Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Mark - 066 (Reflections on the Dry Fig Tree)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 6 - Gusti Yésus Mlebu Yérusalém Lan Pakaryané Kang Pungkasan (Markus 10:46 - 12:44)

4. Wulangan saka Wit Anjir kang Dadi Garing (Markus 11:20-26)


MARKUS 11:20-26
20 Esuk uthuk-uthuk, nalika padha liwat ing panggonané wit anjir mau, para sakabat padha weruh, yén wite wis garing dalasan oyod-oyode pisan. 21 Petrus banjur kélingan apa kang wis kelakon, nuli matur marang Gusti Yésus: “Rabbi, cobi kapirsanana, wit anjir ingkang Paduka supaosi punika sampun garing.” 22 Paring wangsulané Gusti Yésus: “Padha kumandela marang Allah! Aku pitutur marang kowe: Satemene sing sapa calathu marang gunung iki: Mumbula lan nyegura ing sagara, uger sajroning batin ora mangu-mangu, nanging pracaya yén apa kang diucapaké iku mesthi kelakon, mesthi iya bakal kalakon. 24 Mulané Aku pitutur marang kowe: Apa bae kang koksuwun lan kokdongakaké, padha ngandela yén kowe wus kaparingan, dadi iku mesthi iya bakal kaparingaké marang kowe. 25 lan yén kowe padha ngadeg ndedonga, mangka ana panggresahmu marang wong ing sajroning atimu, iku apuranen dhisik, supaya Ramamu kang ana ing swarga iya ngapura sakabéhing kaluputanmu. 26 [Balik manawa kowe padha ora ngapura, Ramamu kang ana ing swarga iya bakal ora ngapura ing kaluputanmu.”]

Kang ditindakaké Sang Kristus nyupaosi wis anjir iku dadi pralambang pengadilan kanggo umat saka prejanjian lawas. Wit iku banjur dadi alum. Sang Kristus kersa nylametaké para muridé Panjenengané sinadyana para murid asale saka bangsa kang padha yaiku bangsa kang nampik Panjenengané. Panjenengané dhawuh marang para murid iku supaya pracaya marang Gusti Allah ing tengah-tengah pengadilan kang bakal didhawahaké marang bangsane.

Pracaya ateges sinau katresnan saka Putra Allah lan mrecaya Panjenengané. Donga kang asale saka keyakinan iki yaiku hasil saka anggone wong pracaya uripe manunggal karo Gusti Allah ing sajroné panguwasa Sang Roh Suci. Sing sapa duwé gegayutan karo Gusti Allah Sang Rama ing sajroné roh iman ora bakal ndedonga mung kanggo pepinginané dhéwé, nanging duwé pepinginan ngganepaké kersané Sang Rama ing suwarga, lan ngudhunaké berkah, lumantar donga-dongané, kango kutha lan kanggo bangsane. Gusti Allah paring jawaban dongané wong-wong pracaya awit wong-wong pracaya nyuwun pangapurané dosa kanggo kabéh manungsa, kanthi mangkono wong-wong mau bisa diuwalaké saka bandané kaculikan lan cemer, lan sebanjure dirubah lan diparingi kabisan misusungaké badané dadi pisusung kang urip lan dadi keparenge Allah.

Sang Kristus piyambak ora mindhakaké gunung lan mbuwang ing sajroné segara kanthi iman Panjenengané kang kuwat, nanging Panjenengané nyilepaké gunung dosa-dosa ing sajroné segara sih rahmat Panjenengané. Para murid uga ora gawé gunung mbledhos kanggo mbuktekaké marang wong-wong kang ngrungokaké wulangané babagan iline panguwasa Allah ing sajroné awaké, nanging para murid martakaké Injil tentrem rahayu marang bangsané, lan ngebaki laladan Mediterania karo katresnan Allah ing tengah-tengah rasa nglokro lan tetesan eluh jaman iku.

