Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Mark - 073 (Jesus Warns Against the Scribes)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 6 - Gusti Yésus Mlebu Yérusalém Lan Pakaryané Kang Pungkasan (Markus 10:46 - 12:44)

11. Gusti Maringi Pemut Gegayutan Para Ahli Torét, lan Ngalembana Randha Mlarat (Markus 12:38-44)


MARKUS 12:38-44
38 Ing sajroning piwulange iku Gusti Yésus ngandika: “Sing padha ngati-ati marang para ahli torét, kang padha dhemen mlaku-mlaku nganggo jubah dawa lan seneng diurmati ana ing pasar-pasar, 39 kang padha dhemen linggih ing ngarep dhéwé ana ing papan pangibadah lan ana ing pambujanan, 40 kang padha nguntal omahe para randha, lan kakedhok donga kang dawa. Wong-wong iku mesthi bakal luwih abot paukumane.” 41 Nalika gusti Yésus lenggah ing ngarep pethi pisusung, mirsani wong akéh anggoné padha nglebokaké dhuwit ing pethi mau. Wong kang sugih-sugih akéh kang padha nyemplungaké pisusung akéh. 42 banjur ana sawijining randha miskin kang iya nglebokaké pisusung, kehe rong igar, yaiku sadhuwit. Para sakabat banjur padha ditimbali lan dipangandikani: “Aku pitutur marang kowe: Sanyatané pisusunge randha miskin iku luwih akéh katimbang sakabéhing wong kang padha nyemplungaké dhuwit ing pethi pisungsung, 44 amarga kabéh padha misusung saka ing kaluwihané, dene randha iki nyaosaké saka ing kakurangané, malah kabéh kang dadi duwéké yaiku kabéh kang minangka panguripane.”

Akéh wong kang duwé kawruh lan wong kang gawéané nulis padha gumunggung atas awaké dhéwé. Wong-wong iku padha gumunggung karo entha-entha andhap asor, lan seneng banget yén diulemi menyang patemon-patemon, lan teka nganggo sandhangan kang endah-endah uga mas-masan kang larang-larang, duwé pengarep-arep wong akéh bakal nampani kanthi kajen keringan, banjur mapanaké wong-wong mau lungguh ing papan kang kinurmatan lan kepenak ing pista-pista bujana. Nalika wong-wong mau ngetokaké tembung, anggoné ngetokaké tembung alon-alon kanthi esem, lan wong-wong mau manthuk-manthuk awit nampa pangalembana palsu kang ditindakaké déning wong-wong kang lungguh ing sakiwa tengene. Kanthi sesideman wong-wong iku mbudidaya nampani rega anggoné kajuwarakaké kanthi alandhesan jarene kanggo wong-wong kang ringkih, bocah lola lan randha-randa. Gusti Yésus paring pepéling marang wong kang duwé patrap lelamisan iki: yaiku anggoné gumendhe, tembunge kang apus-apus, lan katon kalem kang lelamisan. Rasul Paulus mulangaké marang kita supaya nyambut gawé kang tumemen nganggo tangan kita dhéwé lan ora gumantung marang pawewehe wong liya. Muga-muga panjenengan wis nyawisaké awak panjenengan kanggo urip dadi jejeré wong kang lumrah, kang mretobat marang Gusti Allah, lan tansah ngaturaké panuwun atas sih rahmat Panjenenge, awit kanthi mangkono panjenengan bakal bisa tetep cedhak atine lan jiwa panjenengan marang wong liya.

Gusti Yésus nggatekaké wong akéh nalika tangané wong-wong mau ngaturaké pisusung kanggo gedhong rajabrana Pedaleman Suci. Panjenengané nyaruwe wong-wong sugih kang katone ngaturaké dhuwit akéh, wong-wong sugih mau sejatine mung menehi sapérangan cilik saka kasugihané, katone wong-wong mau nuku katresnané Allah kanthi nggunakaké dhuwite.

