Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Mark - 045 (Christ Denies the Demand for a Special Miracle)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 4 - Tandha-Tandha Kaélokan Lan Mujizat Sang Kristus Ing Galilea Lan Sakiwa Tengené (Markus 3:7 - 8:26)

17. Sang Kristus Nampik Panyuwun Nganakaké Kaélokan Mligi (Markus 8:10-13)


MARKUS 8:10-13
10 Gusti Yésus banjur énggal-énggal nitih prau kanthi para sakabate lan tindak menyang ing tlatahe tanah Dalmanuta. 11 Para wong Farisi tumuli padha sowan lan padha bebantahan karo Gusti Yésus. wong-wong iku padha nyoba marang Panjenengané kanthi nyuwun supaya diparingana pratandha saka ing swarga. 12 Sajroning panggalih Gusti Yésus ngesah banjur ngandika: Yagene jinis iki kok njluk pratandha? Aku pitutur marang kowe, satemene jinis iki babar pisan ora bakal kaparingan pratandha”. 13 wong-wong mau tumuli padha ditilar minggah ing prau maneh lan tindak menyang ing sabrang.

Wong-wong Farisi iku dudu golongan filsuf, nanging wong-wong kang realistis kang golék praktek kang cocok saka wulangan agama ing sajroné urip kanthi mangkono iman dudu mung mandheg ing pikiran waé. Wong-wong iki mbangun turut marang paugeran Taurat kanthi pas lan kanthi teliti, supaya nampani panguwasa nindakaké kabéh parentahe.

Ing kene kita nemokaké bedané antarané wong bule karo wong wétanan, wong-wong Yunani karo wong-wong Semit. Wong-wong Ibrani luru dhisik pangalaman panguwasa kang ora kanalar minangka bukti saka prejanjiané karo Gusti Allah, supaya bisa nggayuh hasil kang katong saka keyakinané sawetara para filsuf Eropa duwé pikiran gegayutan alesan, kang nyurung, lan tujuwan saka wulangane. Luwih dhisik, wong-wong mau mbudidaya wanuh Gusti Allah lan pikiran kang ana sambung rapete karo imane. Wong-wong Semit, kosok baliné, kepengin nindakaké kasucen. Dadi, pranatan dadi poros kanggo agama-agama ing wétan.

Wong-wong Farisi nyuwun marang Gusti Yésus supaya Panjenenganipun nindakaké sawijining kaélokan minangka tanda panguwasa Panjenengané, lan bukti hakikat sipat keallahan Panjenengané. Wong-wong kepengin ndeleng Panjenengané nindakaké kaélokan kang gedhé, kaya kang ditindakaké Elia nalika Elia ngudhunaké geni saka langit marang para satrune. Wong-wong durung marem karo kaélokan kang ditindakaké yaiku marasaké wong lara, utawa nundhung roh-roh ala, lan wong-wong mau uga ora nyuwun tandha babagan katresnan, kawicaksanan, lan kabecikan Panjenengané, nanging wong-wong mau meksa anané tandha kang nggumunaké, kang bakal ngasilaké kekuatan politik kang bakal duwé akibat kaetrapaké paugeran kanggo kabéh wong. Nanging, Gusti Yésus ora maringi tanda kang mengkono marang wong-wong kang mburu kalungguhan, dhuwit utawa pepinginan jagat saka Panjenengané.

Sang Kristus dhéwé sabenere sawijining tandha gedhé kang saka Gusti Allah. Awit saka iku, Kang Maha Kuwasa ora gelem ngabulaké panyuwun para ahli Torét kanthi nindakaké mujijat minangka tanda kanggo wong-wong kang ana sambung rapete panguwasa Sang Putra. Nanging Panjenengané rawuh minangka pribadi, mratélakaké sarira Panjenengané minangka Sang Rama ing sajroné Sang Putra kang kebak karo katresnan, kang mratélakaké kaluhuran Allah kang siningitan ing sajorne pangandikan Kayekten, lan marasaké wong-wong sakit. Sing sapa pracaya marang Sang Kristus bakal mangerti yén Panjenengané iku tandha ilahi kang gedhé dhéwé nganti saiki, awit Panjenengané dilairaké déning Sang Roh Suci, nyangga kabéh dosa jagat, lan ngrukunaké kita karo Gusti Allah. Panjenengané iku urip iki dhéwé. Wungune Panjenengané iku bukti babagan sifat keallahan Panjenengané, lan kamenangan Panjenengané kang kebak panguwasa atas kabéh satrune Allah. Sang Kristus iku urip iku dhéwé. Panjenengané maringi kita urip kanthi Sang Roh Suci Panjenengané. Manawa panjenengan pracaya marang putra Allah, panjenengan bakal nampani pérangan ing sajroné urip kang ngandhut kamenangan, lan urip selawasé, ngrasakaké kabecikan Panjenengané, lan panguwasa kang asifat kasuwargan ing sajroné geréja jaman saiki. Dadi, Sang Krsitus njawab kabéh pitakonan kang digelar déning wong-wong wétan lan kulon kanggo kita, lumantar kawicaksanan sifat keallahan Panjenengané, panguwasa katresnan kang maringi kabisan kita mbangun turut paugeran Roh ing sajroné urip kita.

PANDONGA: Dhuh Rama kasuwargan, kawula ngagungaké Paduka awit Paduka maringi dhumateng kawula tandha saking kasuwarga ing salebetipun Sang Putra manjalma dadi manungsa, ing salebetipun séda Panjenenganéipun ingkang nggegirisi, lan wungunipun Panjenenganéipun ingkang kalimputan kaluhuran. Kawula manembah Paduka. Kawula pitados bilh Paduka ingkang dijebati, lan nyuwun supados Paduka ngalimputi kawula kanthi Sang Roh Suci, kanthi makaten kekuatan Paduka saged dipratélakaken ing salebetipun karingkihan lan lan ing salebetipun anggen kawula bodho. Kintenipun Sang Roh Paduka ingkang ngiyataken badhé nuntun kawula dhumateng samukawis kayektosan. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa sebabe Gusti Yésus ora nindakaké mukjijat mligi kanggo wong-wong Farisi?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 21, 2025, at 10:39 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)