Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Mark - 055 (Warning to not Cause Little Ones to Sin)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 5 - Sang Kristus Mratélakaké Anggone Séda Marang Para Muridé Panjenengané (Markus 8:27 - 10:45)

8. Gusti Yésus Ngélingaké Para Pandhéréke Waspada Supaya Ora Dadi Jalaran Bocah-Bocah Tiba Ing Sajroné Dosa (Markus 9:42-50)


MARKUS 9:42-50
42 “Sing sapa dadi sandhungan tumrap para cilik kang padha pracaya iki, iku luwih becik manawa dikalungana watu panggilingan lan dicemplungna ing sagara. 43 Sarta manawa tanganmu dadi sandhungan tumrap kowe, kethoke, amarga luwih becik kowe lumebu ing urip kalawan kuthung, katimbang ganep tanganmu nanging dibuwang menyang ing naraka, ing geni kang ora kena disirep; 44 (kang singgate ora mati, lan ora kasirep genine). 45 Lan manawa sikilmu dadi sandhungan tumrap kowe, kethoken, awit luwih becik kowe lumebu ing urip kalawan buntung, katimbang karo ganep sikilmu, nanging kacemplungna ing naraka; 46 (kang singgate ora mati, lan ora kasirep genine) 47 Lan manawa mripatmu dadi sandhungan, cuplaken, awit luwih becik kowe lumebu ing Kratoning Allah kalawan pece, katimbang karo ganpe mripatmu, nanging kacemplungaké ing naraka, 48 kang singgate ora mati lan genine ora kasirep. 49 Awit saben wong bakal dibumboni geni. 50 Uyah iku pancen gedhé paedahe, nanging manawa ilang asiné, kang kagawé mulihaké rasané apa? Kowe padha tansah duwéa uyah ana ing batinmu lan padha tansah rukuna.”

Sang Kristus ngayomi bocah-bocah cilik. Panjenengané nresnani wong-wong kang lagi pracaya, lan njaga wong-wong mau saka wong-wong gumunggung ing antarané para pandhérék Panjenengané kang nganggep awaké, awit anggone rumangsa cerak karo Sang Kristus, luwih becik utawa luwih suci ketimbang karo wong-wong kang lagi pracaya iku.

Cilaka para pendeta, pinituwa, juru mulang kang dadi watu sandhungan kanggo para wong kang lagi waé pracaya ing sajroné urip kasukmané lumantar patrap gumunggung, rumangsa bener dhéwé, ngetokaké tembung-tembung gumedhe, lan patrap mentingaké awaké dhéwé lan keluwarga dhéwé kang luwih-luwih! Sang Kristus bakal njaluk atur jawaban marang wong-wong iku manawa wong-wong cilik iku nganti ilang. Cilaka kita manawa kita duwé omongan kebak gumunggung babagan sih rahmat lan panyucen, tanpa ngreti yén watu panggilingan paukuman Allah bakal nempuh kita ing sajroné segara bebendu saka Panjenengané kang Mahasuci!.

Sang Kristus ngersakaké supaya panjenengan ngracut urip panjenengan lan sawutuhé ndhérék Panjenengané. Manawa panjenengan gumunggung lan mentingaké awak dhéwé, Panjenengané nimbali panjenengan supaya mlebu ing sajroné Sekolah Roh Suci, kanthi mangkono panjenengan bisa ngilangi patrap gumunggung. Panjenengané ora kagungan kersa, panjenengan ngethok gegelitané badan panjenengan kang dosa, kang dikersakaké yaiku Panjenengané ngersakaké panjenengan nyuceni badan lan pikiran panjenengan, dudu ngrusak gegelitané badan. Ing wulangan ngethok tangan lan nyuplak mata, kang diwulangaké Gusti Yésus yaiku Sang Roh suci ora ngersakaké panjenengan sembrana kang ana gegayutané hawa nepsu, lelamisan kang cethek, runtik ati kang kebablasen, lan patrap wangkot kang ora bisa diowahi. Kabéh watek wantu kamanungsan iku kudu disalibaké, lan diejur ing sajroné patunggalan karo Sang Kristus. Panjenengan ora bakal bisa nampani tentrem rahayu manawa panjenengan ora disalib karo Sang Kristus, lan wungu kanthi iman ing sajroné patangen Panjenengané.