Sebanjure ana randha kang mlarat, kang bisa uga anggoné nyambut gawé iku nggolékaké kabutuhan anaké, teka ana pedaleman suci lan ngaturaké pisusung sadhuwit, iku dhuwit logam cilik. Anggoné randa mau ngaturaken pisusung, sejatine pisusung mau kabéh kang dadi darbeke ing dina iku. Bisa uga kang dipisungaké randha mau pérangan gedhé saka hasil kabéh usahané, bisa uga hasil saka anggoné resik-resik omah tanggané dina sadurunge. Nanging, ing sajroné atine randha mau duwé niat kanggo ngluhuraké Gusti Allah, lan randha mau masrahaké awaké sawutuhé marang Gusti Allah uga uripe sawutuhé. Gusti Yésus mestani pisusung iku minangka pisusung kang gedhé dhéwé. Banjur pitakonané, kepiyé panjenengan, apa panjenengan wis nyawisaké awak panjenengan korban kunjuk Gusti Allah? Apa panjenengan nresnani Gusti Allah, iku bisa kadeleng patrap panjenengan ing saben dinané, bisa dideleng nyata? Ing sajroné panjenengan ngaturaké pisusung iku, katon sepira sesambungan panjenengan karo Gusti Allah.

Gusti Yésus ngalembana marang randa mau, sinadyana gunggunge pisusung ora sepiraa, ya awit pisusung mau wis ndudut manahe Gusti Yésus. Gusti Yésus ngajeni banget marang pisusung kang kaaturaké selaras karo pratéla iman ing sajroné wong iku manembah.

Salah siji wadi saka kratone Allah yaiku anané panti asuhan, Rumah Sakit, pelayanan geréja, lan uga misionaris awit disengkuyung déning pisusung kang setya kang diaturaké déning wong-wong pracaya kang sedherhana. Pisusung kang mangkono iku dadi keparenge Gusti Allah, lan ngasilaké woh-woh kang lubér-lubér, awit berkah saka pangorbanan iku luwih penting tinimbang gunggunge pisusung kang kaaturake. Aku kabéh duwé panyuwun supaya panjenengan gelem ngaturaké pisusung kanthi setya, selaras karo kabisan panjenengan, ora mung dadi wujude tuluse panjenengan, nanging uga bukti kasetyan panjenengan, kang ngaturaké pisusung nyata, awit yén mung duwé pikiran babagan pisusung lan kepiyé ngaturaké durung cukup. Nyuwuna supaya Gusti nuduhaké marang panjenengan wong-wong kang mbutuhaké, utawa pelayanan kasukman ing ngendi panjenengan bisa melu cawe-cawe. Ndedongaa gegayutan tujuwan saka pisusung panjenengaen, awit pisusung iku uga pérangan saka anggon panjenengan manembah marang Gusti Allah.

PANDONGA: Dhuh rama kasuwargan, Paduka apunten kawula anggen kawula rakus lan cethil,ugi anggen kawula mboten gadhah kawigatosan babagan prekawis-prekawisipun tiyang sanes. Paduka ribah manah kawula ingkang kados dene sela, lan paruka paringi manah ingkang rila korban kanthi makaten kawula rila ngaturaken pisusung gesang kawula lan arta kawula kunjuk Paduka minangka raos panuwun kawula gegayutan kaliyan kawilujengan ingkang Paduka paringaken. Paduka tedhahaken kawula tiyang-tiyang ingkang panci prelu kawula tulungi kanthi wicaksana. Paduka paringi kawula rencang nyambut damel priyantun ingkang dados missionaris lan ingkang nindakaken bakti sosial, ingkang selaras kaliyan dhatengipun Kraton Paduka. Paduka gumregahaké secara roh supados atur pisusung ing geréja kawula, supados kawula mboten namung purun nampi kemawon, nanging cemawis ngluhuraken asma Paduka. Awit kawula sampun nampi peparing Paduka tanpa mbayar menapa-menapa saking sih palimirma Paduka, lan sampun nampi sih rahmat lan sih rahmat saking Paduka. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa kang dingandikaké Gusti Yésus gegayutan pisusung wong-wong kang ana ing pedaleman suci iku?

Ayat kanggo diapalake:
“Amarga kabéh padha misungsung saka ing kaluwihané,
dene randha iki nyaosaké saka ing kakurangané, malah kabéh kang dadi duwéké,
yaiku kabéh kang minangka panguripane”.

(Markus 12:44)

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 26, 2025, at 03:43 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)