Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Mark - 071 (The Great Commandment)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 6 - Gusti Yésus Mlebu Yérusalém Lan Pakaryané Kang Pungkasan (Markus 10:46 - 12:44)

9. Pepakon Kang Paling Gedhé Dhéwé (Markus 12:28-34)


MARKUS 12:28-34
28 Banjur ana sawijining ahli Torét, kang krungu anggone padha bebantahan lan ngreti, manawa paring wangsulané Gusti Yésus marang wong-wong mau wis prayoga, iku nuli sowan ing ngarsané lan matur pitakon: “Pepaken ingkang ageng piyambak punika ingkang pundi?” 29 Paring wangsulané Gusti Yésus: “Pepakon kang gedhé dhéwé iku mangkene: Rungokna, he, wong Israel, Pangeran Allah kita iku siji. 30 Sira tresnaa marang Allahira kalawan gumononging atinira, lan kalawan gumolonging nyawanira, sarta kalawan gumolonging budinira apadene kalawan sakabéhing kakuwatanira. 31 Dene pepakon kang kapindho yaiku: Sira tresnaa marang ing sapepadhanira kaya marang awakira dhéwé. Ora ana pepakon liyané kang ngungkuli pepakon loro iku.” 32 Ahli Torét mau matur marang Gusti Yésus: “Kasinggihan, Guru, pangandika Panjenengaen punika leres, bilih Gusti Allah punika namung satunggal, boten wonten sanesipun kajawi punika. 33 Pancen, tresna dhateng Gusti Allah kalayan gumolonging manah, kalayan gumolonging budi, saha kalayan sadaya kakiyatan, punapa dene tresna dhateng sasami-sami kadosdene punika dhateng badanipun piyambak, punika langkung utami yén katimbang kaliyan sadaya kurban obaran tuwin kurban sembelehan.” 34 Gusti Yésus mirsa, yén wangsulané wong mau kanthi pambudi, mulané banjur ngandika: “Kowe iku ora adoh karo Kratoning Allah!” Sebanjre ora ana wong kang wani matur apa-apa maneh marang Gusti Yésus.

Apa panjenengan pracaya yén Gusti Allah iku ana? Manawa panjenengan pracaya, mangga ngasihi Panjenengané, awit Panjenengané kang nitahaké panjenengan, ngesokaké samubarang kabecikan kanggo Panjenengané, lan amberkahi panjenengan saben dina. Panjenengané nylametaké panjenengan, maringi panguripan marang Panjenengané, nguwataké panjenengan, lan nuntun Panjenengané ing sajroné kamulyan Panjenengané piyambak. Sing sapa ora ngasihi Allah mula wong iku lagi lumawan Gusti Allah.

Apa panjenengan pirsa yén Gusti Allah manunggal ing sajroné panguripan Panjenengané, lan Panjenengané iku Kang Mahakuwasa? Manawa ya, panjenengan ajeni anggone manunggal ing sajroné panguripan Panjenengané, lan mangga sembah Panjenengané, awit Panjenengané kang nitahaké jagat raya saka owang awung utawa durung ana kajudané, lan Panénengané pirsa kabéh manungsa, kang becik utawa kang ala, pirsa kabéh jenenge, kalebu panjenengan.

Gusti Allah kang agung lan suci iki nresnani panjenengan, manungsa kang cemer, awit Panjenengané nresnani manungsa kang ala pisan. Panjenengané ora ngersakaké nekakaké bilahi siji waé uwong awit dosa-dosané, nanging Panjenengané maringi Putra Panjengané kang dijebati supaya nyucekaké manungsa kanthi mangkono sing sapa kang pracaya ora bakal nampa bilahi nanging duwé panguwasa panguripan langgeng ing sajroné Panjenengané.

Apa panjenengan ngrasakaké agunge katresnané Allah? Rama kang suci masrahaké Putra ontang – antine iku marang kita wong-wong kang dosa kang wangkot atiné, kanthi mangkono kita bisa mratobat marang Panjenengané, mengakaké ati kita marang katresnan Panjenengané, dirubah kanthi mangkono kita ora maneh sengit wong-wong liya, nanging nresnani kabéh uwong iku kanthi golong gilik kita.

