Previous Lesson -- Next Lesson
d) Apa maknané tembung “Putra Allah”?
MARKUS 1:1
1 Iki wiwitané Injile Gusti Yésus Kristus, Putraning Allah..
Wong-wong Yahudi nganggep pangakon minangka Putra Allah sawijining tembung nyenyamah, lan Makamah agamané nibakaké paukuman pati marang kabéh wong kang nindakaké panyenyamah iku. Makamah agama iku bakal nyekel wong kang nyenyamah iku, lan ngrajam ana ing njaban tembok kutha, supaya bebendune Allah ora tumurun atas wong-wong mau. Wiwit jaman biyén, golongan Semit pracaya yén Gusti Allah iku esa lan ora ana kang madhani utawa ilah liyané ing ngarsa Panjenengané (Pangentasan 20:2; Pangandharing Torat 6:4-5)
Prelu dicatet yén wong-wong kang urip ing jaman prejanjian kang lawas iku ora nampik pameca yén bangsané dhéwé, utawa kala-kala ratuné, utawa Sang Kristus kang bakal rawuh iku putra-putra Allah ing sajroné makna pengangkatan anak. Nanging wong-wong mau babar pisan ora tau nganggep yén pratéla iku ngarah marang kelairan kasukman saka Gusti Allah, lan wong-wong mau tetap pracaya yén Kang Maha Luhur iku esa lan ora ana kang padha kanggo Panjenengané (Pengeluaran 4:22; Hosea 11:1; Jabur 89:28; 2 Samuel 7:14, 4; Ezra 7:28).
Kosok baliné, kita ndeleng yén wong-wong Yunani lan Romawi kuno iku pracaya politheistis. Wong-wong mau manembah ilah kang akéh, dewa lanang lan wadon, lan roh-roh kang raben ing ngirabenan, duwé anak-anak, perang antarané siji lan sijiné, nresnani lan senget marang kang liyane. Rong ewu tahun kang kepungkur, laladan Miderenia kapenuhan karo keyakinan lan pikiran-pikiran mangkono. Kuil-kuil gedha karo mezbeh kang ana dadi paseksén saka anggone manembah kang diwenehaké marang para dewa kang sejatine iku brahala. Wong-wong mau ora mbédakaké antarané roh-roh ala karo Allah kang suci, lan manembah kabéh roh tanpa ora ana kang disembah.
Petrus lan Markus banget déning kendel ing sajroné lumawan kaprecayan marang dewa kang akéh ing Rum, lan ngandhakaké yén mung ana siji Allah kang kagungan Putra Tunggal kan dilairaké saka Sang Rama sadurunge ana mangsa-mangsa. Dikaya Sabda dilahiraké saka lambéne manungsa lan isih dadi pérangan saka manungsa iku dhéwé, mengkono uga Putra Allah kang langgeng dilahiraké secara roh, lan ora ing sajroné daging, sadurunge ana mangsa-mangsa. Kelairan Gusti Yésus ing Betlehem ora kelairan Panjenengané kang sabenere. Kelairan iku mung lelakon nalika Panjenengané dadi manungsa kanggo kita. Kelairan Panjenengané kang sabenere dumadi secara kasukman sadurunge mangsa jagat raya tinitahake. Ya iki sebabé kabéh wong Kristen ngakoni yén Panjenengané iku Allah saka Allah, Padhang saka Padhang, Allah sejati saka Allah kang sejati, diputrakaké lan ora dititahaké, sederajat hakikatnya karo Sang Rama.
Ora ana kang mokal tumrape Gusti Allah. Ora ana kang bisa nyegah Gusti Allah kagungan putra manawa Panjenengané ngersakake. Manungsa tundhuk marang kamardikan Allah minangka watesané, nalika manungsa ngakoni Gusti Allah iku esa. Lan pancen, Gusti Allah luwih agung tinimbang karo pikirané manungsa.
Anané Putra Allah minangka jejeré manungsa dumadi kanthi cara dikaya kang dingandikaaké déning malaikat Gabriel marang perawan Maryam, “Roh Suci bakal nedhaki kowé, sarta kuwasané Kang Mahaluhur bakal ngayomi kowé; mulané Putra kang bakal miyos iku bakal kasebut suci, Putraning Allah” (Lukas 1:35). Maryam goreh krungu tembung iku, nanging Maryam pracaya marang pangandikan Gustine. Ing sajroné Yésus roh ilahi iku ngalahaké hakikat kamanungsan lan tansah ngendaline Panjenengané. Awit saka iku, Panjenengané tetep ana ing sajroné kahanan suci lan ora dosa.
Kaanané Putra Allah babar pisan ora ateges anané Politeisme, awit kita ngakoni pracaya marang kamanunggalan kang wutuh antarané Allah Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci. Nanging, wadi katelune iku siji, mung bisa dimangreteni déning wong-wong pracaya sawise Panjenengané dilairaké ing sajroné roh lan kayekten. Lagi ing wektu iku manungsa bisa mangreti yén Gusti Allah iku katresnan, lan kamanunggalan saka telu pribadi ilahi iku salawas-lawasé, ora bisa ditakokaké lan sempurna. Katelu pribadi iku, secara kalanggengan kacancang ing sajroné cancangan “katresnan” kang sempurna. Sing sapa ora duwé katresnan ora bakal bisa wanuh Gusti Allah.
