Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Mark - 068 (Parable of the Unfaithful Vinedressers)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 6 - Gusti Yésus Mlebu Yérusalém Lan Pakaryané Kang Pungkasan (Markus 10:46 - 12:44)

6. Pasemon Babagan Wong Kang Nyambut Gawé Ing Kebon Anggur Kang Ora Setya (Markus 12:1-12)


MARKUS 12:1-12
1 Gusti Yésus banjur wiwit ngandika marang wong-wong mau kalawan pasemon, “ana wong gawé pakebonan anggur lan dipageri mubeng. Nuli ndhundhuk jugangan papan pameresan sarta ngedegaké panggung panjagan. Sawise mangkono pakebonan iku disewakaké marang wong-wong kang bakal padha nggarap, banjur lelungan menyang tanah ngamanca. 2 Bareng wus tumeka ing mangsané, wong mau kongkonan batur marani sapéranganing pametune pakebonan menyang wong sing padha nggarap. 3 Nanging batur iku banjur dicekel déning wong-wong mau lan digebugi banjur dikon bali nglenthung. 4 Kang duwé pakebonan tumuli kongkonan batur liyane. Wong iki dipenthungi nganti tatu sirahe sarta diwirang-wirangake. 5 banjur ana batur siji maneh kang dikongkon, iki malah dipaténi. Lan isih akéh maneh liyané, ana kang digebugi lan ana kang dipaténi. 6 Saiki mung kari siji, yaiku anaké kang ditresnani. Wasana iki iya dikongkon marang wong-wong mau pamikire: Anakku mesthine dieringi. 7 Nanging wong-wong kang nggarap pakebonan mau nuli padha rembugan mangkene: Lah iku ahli warise, ayo padha dipaténi bae, mengko warisané banjur kita kang nduwéni. 8 Mulané iya banjur dicekel lan dipaténi, nuli dibuwang menyang ing sajabaning kebon anggur. 9 Saiki, apa kang bakal ditindakaké déning kang duwé pakebonan anggur iku? Mesthi bakal teka mrono, wong-wong kang nggarap bakal padha ditumpes, kebone anggur nuli dipitayaké marang wong sejene. 10 Apa kowe durung tau maca nas iki: Watu kang dibuwang déning para juru gawé omah iku wis dadi watu kang baku ana ing pojok. 11 Iku pakaryaning Pangeran, sawijining bab kang nggumunaké ing pandeleng kita.” 12 wong-wong mau banjur padha mbudi-daya nyekel Gusti Yésus, amarga padha ngreti, yén sing dikarepaké déning pasemon mau dhéwéké kabéh. Nanging padha wedi marang wong akéh, mulané banjur padha mundur, Panjenengané ditogaké bae.

Gusti Allah nandur umat saka prejanjian kang lawas minangka wit anggur kang uwoh. Panjenengané sebanjure mbangun pager Paugeran ing sakiwa tengené, maringi pranatan gegayutan korban minangka papan meres anggur, banjur milih para nabi minangka menara tukang njaga ing tengah-tengah bangsa iku, lan maringi wewenang marang para pemimpin agama lan pemimpin kang asipat kadonyan kanthi panguwasa lan tanggung jawab.

Gusti Allah ngutus para nabi, para abdi kang setya, supaya nglumpukaké kunjuk Gusti uwoh-uwoh pamratobat, kayektén lan katresnan. Nanging kang wong-wong mung ngasilaké kayektén saka awaké dhéwé, kanisthan, gumunggung, lan pepeteng ing sajroné pambalela lan anggone wangkot bangsa iku, kang nganiaya, nggebuki lan ngolok-olok utusané Gusti Allah lan malah mateni sawetara ing antarané para nabi lan utusan mau. Kaya apa agunge kesabarané Gusti Allah! Panjenengané ora nekakaké bilahi marang bangsa iku sinadyana bangsa iku wangkot atiné, nanging terus ngutus para abdi kang mursid. Mokal nemokaké manungsa kang nggarap abdi-abdine kanthi kesabaran lan katresnan kang ilahi mengkono. Gusti Allah iku kebak kesabaran lan sih rahmat. Racangan Panjenengané iku supaya nemokaké anggone manungsa mituhu lumantar katresnan, tanpa tumindak nistha.

