mateni iku becik ing pamirsané Gusti Allah. Kita uga krungu sawetara negara kang para pemimpine mulang bocah-bocah enom supaya nampik, lan sengit malah mateni wong tuwa kang tetep setya marang Gusti.
Asma Gusti Yésus ora mung mrasetyakaké paring tentrem rahayu lan kabungahan ing ati, nanging uga bakal agawé kita disengiti lan kudu manggul salib, lan kala-kala malah kudu mati kanggoné wong kang pracaya, awit roh donya iki perang tanpa rasa welas asih lumawan Roh Allah.
Nanging, panjenengan ora dhéwékan ngrasaké momotan kang mengkono iku. Yutan sedulur-sedulur kristen kang setya liyané uga ketempuh pancoban kang padha karo panjenengan. Awit saka iku, dadio kuwat ing sajroné Gusti, kanthi mangkono panjenengaen bisa terus berjuang ing dina-dina kang ala iki. Aja mlayu saka pepérangan kasukman, lan aja golék dalan kang gampang waé. Pawarta Injil kudu tetep ditindakake. Gusti paring dhawuh supaya terus nindakaké pawarto iku. Aja singitan kanthi alesan utawa lelamisan ing sajroné mbela iman, nanging gumregaha lan terus berjuang atas tuntunan Sang Roh suci.
Katresnan kang diparingaké Gusti Allah marang panjenengaen luwih gedhé ketimbang kabéh rasa sengit. Dadi, aja nampik jebatan Sang Roh suci kang diparingaké marang panjenengan déning Gusti Yésus Kristus. Katresnan iku luwih duwé panguasa ketimbang karo kabéh roh-roh donya iki. Katresnan iku kamenangan kang wis ngalahaké donya iki- roh donya iki. Sing sapa setya nganti pungkasan bakal diselametake.
Gusti Yésus nguwataké kabéh uwong kang sangsara awit asma Panjenengané, lan maringi jaminan awujud janji Panjenengaen marang wong-owng kang setya, “Lah, Aku tansah nunggal karo kowe, nganti tumeka ing wekasaning jaman”. (Matius 28:20)
PANDONGA: Dhuh Gusti, kawula asring sanget mentingaken badan kawula piyambak ing salebetipun kasukam kawula. Paduka sampun nebus kawula kanggé Gusti Allah lumantar rah Paduka ingkang saestu aji, lan maringaken dhumateng kawula gesang kanthi Roh Suci Paduka. Nanging, kawula arang sanget martosaken dhumateng tiyang-tiyang sanes ingkang dereng ptiados dhumateng Paduka, lan kawula mboten martosaken kawilujengan ingkang saking Paduka kanthi cetha lan kanthi kawicaksanan. Paduka bikak manah kawula kanthi makaten sih rahmat Paduka badhé manunggal ing salebetipun gesang kawula kanthi makaten kawula énggal saged martosaken pangandikan Paduka dhumateng sadhérék-sadhérék kawula, lan ngandharaken gesang langgeng dhumateng sadhérék-sadhérék kalawau kanthi cara ingkang saged dipun tampi. Paduka apunten sadhérék-sadhérék lan kawula ugi atas dosa-dosa kawula. Paduka bikak mripat sadhérék-adhérék kanthi makaten sadhérék-sadhérék saged ningali Paduka lan sowan dhumateng Paduka. Paduka yasa ing salebeitpun manahipun sadhérék-sadhérék menika pepinginan lan kekiyatan supados nampi Paduka. Jangkung kawula ing mangsa-mangsa mbebayani awit paseksén kawula, awit kawula mboten martosaken nami kawula piyambak, nanging kanggo angganepi pangandikan Paduka. Paduka tedahaken dhumateng kawula tembung-tembung ingkang pas kanggé sadaya tiyang ingkang kawula panggihi, lan Paduka paring pitulungan dhumateng kawula supaya nglantaraké menapa ingkang Paduka ngandikaaken dhumateng kawula kanthi kebak pembangun turut dhumateng tuntunan Paduka. Paduka wilujengaké tiyang sepuh kawula , sadhérék-sadhérék kawula, lan mitra kawula kanthi sih rahmat kawilujengan Paduka ingkang langgeng. Amin.
PITAKONAN:
- Kepiyé pawarta Injil marang jagat gegayutan karo pungkasané jaman?