Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish
Previous Lesson -- Next Lesson MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 4 - Tandha-Tandha Kaélokan Lan Mujizat Sang Kristus Ing Galilea Lan Sakiwa Tengené (Markus 3:7 - 8:26)
16. Maringi mangan Wong Patang Ewu (Markus 8:1-9)MARKUS 8:1-9 Wong akéh ngorong marang pangandikané Allah. Wong-wong mau sowan marang Gusti Yésus kepengin ngrungokaké piwulang Panjenengané sawetara jam. Saben ati ngorong marang panjangkunge Allah kang murni. Binerkahan wong-wpong kang luru Gusti Allah, terus ndedonga ing ngarsané Kang Maha Suci, lan sinau pangandikané Panjenengané, supaya kalimputan nyawané karo katresnan kasuwargan lan kalimputan kabungahan kang langgeng. Apa panjenengan wis ngreti tenan yén Gusti Yésus iku sumber saka kabéh kawicaksanan kang asipat Allah lan sumber kawruh kang bener? Sowana marang Sang Juru selamet, lan aturna wektu panjenengan supaya bisa ngrungokaké Injil Panjenengané kanthi mengkono panjenengan bakal bisa dadi waras, segera lan kaanyarake. Gusti Yésus Kristus iku pangandikané Allah kang dadi manungsa kang bisa nglegakaké rasa ngorong ing jiwa sawutuhe. Nanging, Panjenengané uga manungsa kang duwé kabutuhan jasmani kaya manungsa lumrahe. Gusti Yésus ngersakaké supaya maringi mangan kang padha ngrungokaké dhawuhe, awit wong-wong mau wis bebarengan karo Panjenengané suwene 3 dina 3 bengi lan ora ana panganan. Saiki, sawisé ngrasakaké pengalaman mujijat saka Panjenengané menehi mangan wong limang ewu, para murid ora nyuwun Gusti Yésus nundhung wong akéh iku maneh, dikaya kang wis ditindakaké sadurunge, nanging para murid ngenteni sawijining sih rahmat kaélokan anyar ing kahanan kang banget mbebayani iki. Gusti Yésus ora mung maringi keselametan jiwa, nanging Panjenengané uga nggatekaké kabutuhan jasmani lan kang asipat kadonyan kita. Panjenengané karsa maringi mangan wong akéh iku nggunakaké kaélokan. Awit saka iku Panjenengané nampa sawetara roti lan iwak kang dadi duwéké para murid, lan ndadekaké sawetara roti lan iwak iku dadi akéh kanthi mengkono cukup kanggo menehi mangan wong patang ewu wong. Sang Kristus ora ngudhunaké panganan sameja kebak saka kasuwargan, nanging nampa sethithi panganan kang ana lan kepareng atas pisusung iku. Panjenengané ngaturaken kabéh iku marang keng Rama Panjenengané, ngaturaken panuwun kanthi sawutuhe, lan maringi mangan iku marang wong akéh. Panganan iku dadi akéh awit panguwasa Panjenengané, lan dadi berkah kanggo wong akéh. Apa panjenengan ngaturaken panuwun marang Gusti atas apa kang panjenengan tampa sethithhik ing urip panjenengan? Apa panjenengan lega karo prekara iku, lan ora sambat, mburu kamewahan lan rasa ayem kang asifat kadonyan? Cuwilen roti panjenengan lan aturna panuwun marang Gusti Allah, lan tansah pujinen sang Juru selamet, lan wenehané marang wong-wong kang mbutuhaké, lan panjennegan bakal kalimputan rasa eram, nalika panjenengan ndeleng kepiyé berkah saka Kang Mahaluhur ambanyu mili lumantar panjenengan marang wong akéh. Aja lali ngaturaké panuwun marang Gusti kanthi kebak kabungahan. PANDONGA: Dhuh Gusti Allah ingkang suci, Paduka apunten kirangipun iman kawula. Paduka kemawon Ingkang Maha Kuwaos ingkang saged nglegakaké kabetahan jagat menika sinaosa gunggunipun tiyang tambah lipet-lipet, lan kathahipun tiyang ingkang nganggur. Paduka wucal manungsa supados kawigatosanipun apunjer dhumateng Paduka lan mirengaken pangandikan Paduka kanthi makaten tiyang-tiyagn saged dipun beneraken lan dipun sucekaké, lan supados jendela kasuwarga saged tinarbuka, ngesokaké berkah Paduka dhumateng kawula. Kawula ngaturaken panuwun awit Paduka milujengaké kawula, lan Paduka nggatosaken kawula saben wektal ing salebetipun panggesangan kawula. Amin. PITAKONAN:
|