Bisa uga panjenengan duwé panemu yén gusti Allah iku siji, banjur kepiya kita kandha yén Sang Kristus iku Putra Allah? Kita menehi jawaban cetha yén katresnan ateges Allah kang asipat tunggal iku uga ateges anané luwih saka siji. Gusti Allah iku tunggal minangka jejeré Sang Rama, Sang Putra, lan Sang Roh suci, dikaya kang dingandikaaké Gusti Yésus: “Sing sapa wus ndeleng Aku, iku wus ndeleng Sang Rama.” (Yokanan 14:9;10:30)

Semono uga Sang Kristus maringi paseksén ing ngarsané para wakile para ahli Torét, lan kandha, “Gusti Allah kita, Gusti iku siji”. Nanging ahli torét iku ora lega gegayutan karo keterangan Panjenengané, lan kandha, “Ora ana siji waé kang liya kajaba Panjenengané,” awit wong iku durung wanuh Gusti Allah ing sajroné kayektén Panjenengané, lan ndeleng Panjenengané mung dadi brahala waé. Pangerten wong iku kang winates ora bisa ngreti kasunyatan yén Gusti Allah duwé sang Putra, yaiku kang bebarengan kanthi Panjenengané saka kelanggengan nganti kelanggengan.

Nanging, sindayana cara mikire cethek, wong iku bisa ngrasakaké kawicaksanan lan kabecikané Sang Kristus, lan mengakaké atine marang Gusti Yésus, lan Gusti Yésus nyethakaké marang wong iku yén wong iku ora adoh saka kratone Allah.

Apa panjenengan bener-bener nresnani Gusti Allah? Manawa iya, mituhua pepakon-pepakon Panjenengané, lan pasrahna ati, pikiran lan kekuwatan panjenengan marang Gusti. Panjenengan kudu ndisiplin badan panjenengaen piyambak. Aja teluk marang majune teknolgi moderend. Aja maca buku-buku kang nyasaraké, utawa kemajon semangat ndeleng film-film ing TV. Mung gusti Allah waé kang pantes nampa kasetyan panjenengan. Awit iku ladeni Panjenengané kanthi ati kang golong gilik, aturaké wektu lan bandha panjenengan kanggo leladi Panjenengané.

Apa panjenengan ngrasakaké karingkihan panjenengan ing sajroné ngetrapaké katresnané Allah? Kawula uga ringkih. Nanging kawula nyuplik pratéla saka Rasul Paulus: “Dene pengarep-arep iku mesthi ora bakal ngapirani, awit sihe Gusti Allah wus kaesokaké ing ati kita déning Sang Roh Suci, kang wus pinaringaké marang kita” (Roma 5:5). Panguwasa kasuwargan iki mitulungi kita supaya nresnani Allah lan manungsa. Dudu kita kang nresnani, nanging Gusti Allah kang manunggal ing sajroné kita. Sang Roh Suci ora bakal maringaké sakabéhe marang panjenengan manawa panjenengan durung ngapura para satru panjenengan atas kaluputané marang Panjenengané, lan ngremehaké badan panjenengan supaya rukun karo wong-wong iku. Panjenengan sampun ndeleng katresnan Allah, kang ngapura dosa-dosa panjenengan ing kayu salib, lan prekawis iku agawé panjenengan siap ngakoni marang sapa waé yén panjenengan uwis nindakaké kaluputan, lan nyuwun pangapura.

Apa panjenengan mirsani, ing sajroné pirembugan antarané Sang Kristus karo para ahli torét iku, Sang ahli torét ngunderaké marang Allah kang asipat tunggal. Kamangka Gusti Yésus ngandika gegayutan katresnan Allah? Gusti Yésus ora nampik Allah kang asipat tunggal babar pisan, nanging Panjenengané negasaké babagan katresnan saka Panjenengané kang Mahasuci, kang iku wadi saka Allah kang asipat tunggal ing sajroné tritunggal, awit Gusti Allah iku katresnan, lan sing sapa ana ing sajroné katresnan, ana ing sajroné ing sajroné Allah, lan Gusti Allah ing sajroné wong iku.

PANDONGA: Dhuh Rama kang Suci, Paduka inggih menika katresnan. Paduka gesangaken latu katresnan Paduka ing salebetipun ati kawula kanthi makaten atur panuwun kawula babagan kasetyan Paduka saged dados tambah tuwuh ageng. Kawula manembah Paduka awit Paduka sampun mratélakaké sarira Paduka ing salebetipun Putra Paduka lan neguhaké Roh Paduka ing salebetipun kawula kanthi makaten kawula saged nresnani Paduka lan nresnani wong-wong sanes, milujengaken sadhérék-sadhérék kanthi kawicaksanan, lan nyeksekaké ing ngajengipun tiyang-tiyang babagan wadi ageng menawi Paduka menika Gusti Allah ingkang asipat tunggal ing salebetipun Tritunggal ingkang suci kanthi makaten katresnan Paduka uga saged manunggal ing salebetipun gesangipun, lan sadhéréksadhérék saged wanuh Paduka ing salebetipun kasucén katresnan Paduka. Amin.

