Previous Lesson -- Next Lesson
4. Tandha-tandha Pungkasané Jaman (Markus 13:14-18)
MARKUS 13:14-18
14 “Manawa kowe padha weruh pangrusak kang ambeg siya ngadeg ana ing papan kang dudu samesthine – sing padha maca padha migatekna – wong-wong kang ana ing tanah Yudea padha ngungsia menyang ing pagunungan. 15 Kang pinuju ana ing payon, aja mudhun njupuk barang saka ing omahe 16 lan wong kang lagi ana ing pategalan iya aja mulih njupuk sandhangane. 17 Nanging sangsara banget para ibu kang lagi ngandheg utawa kang nusoni ing mangsa iku. 18 padha ndedongaa, supaya kalaone iku kabéh aja mbeneri mangsa padhidhing”
Sawisé Gusti Yésus maringi pepéling marang para muridé Panjenengané gegayutan pancoban saka juru penyasaran, lan dhwuh marang para mruid supaya terus martakaké pangandikan sinadyana ana panganiaya, Panjenengané sebanjur maringi bukti kang cetha: Panjenengané mratélakaké marang para mrud gegayutan ambruke Yérusalém ing tahun 70 M.
Sang Pangrusak kang nistha iku dadi tanda kang diparingaké déning Gusti Yésus marang geréjané Panjenengané, kang uga disebutaké kaping telu ing sajroné pameca Daniel, lan kang ngandhut sawetara makna:
Ing tahun 168 SM, Raja Syria Antiochus Epiphanes ngedegaké papan kanggo pisusung korban kaunjukaké marang dewa Rum kang jenenge Zeus ing tengah-tengah Pedaleman Suci ing Yérusalém, lan Raja mau njawehi wong Yahudi ngaturaké korban lan pisusung pedinan marang Yahweh, awit Raja Antiochus Epiphanes kepengin nyenengaké panguwsa Rum. Nalika iku, Sang Pangrusak kang nistha iku timbul kang kawitan pisan, lan sebanjure diiloni karo karusakan (Daniel 9:27; 11:31; 12:11).
Ing tahun 40 M, Nata agung Caligula menehi dhawuh supaya ngedegaké reja awaké ing Pedaleman Suci Yérusalém, supaya dhéwéké uga disembah minangka dewa ing papan suci. Geréja kang wis ana nalika iku sing mesth gumun banget ndeleng kahanan kang kelakon mangkono iku.
Ing tahun 70 M, nalika prajurit Rum wiwit ngepung tembok Yérusalém, golongn zelot kang ana ing kutha iku lan ing Pedaleman suci mbudidaya bareng-bareng nanggulangi bebaya prajurit rum mau. Lan kasunyatané akéh para imam lan wong-wong kang ana pedaleman suci padha mutahke getih. Getihe kacampur karo getih korban ing latar Pedaleman Suci.
Sebanjure wong-wong kristen kang asal usule wong Yahudi bisa ngreti apa tegese pangandikané Gusti Yésus iki, “wong-wong kang ana Yehuda kudu mlayu menyang pegunungan”, lan anggoné mlayu nyabrang kali Yorcan ana kono nemokaké papan pangungsen. Gusti ora ngersakaké nglebokaké geréjané Panjenengané ing sajroné pengadilan kang ditibakaké marang bangsa Israel. Awit saka iku, Panjenegna nylametaké pasamuwan Panjenengané saka anggoné dikepung nganti ngrasaké rupek.
Anggoné ngepung bangsa Rum iku pancen nggegirisi, awit nalika iku ana atusan ewon wong kang lagi ziarah, ngendhangi tanah suci ing mangsa paskah, lan pangan ora nyukupi kanggo wong-wong kang ana ing kutha iku, awit anggoné ngepung iku sauntara suwe. Akibate wong-wong kang ana njero kutha padha kaliren, ana sing nganti edan, lan ngolah anaké dhéwé kanggo mangan. Akéh ing antarena kang pasrah marang bangsa Rum, nanging wong kang masrahaké awaké marang bangsa Rum, nanging sing masrahaké awaké mau padha disalib. Atusan Salib digawé ing sakiwa tengene tembok Yérusalém, kang tau kanggo nyedani Putra Allah kang suci 40 tahun sadurunge kelakone kutha Yérusalém dikepung.
Golongan Zelot ing kutha iku tetep menehi semangat lan nguwataké wong-wong kang kaliren lan kelangan pengarep-arep iku kanthi kandha: “Aja wedi, Gusti Allah bakal nylametaké kita. Kita mesti menang, sinadyana kudu lumantar kaélokan”. Golongan Zelo iku mbereg wong-wong kang ringkih iku supaya duwé semangat anyar tetap nguwasani kutha Yérusalém.
