Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Mark - 057 (Jesus Blessed the Children)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 5 - Sang Kristus Mratélakaké Anggone Séda Marang Para Muridé Panjenengané (Markus 8:27 - 10:45)

10. Gusti Yésus Amberkahi Bocah-bocah (Markus 10:13-16)


MARKUS 10:13-16
13 Sawise iku nuli ana wong kang padha nyowanaké bocah-bocah menyang ing ngarsané Gusti Yésus, supaya padha diasta, nanging padha disrengeni déning para sakabat. 14 Bareng Gusti Yésus mirsa, Panjenengané duka, sarta para sakabat padha dipangandikani mangkene: “Cikben bocah-bocah padha sowan marang Aku, aja kokpenggak, amarga wong kang kaya mangkono iku kang nduwéni Kratoning Allah. 15 Aku pitutur marang kowe: Satemene sing sapa anggone nampani Kratoning Allah ora kaya bocah cilik, iku ora bakal umebu ing kono.” 16 Bocah-bocah mau tumuli padha dirangkuli sarta padha dibarkahi kalawan katumpangan asta.

Sang Kristus mbangun kraton Allah. Panjenengané ora nglumpukaké luwih dhisik, saka golongan filsuf, theolog, utawa para ahli Torét, nanging kraton Panjenengan uga dadi duwéké wong-wong kang lugu, kang ora dianggep pinter, lan bocah-bocah. Kraton iki ora winates mung kanggo wong-wong diwasa lan wong kang nyambut gawé tumemen, nanging dicawisaké kanggo kabéh manungsa manawa manungsa nanggapi katresnané Allah. Kraton iku uga ora mung winatas marang sirah, pikiran, lan akal budi waé, nanging uga kalebu ati lan pepinginan kekarepané manungsa.

Sawetara ibu nggawa bocah-bocahe marang Sang Kristus supaya Panjenengané amberkahi bocah-bocah lan numpangi tangan bocah-bocah mau, kang bakal duwé daya pengaruh marang mangsa tembe, kang njamin kasiling uripe. Bisa uga bocah-bocah iku nakal, utawa lara-laranen, lan marisi dosa, kanthi mangkono bocah-bocah mau kepengin supaya Roh Sang Juru selamet kang suci iku manunggal ing sajroné panguripané bocah-bocah iku.

Para murid kang ndhérék Panjenengané duwé panemu yén Gusti Yésus iku mung leladi mligi kanggo wong kang wis dewasa kang ngerti timbalan Pangeran, kang bisa nampa wulangan Panjenengané kang jero, lan wong kang wicaksana waé. Awit saka iku, para murid njawehi para ibu iku nyedhak Sang Kristus, supaya suwara bocah-bocah iku ora ngganggu anggone Gusti Yésus ngeningaké cipta.

Gusti Yésus atine ora rena, pirsa sikep para murid iku. Panjenengan ndukani para murid. Kabéh bocah iku ngasihi marang wong tuwane. Bocah-bocah kala-kala ora ngerti apa kang dadi jalarané, nanging bocah iku bisa terus ngandel marang wong tuwané, awit dhéwéké bisa ngrasakaké kawigaten lan sih katresnan wong tuwane. Bocah-bocah ora kuwatir, mula dhéwéké masrahaké awaké sawutuhé ing tangané wong tuwane. Ya iki makna saka kumandel: pracaya marang Allah, Rama kasuwargan kita, lan tansah ngestokaké timbalan Panjenengané, ngrasakaké ayem ing ati, lan duwé pikiran babagan Panjenengan kanthi kebak kabungahan.

Sumitraku, manawa panjenengan duwé tanggung jawab marang bocah-bocah, mula wulangen bocah-bocah mau babagan katresnan lan panguwasa Sang Kristus. Aja nggunakaké tembung-tembung sing angél nganggoa basa kang bisa ditampa, kang gampang diéling-éling. Wenehi patuladan patrap becik minangka jejeré putra Allah, karo wacakaké Kitab suci marang bocah-bocah mau. Kidungno kanggo bocah-bocah iku kidung pujian, lan ajaken dolanan kanggo mulang wuruk, dikaya sang Kristus nampani bocah-bocah, amberkahi bocah-bocah mau, awit kabungahan iku paseksén kang cetha dhéwé babakan Roh Sang Kristus, lan katresnan ilahi iku kunci ayeming batin manungsa. Bocah-bocah cilik iku bakal bisa ngerti loro bandha kang kang larang iku: kabungahan lan katresnan, malah sinadyan pikirané durung dewasa.

PANDONGA: Dhuh kanjeng rama ing suwarga, kawula manembah Paduka, awit Putra Paduka ingkang Paduka sihi gesang ing salebetipun jagat menika, dikados lare ingkang ayem ing asta Paduka, lan tansah atur panjawab katresnan Paduka kanthi kapitayan ingkang wetah. Paduka apunten manah kawula ingkang kebak was-was, lan bikak pikiran kawula dhumateng kabingahan katresnan Paduka, kanthi makatan kawula saged dipun teguhaken minangka jejering putra-putra Paduka, pitados dhumateng kawilujengan ingkang saking Paduka lan nglampahi ewah-ewahan, purun lelados lare-lae kanthi cara ingkang wicaksana, lan dadi patuladan ingkang sae. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa panemuné Gusti Yésus gegayutan karo bocah cilik?

Ayat kanggo diapalake:
“Cikben bocah-bocah padha sowan marang Aku,
aja kokpenggak, amarga wong kang kaya mangkono iku kang nduwéni Kratoning Allah.
Aku pitutur marang kowe:
Satemene sing sapa anggone nampani Kratoning Allah
ora kaya bocah cilik, iku ora bakal lumebu ing kono.”

(Markus 10:14)

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 22, 2025, at 01:14 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)