Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Mark - 075 (Warning Against Deceivers)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 7 - Piwulang Gusti Yésus Ing Ing Gunung Zaitun Babagan Mangsa Tembe Yérusalém Lan Pungkasané Jaman (Markus 13:1-37)

2. Gusti Yésus Ngélingaké Babagan Wong-Wong kang Nyasaraké (Markus 13:5-8)


MARKUS 13:5-8
5 Gusti Yésus banjur wiwit ngandika: “Kowe padha sing awas, aja nganti kowe disasaraké ing wong! 6 bakal akéh wong kang padha teka nganggo jenengKu lan calathu: Iya aku iki, sarta bakal nasaraké wong pirang-pirang. 7 Lan manawa kowe padha krungu swaraning perang utawa kabar-kabar perang, aja padha kaget, sabab iku kabéh kudu kalakon, ewadene iku isih durung pungkasane. 8 awit bangsa bakal merangi bangsa, karajan merangi karajan. Bakal ana lindhu ing pirang-irang panggonan, apadene bakal ana pailan. Iku mau kabéh mung dadi wiwitaning sangsara, ngarepaké jaman anyar.

Gusti Yésus ora banjur paring wangsulan marang pitakonané para murid kang lagi was-was. Kang dadi jalarané para murid anggoné nampa pratéla iku kanthi cara kamanungsané, yaiku kinanthenan rasa wedi. Panjenengané kagungan karsa mbereg para murid supaya prayitna secara kasukman kanthi mangkono para mruid ora tiba ing sajroné paukumané Allah.

Bebaya-bebaya kang gedhé dhéwé kang dadi was-wasé wong pracaya dudu pepérangan, utawa lelara, utawa penyakit, utawa pati, nanging krana duwé mental kang nyedhak marang doktrin-doktrin utawa wulangan kang nyasar ing donya iki. Pengadhilan ana amarga manungsa ngedhoh saka Gusti Allah kang yekti. Ya iki sebabe Gusti Yésus paring pepéling marang para muridé Panjenengané supaya sing penting dhéwé waspada marang wong-wong kang nyasaraké, awit anggoné uwong ngedoh karo Gusti Allah, kang pakulinané awit ana cecongkrahan kasukman kang dadi jalaran gonjang-ganjing. Panjenengané ngandika: “Kowe padha sing awas, aja nganti kowe disasaraké ing wong!”. Gusti Yésus ora dhawuh supaya para murid Panjenengaen waspada marang babagan kang asipat politik utawa pepérangan, nanging Panjenengané paring dhawuh supaya para murid nambah waspada saka awaké kanthi mangkono ngreti doktrin-doktrin kang nyasaraké, kang bakal nyemeraké iman kang bener, awit kawiwitan saka pikiran kang ora ngakoni anané Allah, utawa saka wong-wong kang jungkir walik kayektén kang nuntun marang urip kang adoh saka Gusti Allah lan nerak marang karsa Panjenengané, lan sebanjure nekakaké paukuman.

Para satru wong yekti asring nggunakaké wong-wong kang pinter supaya nyasaraké wong-wong kang mursid. Wong-wong mau nggunakaké pangandikané Gusti Yésus kanthi urik, lan nggunakaké asma Panjenengané didadekaké topeng kanggo nuntun pikiran kang atheistik utawa kang asipat orang ngakoni anané Allah kanthi mangkono katone bisa ditampa.

Ora kapetung akéhe pemimpin, juru panuntun lan para pangarep kang misuwur kang timbul lan njanjeni Firdaus marang wong-wong liya manawa wong-wong mau melu dalané lan ninggalaké dalan liyane. Dina iki, wong-wong kang nasaraké wong liya iku nggunakaké pikiran psikologi uga teknologi maju supaya bisa nindakaké rancangan-rancangané, lan kandha marang kita yén manungsa iku dhasare becik lan bisa nggayuh tujuwané nganggo kekuwatané dhéwé. Wong kang nasasarke wong liya iku kanthi tinarbuka utawa bisa uga kanthi singidan anggoné nyasaraké wong liya, awit wong-wong iku ora wanuh jerone ati manungsa. Kita kabéh iku wong ala wiwit cilik mula, lan ora bakal bisa nindakaké kabecikan nganggo kekuwatané dhéwé. Kabéh manungsa iku wis kesasar lan kabawah bebendhune Allah. Kabéh manungsa butuh Kang bisa ngrukunaké kang disalib kanggo manungsa. Ora ana kayektén ing ngarsané Allah tanpa kayu salib. Ora bakal Sang Roh Suci manunggal ing ati tanpa iman marang Panjenengané kang wis kasalib. Sing sapa ora duwé iman marang Gusti kang wis tangi saka pati, wong iku mesti bakal mati lan nampa bilahi, awit wong iku nampik siji-sijie dalan saka Gusti Allah.

Ing jaman pungkasan kahanan susah bakal tambah-tambah, manungsa bakal cekelan marang babagan kang goroh saka para nabi lan para filsuf palsu. Wong-wong iku bakal ndadekaké siji akéh keyakinan ing sajroné agamané, lan mbudidaya kanthi tumemen supaya bisa ngrukunaké manungsa saka maneka werna bangsa supaya wong-wong kang maneka bangsa mau bisa nggeret saakéh-akéhe wong-wong ing antarané wong-wong mau.