Wiwit kelanggengan, Gusti Allah kagungan putra kang ora ana bandhingané kang disihi, awit Panjenengané iku pratéla gambar saka pribadi Panjenengané, lan dilairaké ing sajroné ROH KATRESNAN. Panjenengané kang nitahaké samubarang. Panjenengané iku Gusti atas jaman saiki lan jaman kang bakal teka. Kaluhuran lan kasucén Panjenengané agawé para malaikat manembah Panjenengané, lan setan-setan ndredheg krungu asma Panjenengané. Nanging, manungsa saka prejanjian kang lawas ora wedi marang Panjenengané, lan malah ngremehaké Panjenengané, uga wong-wong ing jaman kita nyepelekaké Panjenengané, nyingkiraké asma Panjenengané. Ora ana kang luwih mrihatinaké ing donya iki ketimbang karo kasunyatan yén manungsa duwé kekarepan nyedani Gustiné, lan nekakaké bilahi Putra Allah kang nitahaké wong-wong mau. Makna saka kayektén iki yaiku yén Gusti Allah, ing sajroné katresnan Panjenengané kang langgeng marang kita, nganti marang watesan kesabaran Panjenengané marang kita, awit patrap wangkot kita, lan ngorbanaké Putra kang disihi kanggo nebus kita, lan kagungan pengare-arep yén kita bakal bali marang Panjenengané, lan dirubah déning kabecikan Panjenengané.

Nanging manungsa sengit lan ora mituhu marang Kang Nitahaké, lan sekuthon kanggo nekakaké bilahi lan mateni putra Panjenengané. Manungsa ora ngreti hakikat sipat ilahi Allah. Sédané Sang Kristus mujudaké wong-wong ing prejanjian lawas gagal gedhé, uga gagale bangsa dudu Yahudi. Prekara iki uga nuduhaké tandha kang luhur dhéwé babagan kasetyané katresnan Allah.

Kepiyé panemu panjenengan gegayutan karo kesabaran lan katresnan Allah iki? Apa panjenengan misusungaké uwoh-uwoh urip panjenengan marang Sang Juru selamet panjenengan, kanthi kebak syukur babagan keselametan Panjenengané, utawa panjenengan isih tetep urip kanggo awak dhéwé, mung mikir sabarang kang becik kanggo awak dhéwé, lan tetep nindakaké dosa tanpa éling? Gusti Allah nandur panjenengan ing kebon anggur Panjenengané nggenteni papan umat prejanjian kang lawas, nanging dikaya Gusti Allah paring paukuman wong-wong Yahudi, mengkono uga Panjenengané bakal paring paukuman marang panjenengan manawa panjenengan ora metokaké uwoh, ora terus manunggal ing sajroné katresnan Panjenengané, lan urip ing sajroné kasucén kayektén Panjenengané. Panjenengané kang Maha Suci kagungan pangarep-arep supaya panjenengan dadi hasil panénan kang becik. Panjenengané kagungan pengarep-arep supaya panjenengan luwih dhisik nampa Putra Panjenengané kanthi kebak kurmat lan asukarena kanthi mangkono Panjenengané bisa maringi panjenengan uwoh-uwoh Sang Roh suci ing sajroné urip panjenengan.

PANDONGA: Dhuh Gusti Allah ingkang suci. Paduka paring pangapunten dhumateng patrap kawula ingkang mentingaké badan piyambak. Kawula rumaos wirang lan saestu prihatos awit lelamisan lan anggen kawula nyepelekaké dhumateng kayektosan Paduka ingkang agung. Menawi kawula sampun mboten mituhu, lan mbalelo dhumateng tuntunan Paduka, ampun ngantos nampik kawula, nanging Paduka sucékaken kawula, lan Paduka ribah kanthi makaten kawula saged gesang kunjuk Paduka lan kunjuk Putra Paduka ingkang tansah kanthi maringaké korban. Matur nuwun atas kesabaran Paduka ingkang ngédab-édabi. Paduka paringaken dhumateng kawula kawicaksanan lan patrap tegen kanthi makaten kawula saged misusungaké dhumateng Paduka uwoh-uwoh Sang Roh suci ingkang sae, lan dipun cawisaké kanggé nampi Panjenengané ingkang Paduka sihi menika kanthi kebak kabingahan. Amin.

PITAKONAN:

  1. Kepiyé anggone Gusti Yésus maringi katarangan katresnané Gusti Allah lumantar pasemon babagan wong kang nyambut gawé ing kebon anggugr kang ala?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 26, 2025, at 06:39 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)