Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Mark - 044 (Feeding the Four Thousand)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 4 - Tandha-Tandha Kaélokan Lan Mujizat Sang Kristus Ing Galilea Lan Sakiwa Tengené (Markus 3:7 - 8:26)

16. Maringi mangan Wong Patang Ewu (Markus 8:1-9)


MARKUS 8:1-9
1 Nalika samana ing kono uga ana wong akéh maneh, kang akéh banget cacahe, padha ora ana kang dipangan. Gusti Yésus banjur nimbali para sakabate lan ngandika: 2 “Atiku trenyuh banget marga saka welasKu mrang wong akéh iki. Wis telung dina anggone padha ngetutaké Aku, mangka saiki ora ana kang dipangan. 3 lan manawa padha Dakkon mulih, mangka padha luwe mangkono, bakal padha ambruk ana ing dalan, sabab ana kang adoh sangkane.” 4 Para sakabat padha munjuk: “Kaospundi anggenipun saged angsal roti wonten panggenan ingkang sepi makaten ingkang kanggé nedhani tiyang-tiyang punika ngantos tuwuk?” 5 Gusti Yésus nuli ndangu: “Kowe duwé roti pira?” Unjuke para sakabat: “wonten pitu.” 6 Wong akéh mau banjur padha kadhawuhan linggih ana ing lemah. Sawuse mangkono Gusti Yésus banjur mundhut roti pitu mau, lan sawisi saos sokur, nuli dicuwil-cuwil sarta diparingaké marang para sakabat supaya didum-dum marang wong akéh mau lan iya banjur diwaratakake. 7 Para sakabat iya nggawa iwak sawatara, sawisé diberkahi, banjur dhawuh supaya didum-dumaké uga. 8 wong-wong tumuli padha mangan nganti wareg. Turahané cuwil-cuwilan banjur diklumpukaké dadi pitung wakul. 9 Anadene wong kang padha mangan iku cacahe watara ana patang ewu. Tumuli padha didhawuhi mulih.

Wong akéh ngorong marang pangandikané Allah. Wong-wong mau sowan marang Gusti Yésus kepengin ngrungokaké piwulang Panjenengané sawetara jam. Saben ati ngorong marang panjangkunge Allah kang murni. Binerkahan wong-wpong kang luru Gusti Allah, terus ndedonga ing ngarsané Kang Maha Suci, lan sinau pangandikané Panjenengané, supaya kalimputan nyawané karo katresnan kasuwargan lan kalimputan kabungahan kang langgeng. Apa panjenengan wis ngreti tenan yén Gusti Yésus iku sumber saka kabéh kawicaksanan kang asipat Allah lan sumber kawruh kang bener? Sowana marang Sang Juru selamet, lan aturna wektu panjenengan supaya bisa ngrungokaké Injil Panjenengané kanthi mengkono panjenengan bakal bisa dadi waras, segera lan kaanyarake.

Gusti Yésus Kristus iku pangandikané Allah kang dadi manungsa kang bisa nglegakaké rasa ngorong ing jiwa sawutuhe. Nanging, Panjenengané uga manungsa kang duwé kabutuhan jasmani kaya manungsa lumrahe.

Gusti Yésus ngersakaké supaya maringi mangan kang padha ngrungokaké dhawuhe, awit wong-wong mau wis bebarengan karo Panjenengané suwene 3 dina 3 bengi lan ora ana panganan. Saiki, sawisé ngrasakaké pengalaman mujijat saka Panjenengané menehi mangan wong limang ewu, para murid ora nyuwun Gusti Yésus nundhung wong akéh iku maneh, dikaya kang wis ditindakaké sadurunge, nanging para murid ngenteni sawijining sih rahmat kaélokan anyar ing kahanan kang banget mbebayani iki. Gusti Yésus ora mung maringi keselametan jiwa, nanging Panjenengané uga nggatekaké kabutuhan jasmani lan kang asipat kadonyan kita. Panjenengané karsa maringi mangan wong akéh iku nggunakaké kaélokan. Awit saka iku Panjenengané nampa sawetara roti lan iwak kang dadi duwéké para murid, lan ndadekaké sawetara roti lan iwak iku dadi akéh kanthi mengkono cukup kanggo menehi mangan wong patang ewu wong. Sang Kristus ora ngudhunaké panganan sameja kebak saka kasuwargan, nanging nampa sethithi panganan kang ana lan kepareng atas pisusung iku. Panjenengané ngaturaken kabéh iku marang keng Rama Panjenengané, ngaturaken panuwun kanthi sawutuhe, lan maringi mangan iku marang wong akéh. Panganan iku dadi akéh awit panguwasa Panjenengané, lan dadi berkah kanggo wong akéh.

Apa panjenengan ngaturaken panuwun marang Gusti atas apa kang panjenengan tampa sethithhik ing urip panjenengan? Apa panjenengan lega karo prekara iku, lan ora sambat, mburu kamewahan lan rasa ayem kang asifat kadonyan? Cuwilen roti panjenengan lan aturna panuwun marang Gusti Allah, lan tansah pujinen sang Juru selamet, lan wenehané marang wong-wong kang mbutuhaké, lan panjennegan bakal kalimputan rasa eram, nalika panjenengan ndeleng kepiyé berkah saka Kang Mahaluhur ambanyu mili lumantar panjenengan marang wong akéh. Aja lali ngaturaké panuwun marang Gusti kanthi kebak kabungahan.

PANDONGA: Dhuh Gusti Allah ingkang suci, Paduka apunten kirangipun iman kawula. Paduka kemawon Ingkang Maha Kuwaos ingkang saged nglegakaké kabetahan jagat menika sinaosa gunggunipun tiyang tambah lipet-lipet, lan kathahipun tiyang ingkang nganggur. Paduka wucal manungsa supados kawigatosanipun apunjer dhumateng Paduka lan mirengaken pangandikan Paduka kanthi makaten tiyang-tiyagn saged dipun beneraken lan dipun sucekaké, lan supados jendela kasuwarga saged tinarbuka, ngesokaké berkah Paduka dhumateng kawula. Kawula ngaturaken panuwun awit Paduka milujengaké kawula, lan Paduka nggatosaken kawula saben wektal ing salebetipun panggesangan kawula. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa sebabe lan kepiyé Gusti Yésus maringi pangan nganti maregi wong kang gunggune patang ewu kang ngrungokaké Panjenengané?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 21, 2025, at 10:37 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)