Sing prayitna! Wong-wong kang nyasaraké iku tekané bakal nganggo jubah kamursidan. Nanging, ora ana siji waé ing antarané wong kang bakal nganyaraké donya iki kajaba Sang Kristus piyambak, kang wis nyethakaké baba anggoné bakal rawuh kang kaping pindho kanthi cetha. Ora ana siji waé saka wong kang bakal nganyaraké yaiku Sang Kristus piyambak. Wong-wong kang nasaraké iku bakal nguwataké manungsa ing sajroné patrap wangkote lan nyurung ora mituhu marang Gusti Allah kanthi mangkono wong-wong mau sebanjure bakal kapisah saka prejanjiané karo Kang Mahasuci.

Anané perang iku hasil kang nyata tenan saka kahanan manungsa kang kabuwang, ora wedi marang Gusti lan ora duwé kawigaten marang pepadhane. Sang Kristus ora marengaké kita wedi marang pepérangan awit prekara iku sawijining kahanan kang lumrah kelakon. Meri, rasa sengit lan cecongkrahan uga bakal kelakon ing antarané wong-wong lan keluwarga-keluwarga. Manungsa ora suci, nanging ala. Gusti Yésus ngandika yén pepérangan mesti bakal kelakon. Putusan-putusan penting para wong kang njegur ing jagating politik mbudidaya njejegaké anané karukunan, nanging yén mung ngrubah secara tata lair ora bakal dadi jalaran kelakone owah-owahan. Kang dibutuhaké yaiku owah-owahan ati kang owah-owahe iku cepet. Tanpa pamratobat, ora bakal ana karukunan. Tanpa pawarta, mung bakal ana pepati.

Sang Kristus ngandika, “Aja wedi nalika krungu anané pepérangan kang nyedkak utawa pawarta pepérangan ing papan kang adoh, awit para prajurit malaika kang nganthi kowe luwih akéh ketimbang wong-wong kang merangi kowe. Gusti Allah waé kang dadi njangkung marang kita. Akéh wong-wong suci, kang bener-bener ngrasakaké prasetya iki. Ora ana siji rambut saka sirah kita kang tiba tanpa dipirsani Panjenengané. Nalia wong-wongkristen mati, wong-wong kristen mau tetep urip. Ayang-ayange pati wis dikalahaké déning wungune Sang Kristus. Agama kita iku agama urip. Sinadyana peluru lan bom dadi jalaran patimu, kowe tetep bakal aman,awit kowe dijaga lan dijangkung nganti salawasé.”

Nanging, pancen panandhang lan kanisthan tambah dina tambah gedhé. Sang Roh duraka wis nguwasani manungsa. Kisruhe kasukman, anggoné ora mbangun turut, pambaléla, ora marem atiné, rasa sengit, pepinginan kanggo nekakaké bilahi pepadhané, pepinginan nguwasani, lan kanisthan marang kabéh uwong dudu mung nguwasani pribadi-pribadi, nanging kang ngrasuki bangsa-bangsa, lan uga ing antarané wong-wong kang duwé panguwasa, kanthi mangkono wong-wong mau duwé pepinginan ngrusak donya lan ora malah mbididaya undhak-undhakan kabecikan lan peradapan. Landesan bumi gonjang-ganjing awit ora bisa maneh manggul manungsa. Lemah ora maneh ngasilaké woh kang nyukupi kabutuhan manungsa. Kaliren ora tau ilang saka bumi iki. Sawisé krisis lenga, manungsa bakal nglakoni krisis panganan pokok, lan sebanjure krisis banyu, kang pungkasané pancen bakal kelakon.

Kang duwé panguwasa jagat iki mimpin para balané supaya ngrusak kaendahan kang diyasa Gusti Allah. Panjenengané ngojok-ojoki wong-wong supaya lumawan Kang Nitahaké kang Mahamurah iku.

Nanging, Sang Kristus ngandika: Aja gumun. Piala, pepérangan lan pambaléla iku prekara kanglumrah. Kabéh iku dadi tanda yén pungkasané jaman tambah cedhak. Uga, kabéh iku dadi tanda-tanda tekané dina pengadhilan gedhé. Rawuhe Sang Kristus kang kaping pindho bakal dadi pungkasané lan dadi wiwitan donya kang anyar.

PANDONGA: Dhuh Gusti Kang Mahakuwasa, ati kawula ndredheg ing wekdal mireng babagan pepérangan, panandhang, kirang pangan, lan pati ing sakiwa tengen kawula. Paduka apunten kawula gegayutan raos ajrih kawula, lan Paduka kiyataken keyakinan kawula dhumateng Paduka kanthi makaten kawula saged gadhah pengajeng-ajeng dhumateng tentrem rahayu saking Paduka. Paduka kagungan karsa supados nggugah kawula kanthi makaten kawula emut lan waspada nampik wucalan-wucalan kang nyasaraké kanthi makaten bebendu Paduka mboten nguntal kawula. Paduka paringi kawula roh ingkang saged mbedakaké, lan roh ingkang kebak pambangun turut kanthi makaten kawula saged mangertos karsa Paduka lan nindakaké kanthi kebak kabingahan sesarengan kaliyan sesami tiyang pitados ing saindhenging jagat. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa sebabe Gusti Yésus ngandika: “Pepérangan mesti bakal kelakon”?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2025, at 05:21 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)