PITAKONAN:

  1. Kepiyé kapercayan babagan Gusti Allah kang asipat tunggal kang ana sambung rapete katresnan kita marang Panjenengané lan katresnan kita marang pepadhané manungsa?

KUIS 3

Pamaos kang kinasih,
Menawa panjenengan nyinaoni buklét kaping telu saka Injil Kristus miturut Penginjil Markus iki, panjenengan bakal nampa bandha kaswargan kang langgeng. Aku sakkanca ngajak panjenengan menggalihaké makna Injil iki, lan nulisaké pamikiran panjenengan kanthi mangsuli pitakonan-pitakonan iki:

  1. Apa ta maknané kang penting dhéwé saka anggone ngakoni yén Gusti Yésus iku Sang Mesih saka Petrus iki?
  2. Apa kang dadi syarat kang kudu ana, supaya bisa ndhérék Gusti Yésus?
  3. Apa pentinge Gusti Yésus diluhuraké dikaya kang dideleng para murid?
  4. Apa sebabe para murid ora paham pentinge Sang Kristus munggah ing kayu salib?
  5. Apa pepalang kanggo kewarasan bocah kang lara iku?
  6. Kepiyé Gusti Yésus nuntun para muridé Panjenengané supaya para murid bisa andhap asor?
  7. Kepiyé Gusti Yésus nuntun kita nyambut gawé bareng karo wong-wong kang asale saka wong njaban kita?
  8. Apa prekara-prekara kang bisa dadi watu sandhungan kanggo wong kang lagi pracaya?
  9. Apa waé watonan-watonan ing sajroné bebrayan Kristen?
  10. Apa panemuné Gusti Yésus gegayutan karo bocah cilik?
  11. Apa sebabé kita bisa ndeleng ing sajroné mammon lan kasugihan, loro pancoban kang gedhé dhéwé ing jaman iki kang memper karo manembah brahala?
  12. Apa kayekténe bab kauntungan kanggo wong-wong pracaya?
  13. Apa sebabé Gusti Yésus tumuju menyang Yérusalém beberangan karo para muridé Panjenengané?
  14. Kepiyé panyuwune anak-anaké Zébédéus lan jawaban Gusti Yésus kang mratélakaké kahanan kasukmané anak-anaké Zébédéus mau?
  15. Apa maknané patuladan gusti Yésus kang leladi wong-wong dosa kanggo kita?
  16. Apa kang kita sinau saka warase Bartimeus, wong wuta saka Yerikho iki?
  17. Apa sebabé para prajurit Rum ora malangi Gusti Yésus mlebu ing kutha Yérusalém?
  18. Apa sebabé Gusti Yésus nyucekaké Pedalemen Suci?
  19. Kepiyé ta iman kang bener iku dipratélakake?
  20. Apa sebabé Gusti Yésus ora mratélakaké sumber panguwasa Panjenengané marang para utusan saka Makamah kang kalungguhané dhuwur dhéwé tumrap bangsa Yahudi?
  21. Kepiyé anggone Gusti Yésus maringi katarangan katresnané Gusti Allah lumantar pasemon babagan wong kang nyambut gawé ing kebon anggugr kang ala?
  22. Apa kawicaksanan ing sajroné jawaban Sang Kristus marang wong-wong kang arep nyengkolong Panjenengané?
  23. Kepiyé kahanané wong-wong pracaya sawise mati?
  24. Kepiyé kapercayan babagan Gusti Allah kang asipat tunggal kang ana sambung rapete katresnan kita marang Panjenengané lan katresnan kita marang pepadhané manungsa?

Menawa panjenenangan nulisaké 20 jawaban sing bener saka 24 pitakonan iku, aku sakkanca bakal ngirimaké buklet selanjuté saka séri iki. Tulisaken asma panjenengan lan alamat jangkep ana ing kertas jawaban panjenengan, banjur kirimaken menyang alamat iki:

Waters of Life
P.O.Box 600 513
70305 Stuttgart
Germany

Internet: www.waters-of-life.net
Internet: www.waters-of-life.org
e-mail: info@waters-of-life.net

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 26, 2025, at 06:49 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)