Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Mark - 056 (About Marriage)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 5 - Sang Kristus Mratélakaké Anggone Séda Marang Para Muridé Panjenengané (Markus 8:27 - 10:45)

9. Wulangan Gusti Yésus Gegayutan Bebrayatan (Markus 10:1-12)


MARKUS 10:1-12
1 Gusti Yésus tumuli jengkar saka ing kono tindak menyang ing tlatahe tanah Yudea lan tlatahe sabrange bengawan Yarden. Ana ing kono iya banjur akéh wong kang padha kumrubut sowan ing ngarsané lan kaya adate tumuli padha diparingi piwulang. 2 Banjur ana wong Farisi kang padha sowan, sedyané arep nyoba marang Gusti Yésus, unjuke: “ Punapa tiyang jaler dipun kengingaken megat semahipun?” 3 Nanging paring wangsulane: “Dhawuhe nabi Musa marang kowe kapriye?” 4 Atur wangsulané wong-wong mau: “Nabi Musa marengaken megat, nanging kedah nyukani serat pegat.” 5 Pangandikané Gusti Yésus: “Iya marga saka wangkoting atimu iku, mula Nabi Musa banjur macak pepakon iku tumrap ing kowe. 6 Amarga wiwit dumadining jagad Allah nitahaké manungsa iku arupa lanang lan wadon. 7 Mulané wong lanang iku kudu ninggal bapa biyunge lan rumaket marang rabiné, 8 sarta loro-lorone iku banjur dadi daging siji, temah wis ora ana loro maneh, nanging mung siji. 9 Kang iku apa kang wis didadekaké siji déning Allah iku, ora kena dipisah déning manungsa. 10 Bareng wis padha ana ing omah, para sakabate padha miterang bab iku maneh marang Gusti Yésus. 11 Banjur padha dipangandikané mangkene: “Sing sapa megat bojone banjur rabi oleh wong wadon liyané, iku dadi laku jina tumrap rabine mau. 12 Lan manawa bojone mau ninggal sing lanang, banjur omah-omah oleh wong lanang sejené, iku iya laku jina.”

Bebrayatan iku sih rahmat kasuwargan, lan dudu coban saka Iblis. Sinadyana kita kabéh dadi cemer krana dosa, lan ora urip ing sajroné kasucén, dhawuh bab bebrayatan kanthi sisihan siji diparingaké déning kang Nitahaké kang kebak katresnan. Bebrayatan kang katuntun lan panggulawentah saka Pangeran iku memper karo taman Firdaus. Bebrayatan yaiku saupama oasis ing ara-ara samun, awit Gusti Allah iku mitra katelu ing sajroné bebrayatan. Dadi, aja nganggep bebrayatan iku minangka patrap kang cemer, nanging suci ing ngarsané Sang Kristus, lan ing sajroné panguwasa Sang Roh Suci Panjenengané.

Nanging emané, kita nemokaké wong pegatan ngombro-ombro ing jaman saiki, luwih saka jaman kang sadurungé. Kang dadi jalarané yaiku awit Gusti Allah ora kaidinan ana ing sajroné bebrayatan iku. Wong loro iku mung angger ketemu waé, lan tanpa mikir dawa sebanjure medot anggone bebrayan. Iki sebabé wong loro sebanjur pegatan tanpa ana rasa getun, lan ora kepengin nerusaké sesambungan bebrayatané tanpa landhesan kang cetha. Manawa wedi asih marang Gusti allah ora nguwasani ati lan keluwarga mula roh ala kang bakal mlebu lan sebanjure ana dalanan, uga ing ngombah, ati bakal dadi atos, lan pegatan bakal dadi gampang lan sah. Kita ora ngreti kaya apa jerone kaprihatinan saka wong-wong lanang utawa wadon kang ana ing sajroné panandhang awit wong-wong mau urip tanpa Gusti Allah, mbangun rumah tangga tanpa ngrungokaké tuntunané Allah, lan dipisahaké déning pegatan kang lelawanan karo karsa Panjenengané.