Ora ana manungsa kang bisa ndedonga lan duwé iman bener nganggo kekuwatané dhéwé, manawa wong iku ora manunggalaké awaké karo tujuwan saka katresnané Allah, awit Kang Maha Suci iku Juru selamet kang kebak katresnan, kebak pangapura, lan kasucén. Panjenengané ora nekakaké bilahi marang kita, awit Panjenengané kagungan kesabaran kang ora winates. Sing sapa urip manunggal karo Allah ing sajroné prejanjian kang anyar, bakal ndeleng katresnan lan sihing pangapura Panjenengané bakal mlebu ing ati kita, nganyaraké kita, lan menehi kita rerasan kang anyar lan pikiran kang bening. Ing sajorne sang Roh iki, kita masrahaké hak-hak kita, ngapura seteru kita, lan nresnani para satru kita, awit pangapura Allah wis dadi watonan ing sajroné urip kita.

Sang Kristus ora mirsani bukti apa waé yén bangsa Panjenengané bakal nampa roh katresnan lan pangapura iki. Bangsané wis misahaké awaké karo katresnané Allah, lan ora gelem mretobat utawa teluk marang Sang Juru selamet kang lagi teka. Bangsané ora nampa Sang Raja kang becik iku ing antarané rakyat lan mimpim awaké, lan ora gelem nyawisaké dalan kanggo Panjenengané ing sajroné atiné, nanging bangsané malah nginceng Panjenengané lan mbudidaya golék-golék kaluputan ing sajroné apa kang Panjenengan tindakaké lan apa kang dingandikaaké, kanthi tujuwan kanggo ngadhili lan mejahi Panjenengané.

Sing sapa ngadoh lan kanthi sengaja mangkotaké atine saka katresnan lan pangapura Allah kang ora ana rampunge, bakal dadi wangkot tenan atine. Wong iku bakal sengit marang Gusti Yésus, lan ora gelem nampa tentrem rahayu Panjenengané. Cilaka wong-wong kang ora gelem nampani sih rahmat Allah utawa wanuh kayektén Sang Kristus kang sejati! Kunjuk Panjenengané Allah kang Suci bakal dadi Hakim kang paring bebendu, nekakaké bilahi kang ngédab-édabi, lan anggone males nggegirisi, awit patrap mangkotaké ati kang wis ngidak-idak sih rahmat Allah kanthi patrap gumunggung saka wong-wong iku. Kita wanuh SangRama kang kebak sih rahmat, awit Panjenengané wis ngapura dosa-dosa kita lumantar Panjenengané kang wis disalib kanggo kita lan nglebokaké kita dadi umat Panjenengané kang anyar.

PANDONGA: Dhuh rama kasuwargan, kawula ngaturaké panuwun lan memuji Paduka awit Paduka mratélakaken badanipun lumantar sédanipun Sang Kristus, ngapunten dosa-dosa kawula, lan andadosaké kawula putra-putra Paduka secara kasukman. Kawula mboten malih ajrih awit kaagungan Paduka, nanging kawula sampun saged sowan ing ngarsa Paduka. Kawula sowan kenthi raos syukur dhumateng Paduka, memuji Paduka lumantar tuntunan Sang Roh suci Paduka, lan nyuwun supados Paduka ngribah manah kawula kanthi sempurna kanthi makaten kawula saged ugi ngapunten tiyang-tiyang sanes babagan kalepatanipun. Kawula nyuwun kanthi sanget Paduka nuduhaken sih rahmat Paduka dhumateng sadhérék-sadhérék ing sakiwa tengen kawula ingkang cemawis dados tiyang pitados, kanthi makaten sadhérék-sadhérék menika ugi saged wanuh dhumateng Paduka lan diribah seturut gambar Paduka.

PITAKONAN:

  1. Kepiyé ta iman kang bener iku dipratélakake?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 25, 2025, at 01:27 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)