Previous Lesson -- Next Lesson
2. Anggone leladi Yokanan Pembaptis ing Ngare Yordan (Markus 1:2-8)
MARKUS 1:2-8
2 Kaya kang wis katulisan ing kitabe Nabi Yesaya: “Lah, ingsun dhawuh marang utusaningSun, supaya ndisiki Sira, iku bakal nyawisaké dalanira; 3 ana swaraning wong kang nguwuh-uwuh ana ing ara-ara samun: Padha nyawisna margining Pangeran, lencengna lurung-lurunge.” 4 Kaya mangkono anggone Nabi Yokanan Pambaptis rawuh ing ara-ara sampun lan nguwuh-uwuh: “Padha mratobata lan padha kabaptisa, temah Gusti Allah bakal ngapura dosamu.” 5 Wong-wong saka ing wewengkon Yudea lan kabéh kang manggon ing kutha Yérusalem, padha mrono sarta padha dibaptisi kalawan ngakoni sakéhing dosané, ana ing bengawan Yarden. 6 Nabi Yokanan ngagem jubah wulu unta lan paningset walulang, dene kang kadhahar walang karo madu alas. 7 Yaiku kang kawartakaké mangkene: “Sawise aku bakal rawuh kang panguwaose ngluwihi aku. Bok tumungkul nguculi taline sepatune bae aku ora pantes. 8 Aku mbaptis kowé nganggo banyu, nanging Panjenengané bakal mbaptis kowé kalawan Roh Suci”
Ing jaman saiki iki para ingsinyur mbangun dalan kang jembar nglewati ara-ara samun lan rawa-rawa. Para insinyur mbangun kreteg ing antarané ngare lan kali-kali, nanging wong-wong mau ora bisa mbangun sesambungan antarané manungsa karo Gusti Allah. Apa panjenengan kersa supaya Gusti Allah piyambak kang mbangun dalan kang bener ing ati panjenengan, keluwarga, lan para mitra panjenengan? Apa panjenengan cemawis nyaritakaké marang wong-wong liya sesambungan pakaryané Gusti lan anggone Gusti bakal rawuh kang ora suwe maneh, kanthi mangkono uga bisa nyawisaké awaké lan nampani Panjenengané?
Akéh wong kang mbudidaya dadi tuntunan lan pemimpin misuwur kanthi nulis buku utawa dadi penyiar, nanging mung sethithik kang bener-bener ditimbali Gusti Allah. Suwarané wong-wong mau kothong lan ora ana ajine. Nanging, Yokanan Pambaptis yaiku utusan Sang Kristus. Panjenengané ngadeg ing sajroné panguwasané Sang Roh Suci, lan Gustine maringi pangandikané saka Nabi Yesaya ing sajroné cangkeme. Kanthi pangandikan iku, dhéwéké nembus ati wong akheh, mratélakaké dosa-dosané, lan ndeleng ing ara-ara samun sawijining conto gegayutan jiwa-jiwa kang wis mati kang banget mbutuhaké siraman rahmat Allah.
Yokanan Pembaptis martakaké babagan pamratobat kang sejati, wong iki nyethakaké marang wong-wong kang ngrungokaké babagan prelune ngrubah pikiran, ngrubah ati lan nganyaraké urip, yén wong-wong kudu ngakoni dosa-dosané, lan nampik awaké dhéwé sawise wong-wong mau dibaptis ing kali Yarden. Anggone ngakoni dosa ing ngarsané umum iki yaiku tanda diremuk rasa gumunggunge, lan baptisan dadi lambang panyucen nganggo banyu, lan lambang matine manungsa lawas kanthi kabéh apa kang ditindakake.
Apa panjenengan pirsa yén kabéh manungsa, kalebu panjenengan, mbutuhaké pangapura lan panyucen kang sempurna? Awit saka iku, akoni dosa-dosa panjenengan ing ngarsané Gusti, lan mbuka awaké panjenengan marang Panjenengané karo setya.
Yokanan Pembaptis mratélakaké pangapura dosa ing sajroné asma Allah, lan ing sajroné panguwasa Sang Roh Suci, kanggo nyawisaké dalan kanggo rawuhe Sang Kristus, lan ewon wong mratobat kanthi ati kang remuk ing ngarsané Kang Mahasuci. Nanging, Yokanan Pembaptis pirsa ing sajroné atine yén pamratobat, pangakon dosa, banyu baptisan, lan tembung-tembung pangapura ora cukup kanggo gawé owah-owahan kang malik grembyang ing sajroné panguripané manungsa, awit mung Sang Roh suci kang bisa nglipur ati lan nganyaraké manungsa. Awit saka iku Gusti Allah mratelaké marang Nabi kang seneng ndedonga iki yén Sang Kristus bakal rawuh énggal-énggal kanggo menehi ati kang anyar marang wong-wong kang mratobat, lan mbaptisaké wong-wong kanthi Sang Roh suci. Yokanan Priyayi kang tapa brata iku gemeter nalika mikiraké bakal pateman pribadi karo Sang Putra Allah, awit wong iku eling yén wong iku ora pantes kanggo tumungkul lan mbukak tali sepatune saka Panjenengané kang bakal rawuh, awit ora ana kang bener kajawa Gusti Allah piyambak.
Rancangan kang asipat keallahan yaiku kanggo ngalimputi wong-wong dosa kang wis mratobat iku kanthi Sang Roh Katresnan. Nanging, ora ana manungsa kang bisa nampa Sang Roh iku manawa ora lumantar cancangan iman marang Sang Kristus kang bebarengan kanthi Rama Panjenengané, dadi sumber saka Sang Roh kang kebak berkah iki. Awit saka iku, Sowana marang Sang Kristus, akoni dosa-dosa panjenengan lan duwé tekad kanggo ninggalaké dosa-dosa iku sawutuhe kanthi mangkono Panjenengané bakal ngapure dosa-dosa Panjenengané, lan ngalimputi panjenengan kanthi Sang Roh kang becik lan murni iki. Panjenengané kang nimbali panjenengan yaiku setya, Panjenengané uga bakal ngganepi apa kang ditulis manawa panjenengan sowan marang Panjenengané.
PANDONGA: Dhuh Rama kasuwargan, kawula ngaturaké panuwun awit Paduka sampun ngutus Sang Pambaptis supaya nyawisaké dalan kanggo Putra Paduka. Tuntun kawula ing sajroné pamratobat kang tulus lumantar tuntunan Sang Roh Suci Paduka, kanthi makaten kawula saged mangertos dosa-dosa kawula lumantar pepajar Paduka, ngakeni sadayanipun kanthi jujur, nilaraké sadaya kanthi panguwaos Paduka, lan sengit dosa-dosa menika, mila kanthi iman, kawula saged nampi pangapunten dosa ingkang sempurna lumantar rah Putra Ontang-anting Paduka, lan disucekaken ugi kalimputan kaliyan sang Roh Suci Paduka sesarengan kaliyan sadaya tiyang ingkang ngorong katresnan Paduka, ing saindhenging jagat menika. Amin.
PITAKONAN:
- Apa ta isi lan tujuwan saka pawarta kang dilantaraké déning Yokanan pambatis?