Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish
Previous Lesson -- Next Lesson MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 5 - Sang Kristus Mratélakaké Anggone Séda Marang Para Muridé Panjenengané (Markus 8:27 - 10:45)
9. Wulangan Gusti Yésus Gegayutan Bebrayatan (Markus 10:1-12)MARKUS 10:1-12 Bebrayatan iku sih rahmat kasuwargan, lan dudu coban saka Iblis. Sinadyana kita kabéh dadi cemer krana dosa, lan ora urip ing sajroné kasucén, dhawuh bab bebrayatan kanthi sisihan siji diparingaké déning kang Nitahaké kang kebak katresnan. Bebrayatan kang katuntun lan panggulawentah saka Pangeran iku memper karo taman Firdaus. Bebrayatan yaiku saupama oasis ing ara-ara samun, awit Gusti Allah iku mitra katelu ing sajroné bebrayatan. Dadi, aja nganggep bebrayatan iku minangka patrap kang cemer, nanging suci ing ngarsané Sang Kristus, lan ing sajroné panguwasa Sang Roh Suci Panjenengané. Nanging emané, kita nemokaké wong pegatan ngombro-ombro ing jaman saiki, luwih saka jaman kang sadurungé. Kang dadi jalarané yaiku awit Gusti Allah ora kaidinan ana ing sajroné bebrayatan iku. Wong loro iku mung angger ketemu waé, lan tanpa mikir dawa sebanjure medot anggone bebrayan. Iki sebabé wong loro sebanjur pegatan tanpa ana rasa getun, lan ora kepengin nerusaké sesambungan bebrayatané tanpa landhesan kang cetha. Manawa wedi asih marang Gusti allah ora nguwasani ati lan keluwarga mula roh ala kang bakal mlebu lan sebanjure ana dalanan, uga ing ngombah, ati bakal dadi atos, lan pegatan bakal dadi gampang lan sah. Kita ora ngreti kaya apa jerone kaprihatinan saka wong-wong lanang utawa wadon kang ana ing sajroné panandhang awit wong-wong mau urip tanpa Gusti Allah, mbangun rumah tangga tanpa ngrungokaké tuntunané Allah, lan dipisahaké déning pegatan kang lelawanan karo karsa Panjenengané. Sumbering luh kaesokaké awit pikiran kang wangkot lan ora gelem pracaya, awit pegatan kang nistha, kang asring uga ora kanthi sah, nanging wong-wong mau sabeneré wis pisah sajroning ati. Ana bebrayan kang sing lanang lan sing wadon isih saomah nanging ana ing sajroné sesingitan, kang dadi jalaran rasa wedine anak-anake. Cilaka wong tuwa kang rumah tanggané senthet awit patrap mangkene dadi jalaran panandhange anak-anake! Kang dadi watonané yaiku Gusti Allah iku katresnan lan Suci. Panjenengané njejegaké Lembaga bebrayan kanggo nuduhaké kamanunggalan saka wong loro kang sih kinasihan lan ora dilandhesi déning hawa nepsu kang cemer, nanging atas landhesan pepinginan laden linadenan, sabar kang andhap asor, lan ajen kinajenan. Yaiki jalarané katresnan kang suci antarané sing lanang karo sing wadon dadi kengkeran kang gedhé. Kawitan, loro-lorone manunggal, lan pikirané ya manunggal. Sing wadon kang ndedonga bisa nuntun sing lanang mlebu suwarga. Panjenengané dadi berkah kanggo anak-anake. Nanging wanita kang ora setya kang kadudut atine marang dhuwit lan kaurmatan bakal ngremehaké sing lanang, lan bakal ngrusak jiwa sing lanang. Wong wadon iku bakal nuntun atine sing lanang kaya kebo kang dituntun tumuju neraka, manawa Sang Roh Kristus ora paring kamardikan marang nyawané, lan banjur katresnan, rasa cukup, donga, kabecikan lan tentrem rahayu manunggal ing sajroné awake. Sadurungé bebrayanan, panjenenan kudu nyuwun marang Pangeran supaya maringi sisihan marang panjenengan wong wadon kang setya lan duwé kapiyandelan. Wong wadon kang styoa lan duwi kapiyandelan iku luwih saka kapinteran, kasugihan utawa ayune rupa awit kaendahan donya iki bakal mungkur, nanging katresnan Allah bakal langgeng selawasé. Para kenya, dadekna pepesthen yén kowe mung mbangun bebrayan karo wong lanang kang tunggal iman. Supaya anggonmu mbangun bebrayan ing sajroné sang Kristus lan kowe ngrasakaké ayem ing sarjrone bebrayanan kang diberkahi. “Aja dadi sisihan kang ora sembada karo wong kang ora pracaya.” PANDONGA: Dhuh Gusti Allah ingkang suci, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka atas sih rahmat bebrayan ingkang sempurna. Paduka wucalaken dhumateng kawula gesang ing salebetipun kasucén lan anggan kawula ngendaleni badan kanthi makaten saged lados linadosan kadosdene Sang Kristus leladi ing geréja Panjenenganipun. Wilujengaké kawula saking hardaning hawa nepsu kawula, kanthi makaten kawula mboten mbangun bebrayan namung alandhesan pepinginan kawula piyambak kemawon. Paduka paringi dhumateng sadaya tiyang pitados sisihan ingkang tunggal kapitadosan ingkang kateguhaken ing salebetipun Sang Roh suci Paduka kanthi makaten bebrayanipun badhé saged dados dene suwarga wonten ing bumi. Amin. PITAKONAN:
Ayat kanggo diapalaké: |