Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Mark - 067 (Jesus’ Authority Questioned)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 6 - Gusti Yésus Mlebu Yérusalém Lan Pakaryané Kang Pungkasan (Markus 10:46 - 12:44)

5. Panguwasané Gusti Yésus Dadi Pitakonan Déning Makamah Agama Yahudi (Markus 11:27-33)


MARKUS 11:27-33
27 Kacarita lakune wis padha tekan ing Yérusalém. Nalika Gusti Yésus lagi lumampah ana ing plataraning Pdaleman Suci, tumuli ana pangareping imam, ahl-ahli Torét lan pinituwa-pinituwa kang padha sowan ing ngarsané 28 lan matur pitakon: “Panjenengaen nindakaké makaten-makaten punika kanthi panguwaos ingkang pundi Tuwin sinten ingkang maringi panguwaos kanggé nindakaken punika sadaya?” 29 Paring wangsulané Gusti Yésus: “Aku Daktakon saprakara dhisik marang kowe kabéh. Iku wangsulana dhisik, mengko Aku iya bakal ngandhakaké marang kowe, Aku nindakaké kabéh-kabéh iku kanthi panguwasa sing endi. 30 Pambaptise Nabi Yokanan iku saka ing swarga apa saka manungsa, mara wangsulana.” 31 Wong-wong mau banjur padha rembugan mangkene: “Upama aku padha kandha: Saka ing swarga mesthi diwangsuli: yén mangkono, yagene kowe padha ora pracaya? 32 nanging masa iya aku bakal padha kandha: Saka manungsa!” Sabab padha wedi marang wong akéh, awit kabéh padha nganggep, yén Nabi Yokanan iku nabi temenan. 33 Banjur padha matur marang Gusti Yésus: “Kula sami boten sumerep.” Pangandikané Gusti Yésus marang wong-wong mau: “Yen mangkono, Aku iya ora kandha marang kowe, Aku nindakaké samubarang kabéh iku kanthi panguwasa sing endi.

Para imam kepala lan ahli Torét, kang dadi pangon-pangon bangsa iku dadi gumun banget lan nepsu awit ana wong ndesa saka Galilea melu-malu ngatur Pedaleman Allah, lan atindak kaya-kaya Panjenengané iku lungguh dadi panguwasa lan duwé kepentingan. Nanging, wong-wong mau ora pracaya yén sumber panguwasa iku saka Gusti Allah piyambak, lan mbudidaya meksa Gusti Yésus supaya mratélakaké sarira Panjenengané ing ngarepe umum, lan supaya nuduhaké Roh Panjenengané kanthi blak-blakan ing ngarepe wong-wong mau, awit wong-wong mau mripate wis katutup rasa sengit, lan ora wanuh Panjenengané kang dilairaké saka Roh Allah, sinadyana Panjenengané ana tengah-tengahe. Wong-wong mau bisa ngrasakaké panguwasa Panjenengané, nanging ora wanuh kayektén kang ana ing Panjenengané.

Dadi aja gumun, sedulur kang kinasih, manawa ana pemimpin fanatik, utawa wong kang ngaku duwé agama, nanging ora wanuh Sang Kristus, awit para pemimpin saka umat prejanjian lawas ora paham sumber saka panguwasané Sang Kristus, awit atine padha wangkot.

Gusti Yésus ora paring wangsulan pitakonané ahli torét lan para imam kepala, nanging malah takon marang wong-wong mau, nganggo kawicaksanan Panjenengané, sawijining pitakonan kang nuwek ati wong-wong mau, lan meksa wong-wong mau atur wangsulan babagan sumber panguwasa wulangan Yokanan Pembaptis, lan makna saka baptisan kang ditindakake. Para pemimpin bangsa Yahudi dhéwé nampik wulangan Yokanan Pembaptis kang tekané saka ara-ara samun iku, awit duwé panemu awaké dhéwé ora mbutuhaken pamratobat lan kelahiran anyar. Wong-wong mau biyén memada sandhangané Yokanan Pembaptis kang sedherhana, lan nggeguyu nalika Yokanan Pembaptis mulang babagan pamratobat, uga ora paham manawa Yokanan Pembaptis siji-sijine kang nyawisaké dalan kanggo Gusti, kanggo rawuhe Sang Raja.

Pamratobat kang tulus bakal dadi keparenge Gusti, lan pamratobat iku dibutuhaké supaya wong kang mratobat iku nampani urip langgeng. Apa panjenengan isih urip dikaya pakulinané manungsa umume lan nindakaké pamratobat secara kadonyan waé, utawa panjenengan wis nampani ati kang anyar lumantar pamratobat, kairingan tetesing eluh marga nggetuni dosa, lan kanthi iman kang bener marang sang Juru selamat kang setya?

Kaluhuran Gusti Yésus Kristus ora bakal katon manawa panjenengan ora nyedhak kayu salib, lan nampa sih rahmat pangapura. Sebanjure panjenengan bakal disucékaké nganggo rah Panjenengané kang aji, lan panjenengan bakal nguwuh: “Maturnuwun, maturnuwun Imam Agung. Paduka kemawon Gusti lan Allah kawula. Paduka sampun ngrukunaken kawula kaliyan Gusti Allah ngangge rah Paduka ingkang aji, lan nebus kula sesarengan kaliyan sadaya tiyang pitados ingkang sanes lan andadosaken kawula dados kagungan Sang Rama kasuwargan. Wekdal punika ugi kula ningali sumber panguwaos Sang Kristus, ingkang namung dipratélakaken dhumateng tiyang-tiyang pitados ingkang setya.

PANDONGA: Matur nuwun Gusti Yésus awit Paduka menika Putra Allah ingkang sampun maringaké dhumateng kawula hak supados dados para putra Paduka, ing wekdal kawula taksih dados tiyang awon lan kawulanipun dosa. Paduka nedahaken rahmat dhumateng kawula, lan Paduka sabar dhumateng kawula. Paduka sucékaké kawula kanthi makaten kawula saged wanuh Paduka langkung lebet malih lan tambah lebet ugi ing salebetipun mangertos katresnan Paduka, ugi kawula saged nyeksekaken babagan Paduka dhumateng sesami. Paduka kemawon Allah sejatos saking Alla sejatos. Pepadhang saking pepadhang, dipun putrakaké sanes dipun titahaken, satunggal hakikat kaliyan Sang Rama. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa sebabé Gusti Yésus ora mratélakaké sumber panguwasa Panjenengané marang para utusan saka Makamah kang kalungguhané dhuwur dhéwé tumrap bangsa Yahudi?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 25, 2025, at 01:30 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)