Sang Kristus piyambak, mratélakaké kamanunggalan Panjenengané karo Sang Rama marang wong-wong pracaya kanthi cara kang béda, dikantheni patrap andhap asor kang ngédab-édabi kanthi ngandika: “Satemen-temene pituturKu ing kowé: Sang Putra ora bisa nindakaké apa-apa saka awaké dhéwé, manawa Panjenengané ora weruh kang katindakaké déning Sang Rama. Sabab apa kang katindakaké déning Sang Rama, iku uga katindakaké déning Sang Putra. Sabab Sang Rama ngasihi Sang Putra sarta Panjenengané nedahaké sabarang kang ditindakaké piyambak marang Sang Putra iku. Malah Panjenengané iya bakal nedahaké marang Kang Putra pandamel kang luwih agung maneh katimbang karo iku supaya kowé padha gumuna. Awit padha kaya Sang Rama anggone nangekaké lan nguripaké wong kang padha mati, mangkono uga Sang Putra iya nguripaké sok wonga kang dikarsakake. Dene Sang Rama ora ngadili sapa bae , nanging pangandilan iku wus dipasrahaké marang Sang Putra, supaya kabéh wong padha ngurmatana marang Sang Putra kayadene anggone ngurmati marang Sang Rama. Sing sapa ora ngurmati marang Sang Putra, iku ura ora ngurmati marang Sang Rama kang ngutus Panjenengané” (Yokanan 5:19-23).
Sawise pratéla gegayutan kamanunggalan Sang Kristus karo Sang Rama kang ana sambung rapete ing sajroné apa kang ditindakaké Panjenengnae, kita uga maca pangakon Gusti Yésus gegayutan kamanunggalan Panjenengané karo Gusti Allah ing sajroné panguwasa lan hakikat, “Samubarang kabéh wus kapasrahaké marang Aku déning Ramaku, lan ora ana wong kang sumurup marang Sang Putra, aliya Sang Rama, lan ora ana wong kang sumurep marang Sang Rama, aliya Sang Putra lan wong kang wus jinatenan saka karsané Sang Putra. He, para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrenea, Aku bakal gawé ayemmu” (Matius 11:27-28)
Ing antarané para sekabat Panjenengané, Gusti Yésus mratélakaké kamanunggalan Panjenengané kang wutuh karo Sang Rama, lan kanthi ngandikaake: “Aku lan Sang Rama iku siji” (Yokanan 10:30). Panjenengané ngandika marang Salah siji sekabat Panjenengnae, “Apa kowé ora ngandel yén Aku iki ana ing Sang Rama lan Sang Rama ana ing Aku? Apa kang Daktuturaké marang kowé iku, ora Dakucapaké saka karepKu dhéwé, nanging Sang Rama, kang dumunung ana ing Aku, Panjenengané iku kang nindakaké pandamele. Padha ngandela marang Aku, yén Aku ana ing Sang Rama lan Sang Rama ana ing Aku; utawa saora-orané, padha ngandela, marga saka pandamel-pandamel iku”(Yokanan 14:10-11).
Atas landhesan kabéh pangakon alandhesan kitab Suci iku, panjenengan bisa ndeleng Gusti Yésus kagungan hak ngandika, “Sing sapa wus ndeleng Aku, iku wus ndeleng Sang Rama; kapriye dene kowé kandha: Kawula muga sami Paduka tedahi Sang Rama?” (Yohanes 14:9).
Kayafas, Imam Agung wong-wong Yahudi, kang dadi salah siji anggota saka golongan pemimpin lan pengadilan agama kang dhuwur dhéwé ing antara bangsa yahudi (sanhedrin) ing jaman Gusti Yésus, ngadeg ing ngarepan sidang kang lagi ngadhili Gusti Yésus, lan menehi pitakonan kang banget njlomprongaké, “Demi Allah kang gesang kandhaa marang aku kabéh, Kowé iku apa Sang Kristus, Putraning Allah, apa dudu?” (Matius 26:63). Awit Gusti Yésus ora mbantah pratéla iki, lan malah sebanjure mbuktekaké, lan nyethakaké kaanané kang duwé sipat keallahan Panjenengané, wong-wong iku dadi banget nesu banget lan mutusaké supaya Gusti Yésus disédani. Awit saka iku, Gusti Yésus ditibani paukuman mati awit Panjenengané mratélakaké sarira Panjenengané ngaku Putra Allah. Banjur kepiyé kok bisa 2000 tahun sebanjure ana wong kang kandha yén Gusti Yésus ora tau ngakoni manawa Panjenengané iku Putra Allah? Wong-wong kang ora pracaya iku ora wanuh hakikat Gusti Yésus Kristus kang kasunyatané yaiku Putra saka Allah kang suci.
PANDONGA: Kawula manembah Paduka, Putra Allah kang kebak rahmat, lan muja Paduka dhuh Rama ingkang Suci, awit Paduka sampun mratélakaken sarira Paduka lumantar Putra Paduka Yésus, nanging pikiran kawula ingkang cethek menika ingkang adamel kawula mboten saged mangertos kayekten Paduka. Padhangi pikiran kawula déning Sang Roh Suci Paduka kanthi makaten kawula saged pikantuk pepadhang lan wanuh Paduka kados dene wontenipun: Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh suci ingkang sawetahipun satunggal ing salebeting cancangan katresnan, ingkang maringi gesang dhumateng kawula lan andadosaken kawula dadi para putra Paduka lumantar sih rahmat Paduka. Amin.
PITAKONAN:
- Apa ta kang dadi watonan-watonan utama ing sajroné pratéla “Putra Allah”?