Nalika Titus, panglima prajurit Rum nelukaké kota kang dikepung iku, dhéwéké ngedol kabéh wong kang isih urip, iya sing lanang, sing wadon lan bocah-bocah lanang lan wadon, dadi batur tukon ing saindhenging donya, lan Pedaleman Allah diobong entek minangka wujud bebendune Allah marang kutha kang wis mati lan dadi jejugrugan iku.
Sang Pangarusak kang nistha iku uga nuduhaké tandha marang mangsa pungkasan jaman. Ora ana kang bisa menehi katarangan kang gumathok gegayutan maknané ayat iki, nanging Injil menehi sawetara tuntunan marang kita. Wong kang Duraka nuduhaké saben pambudidaya déning wong-wong kang ngaku duwé agama kanggo ngrubah tulisan asline saka Pangandikan kang diwahyokaké, utawa kanggo nafsiraké supaya cocok karo pambudidaya manunggalaké utawa ndadekaké siji maneka werna agama kang beda-beda ing donya iki.
Kang dadi Pangrusak kang nistha uga nuduhaké tandha babagan pembangunan Pedaleman kang anyar kanggo kabéh manungsa ing papan kang manggoné akan latar Pedaleman suci kang lawas ing Yérusalém, awit geréja Kristus waé Pedaleman Allah secara kasukman ing jaman iki.
Prekara iku uga nandhakaké marang pangorbanan kewan ing Yérusalém karo donga pamratobat lan nyanyian pujian, awit sejatine Gusti Yésus iku korban kang sempurna lan pungkasan marang Gusti Allah.
Prekara iku uga dadi tanda marang tekané Sang Mesih palsu, kang lungguh ing Pedaleman Suci kang anyar, kang njaluk disembah dadi gusti Allah awit dhéwéké bisa gawé karukunan kanggo jagat kang lagi nandhang sangsara lan rusak. Sebanjure para pemimpin geréja lan kabéh bangsa manembah dhéwéké awit Mesih palsu iku bakal mratélakaken awaké dadi siji-sijine kang nylametaké, lan siji-sijine manungsa kang bisa diendel (2 Tesalonika 2:3-12; Wahyu 13:1-9).
Ing mangsa iku kudu prayitna, mbudidaya mbedakaké roh, nyuwun pitulungan saka pangandikané Gusti Allah kang cetha, lan mbangun turut marang pangandikan Panjenengané kanthi manut menyang ngendi Panjenengané ngersakaké, malah upamané iku kudu ninggalaké akéh prekara, ninggalaké bandha donya, organisasi lan masyarakate. Aja lali, Sang Pangrusak iku bakal teka luwih dhisik, lan sawisé iku karusakan.
Gusti Yésus njaluk wong-wong kristen kang asal usule wong Yahudi supaya ndedonga supaya anggoné ngungsi ora kelakon ing mangsa mbediding kang hawané adhem. Mangsa mbediding iku bakal ngangélaké wong tuwa, bocah-bocah, wong wadon kang lagi ngandheg, lan wong wadon kang lagi nyusoné, lan supaya prekara iku ora nekakaké pati kanggo wong-wong mau. Panjenengan gateke ing kene sih rahmat Gusti Yésus kang ora winates marang wong-wong kang ringkih lan bocah-bocah, malah ing wektu iku lagi nibakaké bebendu. Panjenengané iku kang njangkung kang setya kanggo para pandhérék Panjenengané. Panjenengané njangkung geréja kaya soca Panjenengané, ngrancang bot repote geréja adoh sadurunge prekara iku bener-bener kelakon, lan ngrangkul geréja nalika panandhang nempuh.
PANDONGA: Dhuh Gusti Allah kang suci, pengadilan Paduka adil, lan kawula sadaya pantes nglampahi paukuman lan pejah. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka awit sampun ngutus kanggo kawula sang Juru selamet satunggal-satunggalipun inggih menika Gusti Yésus saking Nazaret, awit rah Panjenenganipun sampun nyucekaké kawula saking sadaya dosa kawula. Paduka paring nugraha waspada dhumateng kawula kanthi makaten kawula mboten ajrih awit lelampahan-lelampahan ing pungkasané jaman, kanthi makaten kawula saged mangertos tandha-tandha lan bukti kang diparingaké dhumateng kawula. Tulung kawula supados saged mirengaken suwanten Paduka, lan paringana dhumateng kawula panguwasa kanggo nindakaké karsa Paduka kanthi pembangun ingkang tansah katingal nyata. Amin.
PITAKONAN:
- Apa makna saka tembung “Juru pangrusak kang nistha”?