Putra Allah nyeksekaké babagan anané neraka, lan nyethakaké nganti kaping enem, ing sajroné wacan kita, geni neraka ora bakal tau surut. Cilaka wong-wong kang nyelaki anané Suwarga lan neraka! Wong-wong mau bakal diobong ing sajroné geni awit pamratobat palsuné, awit wong-wong mau bakal adoh karo Allah, mbengok lan gemeter kinanthenan tangisan kang nggegirisi. Telenging atine bakal ndadekaké atine ora jenjem, lan wong-wong mau bakal kobong kanthi tatu lan infeksi kang ora bisa kawarasaké, lan nalika iku wong-wong mau bakal ngakoni yén Sang Kristus wis rawuh marang dhéwéké, lan biyén Panjenengané rawuh kanthi andhap asor lan setyo, nanging wong-wong mau ora gelem nampa Panjenengané, malah nyenyamah, ora gelem pracaya marang Panjenengané, lan nampik keselametan saka Panjenengané.

Sedulur, Gusti Allah kagungan kersa nguripaké geni Sang Roh Suci Panjenengané supaya panjenengan ora kaobong ing sajroné neraka. Yaiki sebabé Gusti nimbali panjenengan supaya dadi pepadhang jagat lan uyahing bumi, ora krana panjenengan migunani karo kekuwatan panjenengan piyambak, nanging awit Sang Kristus iku uyah lan padang kanggo panjenengan. Sinadyana panjenengan katon mursid secara tata lahir, panjenengan tetap ora duwé kabecikan saka awak panjenengan dhéwé. Nanging Sang Kristus bakal di dadekaké panjenengan minangka cagaking ing sajroné Pedaleman suci Panjenengané manawa panjenengan masrahaké sarira panjenengan, awak panjenengan, lan masrahaké marang Panjenengané nganti salawasé. Sebanjure Panjenengané bakal mulang marang panjenengan kepiyé carané dadi andhap asor. Panjenengané bakal maringi panjenengan kasucén lan kesabaran, lan ngalimputi panjenengan karo tentrem rahayu Panjenengané kanthi mangkono panjenengan bakal ngrasakaké owah-owahan ing sajroné pangerten panjenengan kanthi mangkono panjenengan mentingaké bocah-bocah cilik luwih saka wong-wong kang ngédab-édabi, nggolék bocah-bocah cilik mau kang kesasar, lan ngedoh saka patrap nganggep awak dhéwé luwih becik ketimang wong – wong liya.

PANDONGA: Dhuh Rama, Paduka apunten patrap gumunggung, hawa nepsu, lan anggen kula wangkot. Saha dosa-dosa sae ingkang kawula mangertos ugi ingkang mboten. Paduka sucéni abdi Paduka menika sawetahipun nganggi pangobanan Putra Paduka, lan lagi neraka, ingkang sampun mbikak tutukipun nguntal ingkang abdi. Paruka paringi dhumateng abdi gesang ing salebetipun kabingahan Sang Roh Suci Paduka lan Paduka kendaleni, lumantar panguwaos Paduka, badan lan pikiran kawula. Kersanipun kawula gesang ing salebetipun kasaenan lan katulusan kanthi mangkene kawula sabet asikep ngatos-atos supayaos mboten nindakaké menapa kemawon ingkang saged dadi sela sandungan kanggo tiyang-tiyang sanes, nanging supados kawula saged nuntun sadhérék menika dhumateng Paduka. Paduka sucékaken kawula supaya tata laku kawula saged dados paseksén gegayutan panguwaos Paduka. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa prekara-prekara kang bisa dadi watu sandhungan kanggo wong kang lagi pracaya?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 21, 2025, at 02:56 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)