Previous Lesson -- Next Lesson
10. Apa Gusti Allah iku ana Loro? (Markus 12:35-37)
MARKUS 12:35-37
35 Ing sawijining dina, nalika pinuju paring piwulang ana ing Padaleman Suci, Gusti Yésus ngandika: “Kapriye dene para ahli torét bisa ngarani, yén Sang Kristus iku tedhaké Sang Nata Dawud? 36 Mangka Sang Prabu Dawud piyambak marga saka katuntun déning Roh Suci ngandika mangkéné: Dhawuhe Pangeran marang Gustiku: Sira lenggaha ing tengeningSun, nganti kabéh mungsuhira wus padha Sunselehaké ing sangisoring tlapakanira. 37 Sang Prabu Dawud piyambak nyebat Gusti, nanging kapriye dene dadi tedhake?” Anadene akéh banget wong kang padha dhemen ngrungokaké pangandikane.
Gusti Yésus minangka jejeré manungsa, tedhak turune Sang Prabu Dawud. Wong-wong kang pracaya marang Prejanjian lawas ngreti yén Sang Mesih bakal rawuh saka tedhak turune Sang Prabu Dawud iku. Sang Prabu Dawud dudu manungsa kang sempurna. Sang Prabu Dawud nindakaké kaluputan akéh kang ala banget, nanging Sang Prabu Dawud mretobat kanthi tulus temenan, lan uripe dadi patuladhan kang endah kanggo wong-wong kang mratobat, kang rumangsa ajur atine ana ngarsané Gusti Allah, lan kang pracaya marang pangapuraning Panjenengané kang sempurna. Gusti maringaké marang Sang Prabu Dawud roh pujian, lan Sang Prabu Dawud memuji Gusti Allah luwih saka kang ditindakaké déning kabéh nabi liya saka jaman Prejanjian Lawas. Malah nganti saiki, kita isih bisa ndeleng Jabur lan nyanyian pujiané kang nampa ilham saka panguwasané Sang Roh Suci. Kita nyebut krana tembung-tembunge, lan ngunjukané tembung-tembung mau ing donga kabungahan.
Gusti Allah uga maringaké marang Dawud roh pameca, awit dhéwéké tinarbuka marang patrela ilahi. Gusti mratélakaké marang dhéwéké yén salah siji “tedhak turune” kang asale saka wijine dudu mung manungsa lumrah, nanging Gusti piyambak. Pameca kuno iki ngluwihi kabéh nalar lan budi. Dadi, mung wong kang manunggal ing sajroné Sang Roh suci Gusti Allah kang bakal nampa pepadhang, lan nampani pangerten kanggo wadi kang gedhé banget iki.
Dina iki, kita ngreti yén Sang Kristus lair saka gusti Allah sedurunge ana jaman ngajaman. Panjenengané dadi manungsa lumantar perawan Maryam, yaiku lumantar tedhak turune Sang Prabu. Sipat Ilahi Panjenengané dadi landhesan lan pondasi saka anggoné séda kanggo tetebusan, niat kang mbereg kang utama dhéwé saka patangen Panjenenengané, lan panguwasa saka anggoné mikrat menyang suwarga.
Gegayutan karo anggoné mikrad menyang Sang Rama, Panjenengaene anggenapi prasetya Allah ing sajroné pameca nabi dawud kang mratélakake: “Pangandikanipun Pangeran Yehuwah dhateng Gusti kawula makaten: “Sira lenggaha ana ing tengeningSun, nganti tumeka mungsuhira wus padha Sundadekaké ancik-anciking tlapakanira” (Jabur 110:1)
Kekristenan paham yén Gusti Yésus Kristus urip lan lenggah ing tengening Allah. Sadurunge séda, Gusti Yésus ngandika cetha banget, “wiwit saiki kowe bakal ndeleng Putraning Manungsa lenggah ing satengene Kang Maha Kuwasa”.
Bisa uga panjenengan ana pitakonan: manawa mangkoni ing suwarga ana Gusti loro!
