Waters of Life

Biblical Studies in Multiple Languages

Search in "Javanese":
Home -- Javanese -- Mark - 006 (Summary of the Title)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 1 - Cecawisan Kanggo Rawuhe Sang Kristus (Markus 1:1-13)
1. Tema lan Lambang saka Injil Markus (Markus 1:1)

e) Reringkesan Gegayutan Irah-irahan Injil Miturut Markus


Kanthi mbuka Injil iki, Markus kang dadi Penginjil lagi mbuka Suwarga, lan kanthi lima tembunge kang kawitan, dhéwéké nyethakaké marang kita sari pati lan reringkesan saka pawarta kang dilantaraké dhéwéké. Kabéh pratéla sebanjure ing sajroné Injil mung katrangan kanggo sari pati kang dicethakaké iku lan repot babagan pribadi Gusti Yésus Kristus lumantar katrangan babagan lelakon-lelakon kang bakal nuntun kang maca ngringkes babagan sipat keallahan Sang Kristus saka kasunyatan-kasunyatan sejarah.

Apa sebabé Markus mbuka Injile kanthi tembung-tembung iku kang banget ngruntikaké wong-wong Yahudi lan wong-wong Romawi?

Sang Penginjil kepengin mratélakaké marang wong-wong Yahudi kang bara ing Rum, lan marang wong kang manembah marang brahala ing laladan Rum: Lelakon-lelakon sejarah kang aku kabéh alami dhéwé iku ora mung wujud filsafat, utawa gegorohan, nanging kayekten kang nyata. Aku ora bisa nulis sawijining prakara kajaba saka apa kang bener-bener dumadi. Gusti Yésus hamenuhi jiwa kita kinanthenan tentrem rahayu lan kabungahan kang ora bisa dirumpaka ing tembung. Panjenengnae wis dadi punjering saka kabéh pikiran kita, landhesan saka iman kita, lan panguasa saka paseksén kita.

Ing sajroné tembung-tembung pambukané, Markus menehi jawaban marang wong-wong Yahudi ing Rum: wong tuwamu ora ngreti yén Gusti Yésus saka Nazaret iku Sang Mesih kang diprasetyakaké, lan wong-wong Yahudi nyedani Panjenengané tanpa wanuh sapa ta Panjenengané. Awit saka iku mratobata lan pracaya marang Panjenengané kanthi mengkono kowé bisa diselametake. Ing sajroné panemu wong-wong Yahudi, Petrus lan Markus pantes dirajam watu awit tembung iku.

Marang golongan kang manembah brahala, Sang Penginjil nulis ing sajroné pambukane: “Kabéh dewa lan brahalamu iku palsu. Kabéh iku mung ngapusi awaké dhéwé lan angenan palsu. Malah anggonmu manembah marang Sang Nata Agung dadi jejeré ilah iku banget déning nistha. Ora ana Putra Allah kajaba Gusti Yésus Kristus, utawa Gusti kang gesng kang wis wungu saka séda, kang paring dhawuh salawasé. Prekara iki bener banget lan bisa dipesthekake.”

Markus ora kepengin nyethakaké gegayutan kayekten ilahi marang para maos sithik mbaka sithik, kanthi alon-alon, nanging dhéwéké ngreti yén para maos kang asale saka kayekten bakal ngrungokaké suwara kayekten. Sinau gesange Gusti Yésus kanthi teliti, lan panjenengan bakal bisa ngrasakaké pepesthen yén Panjenengané iku pancen Gusti.

PITAKONAN:

  1. : Apa sebabé Markus Sang Penginjil mbuka Injile kanthi tembung-tembung iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 11, 2025, at 01:52 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)