Sumbering luh kaesokaké awit pikiran kang wangkot lan ora gelem pracaya, awit pegatan kang nistha, kang asring uga ora kanthi sah, nanging wong-wong mau sabeneré wis pisah sajroning ati. Ana bebrayan kang sing lanang lan sing wadon isih saomah nanging ana ing sajroné sesingitan, kang dadi jalaran rasa wedine anak-anake. Cilaka wong tuwa kang rumah tanggané senthet awit patrap mangkene dadi jalaran panandhange anak-anake!

Kang dadi watonané yaiku Gusti Allah iku katresnan lan Suci. Panjenengané njejegaké Lembaga bebrayan kanggo nuduhaké kamanunggalan saka wong loro kang sih kinasihan lan ora dilandhesi déning hawa nepsu kang cemer, nanging atas landhesan pepinginan laden linadenan, sabar kang andhap asor, lan ajen kinajenan.

Yaiki jalarané katresnan kang suci antarané sing lanang karo sing wadon dadi kengkeran kang gedhé. Kawitan, loro-lorone manunggal, lan pikirané ya manunggal. Sing wadon kang ndedonga bisa nuntun sing lanang mlebu suwarga. Panjenengané dadi berkah kanggo anak-anake. Nanging wanita kang ora setya kang kadudut atine marang dhuwit lan kaurmatan bakal ngremehaké sing lanang, lan bakal ngrusak jiwa sing lanang. Wong wadon iku bakal nuntun atine sing lanang kaya kebo kang dituntun tumuju neraka, manawa Sang Roh Kristus ora paring kamardikan marang nyawané, lan banjur katresnan, rasa cukup, donga, kabecikan lan tentrem rahayu manunggal ing sajroné awake. Sadurungé bebrayanan, panjenenan kudu nyuwun marang Pangeran supaya maringi sisihan marang panjenengan wong wadon kang setya lan duwé kapiyandelan. Wong wadon kang styoa lan duwi kapiyandelan iku luwih saka kapinteran, kasugihan utawa ayune rupa awit kaendahan donya iki bakal mungkur, nanging katresnan Allah bakal langgeng selawasé.

Para kenya, dadekna pepesthen yén kowe mung mbangun bebrayan karo wong lanang kang tunggal iman. Supaya anggonmu mbangun bebrayan ing sajroné sang Kristus lan kowe ngrasakaké ayem ing sarjrone bebrayanan kang diberkahi. “Aja dadi sisihan kang ora sembada karo wong kang ora pracaya.”

PANDONGA: Dhuh Gusti Allah ingkang suci, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka atas sih rahmat bebrayan ingkang sempurna. Paduka wucalaken dhumateng kawula gesang ing salebetipun kasucén lan anggan kawula ngendaleni badan kanthi makaten saged lados linadosan kadosdene Sang Kristus leladi ing geréja Panjenenganipun. Wilujengaké kawula saking hardaning hawa nepsu kawula, kanthi makaten kawula mboten mbangun bebrayan namung alandhesan pepinginan kawula piyambak kemawon. Paduka paringi dhumateng sadaya tiyang pitados sisihan ingkang tunggal kapitadosan ingkang kateguhaken ing salebetipun Sang Roh suci Paduka kanthi makaten bebrayanipun badhé saged dados dene suwarga wonten ing bumi. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa waé watonan-watonan ing sajroné bebrayan Kristen?

Ayat kanggo diapalaké:
“Amarga wiwit dumadine jagad
Allah andadékaké manungsa iku arupa lanang lan wadon.
Mulané
wong lanang iku kudu ninggal bapa biyunge
lan rumaket marang rabiné,
sarta loro-lorone iku banjur dadi daging siji,
temah wis ora ana loro maneh, nanging mung siji.
Kang iku apa kang wis didadekaké siji déning Allah iku,
ora kena dipisah déning manungsa.”

(Markus 10:6-9)

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 22, 2025, at 01:11 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)