Jawabané yaiku ora mangkono, awit sing jenenge Gusti Allah iku mung siji. Nanging Panjenengané mratélakaké sarirané ing sajroné 2 Pribadi. Sing sapa kang kandha yén mung ana siji pribadi Gusti kang ora ana bandingané, utawa kang kandha manawa ana loro Gusti utawa telu Gusti, ngapusi awaké dhéwé, awit Gusti Allah iku siji ing sajroné telu pribadi, ing sajroné kamanunggalan kang sempurna. Gusti Yésus ngakoni kayektén iki, lan kabéh wong kang asale saka kayektén bakal ngrungokaké apa kang dadi pangandikan Panjenengané.
Dina iki, kita nemokaké ana 2 golongan ing donya iki: kang kawitan yaiku wong-wong kang nyebut Gusti Yésus minangka Putra Allah, Sang Juru selamet, Sang Penebus saka Gusti, awit ya Panjenengané iku pondasi imané lan tujuwan saka pengarep-arepe. Golongan kang kaping pindho wong kang bener-bener nampik Gusti Yésus. Wong-wong iki nganggep Gusti Yésus iku manungsa lumrah lan nabi kang nuduhaké tanda – tanda kaélokan lan mukjizat kang gedhé. Wong-wong saka golongan kaping pindho iki ora wanuh lan ora ngrasakaké rukun karo gusti Allah, awit ora nampa anggoné Gusti Allah ngutus Putra Panjenengané kang minangka kasunyatan sejarah.
Apa panjenengan mitra Sang Kristus, dadi sedulur Panjenengané lumantar anggoné ngangkat dadi putra Allah? Utawa panjenengan dadi satru marang sipat ilahi Panjenengané? Sang Roh suci mbedakaké rong golongan iku, lan para malaikat Allah bakal andadekaké wong-wong kang ora gelem pracaya iku dadi pancadan sikil Putra Mendané Allah kang alusing bebuden iku. Banjur, kepiyé karo mangsa tembe panjenengan dhéwé? Apa panjenengan bakal nyekel pemerintahan karo Panjenengaen nganti salawasé? Apa panjenengan gelem nampa kayektén iki? Sang Kristus lenggah ing sisih tengen Sang Rama, lan nyepeng pemerintahan karo Panjenengané ing sajroné kamanunggalan kang sempurna karo Sang Roh Suci nganti salawasé. Ora penting apa kang dadi kandhané manungsa, apa kang diwulangaké golongan-golongan utawa utawa doktrin-doktrin donya, awit gusti kita kang gesang, lan rawuhe kang kaping pindho ing sajroné kamulyan bakal dadi pungkasan saka sejarah donya. Apa panjenengaen nyawisaké awak panjenengan kanggo nampani Panjenengané?
PANDONGA: Dhuh Gusti Yésus Kristus, kawula nguwuh dhumateng Paduka awit Paduka kemawon Gusti lan Allah kawula. Kawula pitados bilih Paduka gesang lan nyepeng pemerintahan sesarengan kaliyan sang Rama ngantos salami-laminipun, bilih Paduka nebus kawula sesarengan kaliyan sadaya tiyang ingkang pitados dhumateng asama Paduka, lan bilih Paduka ngwungokaké kawula saking pati, lan paring kamardikan kawula saking panguwaos si pangawak dursila, mboten ngangge emas lan slaka, nanging ngangge rah Paduka, ingkang aji, lan panandhang Paduka nggentosi kawula kanthi makaten kula saged gesang ngantos salami-laminipun ing salebetipun kraton langgeng Paduka minangka kagungan Paduka, mituhu dhumateng katresnan Paduka, lan leladi Paduka ing salebetipun kayektén, kasucén lan kabingahan. Kawula uga pitados bilih Paduka wungu saking séda, lan bilih Paduka gesang ugi nyepeng pemerintahan salami-laminipun. Amin.
PITAKONAN:
- Apa Gusti Allah iku Ana Loro?
Ayat kanggo diapalaké:
“Pangandikanipun Pangeran Yehuwah dhateng Gusti kawula makaten:
“Sira lenggaha ana ingtengningSun,
nganti tumeka mungsuhira wus padha Sundadekaké ancik-anciking tlapakanira.””
(Mazmur 110:1)